Kaca:Panjurung.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Wayahe byar esuk, surya abang sumbirat wiwit cumlorot saka wetan. Aku isih lemes. Krengeh-krengeh aku mbudidaya amrih bisa tangi sakuwatku. Meksa durung bisa tangi, alon-alon lungguh. Daksawang- sawang jebul sarungku nyanthol pang uwit kang putung, nuli dakuwali panyanthole. Iya iki kang njalari aku bisa luwar saka pangruketing macan. Adhuh Gusti matur nuwun! Nadyan sarung bisa tetulung, awakku isih ndhredheg. Dakkuwat-kuwatake aku bisa ngadeg, isih wedi. Arep mulih durung wani, lali dalane. Aja-aja, macane mrene meneh. nDilalah kersane Allah, kupingku kok kaya krungu swara supaya aku menek wit. Tenan, aku menek sakuwatku, malah bisa tekan dhuwur nganti mencit, Ora let suwe macane teka meneh, malah saya akeh, telu cacahe. Mider-mider sakiwa tengene wit sing dakpeneki, mesthi mburu aku. Nganti suwe banget, aku mung wani nyawang saka ndhuwur lungguh pang, karo nyenyuwun muga-muga macane enggal-enggal lunga.

Sanadyan aku nandhang lungkrah lan miris kaya mengkene, aku isih eling manawa senthire mesthi isih murub. Kamangka tilas tapake sikil macan mesthi uga katon cetha ing jogan. Yen nganti awan ngene iki aku tetep ana pang wit kene, aku yakin Kang Parlan sakulawarga dadi bingung, Nanging banjur kepriye? Wong aku diburu macan telu ngene. Sawetara wektu, ben wae dheweke kabeh duwe panemu dhewe-dhewe mbedhe lan ngentha-entha nasibku.

57