Kaca:Panjurung.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Aku nedha trima ya, matur nuwun awit kowe nyukupake karepotanku. Ning dientekake Ka wedange kuwi.”

“Nggih, matur nuwun.”

Matur kaya mengkono mau Darma banjur nyekel gelas nuli diombe, glegeg, glegeg, nganti entek sakal. Tan mangu-mangu Darma mundur, lunga sumedya nerusake laku.

Tenan. Dina candhake para sedulur kang asung pambiyantu wis padha mlumpuk udakara jam wolu esuk. Sejatine dina kuwi mung kari mbacutake, jalaran olehe ngedegake omah wis kawiwitan pirang-pirang minggu kapungkur. Mandheg sedhela jalaran kentekan wragad kanggo tuku saperangan gentheng lan piranti liyane kang kurang. Sawise ngunjuk lan dhahar nyamikan, kabeh tumuli tumandang manut kabisane dhewe- dhewe. Pating grobyag, pating glodhag, pating plethok swara palu nuthuk kayu, nuthuk paku, uga swara guyon mbarengi anggone tumandan g, nganti ora krasa wis wayahe mangan awan. Sawise padha mangan lan ngaso sawetara banjur nutukake nganti lingsir raina. Gentheng wis tumumpang, rata, mung wae temboke pancen durung brukut. Gandheng wis sore banjur padha laut, dibacutake sesuk.

Wayahe mangan bengi, bebarengan, thukul gagasanku kepingin turu ana ing omah anyar. Mula aku njur kandha marang kakang. Krungu kandhaku mau kabeh padha omong saur manuk sajak kaget, Kanthi gunem Kang Parlan menggak, “Huss, aja Met! Aja kuwanen!”

“Priye ta, Kang?”

“Dhik Slamet, kene ki isih akeh macan,” kandhane mBakyu.

“Ah... mBakyu ki meden-medeni.”

“Bener Met, mBakyumu ora meden-medeni. Tenane ki ngapa? Suwene ora ana apa-apa, kok njur kowe duwe kekarepan dadakan?”

“Kadereng rasa selak kepingin nuroni.”

“Yen mung kepingin nuroni, bok ya sesuk wae yen wis brukut temenan, lawang cendhela rapet. Bakale kang ngenggoni rak ya kowe ta, Met?”

“Ora ming kepingin nuroni thok, anggonku kumudu-kudu turu kana saiki kuwi kanggo prihatin, ngalap berkah, supaya E tembe omah kuwi dadi papan kang nentremake An sing Da DEEUn

“Rak ya yen wis slametan.”

55