Kaca:Panjurung.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ooo, 1

Aku mung mlongo gumun, durung entek gumunku kesusu mbakyu nyusuli gunem, “Dhik kowe mlaku apa ngepit?”

“Numpak pit.”

“Lha, endi pite?”

“Kae daksendhekake neng pager.”

“Gawanku dakjupuke, banjur gawanen mulih dhisik!”

“mBakyu?”

“Aku mengko, arep mampir menyang sawah kidul kana, methik kacang gleyor kanggo njangan sebab neng pasar pas ora ana wong dodol kacang gleyor.”

ahi

“Sajak ana sing dipikir? mangsuli yah kok karo ndomblong.”

“Kacang, anu kacang gleyor?”

“Ooo...kacang gleyor kuwi padha karo kacang lanjaran, kacang panjang.”

“Wah, iya ta? Lagi saiki aku ngerti.”

“Lho, kuwi jeneng asli saka padhesan, mosok Dhik Slamet durung ngerti. Rada diakehi srawunge, Dhik!”

“Ngece ... biasane sing dakngerteni kacang lanjaran.”

“Ya wis kana Dhik Slamet balia dhisik!”

Sawise gawan blanjan dijupuk, diwenehake aku, banjur daktumpangake boncengan pit, dakrut kenceng, saperangan cumanthol aneng setang. Candhake pit daktumpaki alon-alon salaras karo gawan kang pancen abot temenan. Mungguh sida mbakyu sing nggawa dhewe kanthi nggendhong mendah kesele tur mesthi menggeh-menggeh.

Sawetara lakuku, ora krasa wis tekan ngarep omah. Gage-gage kakang methukake lakuku, banjur miwiti takon, “Kok ora bareng mBakyumu?”

“Ora, Kang, aku dikon mulih dhisik.”

“Lha' iya, apa ora bisa mboncengake marga gawane akeh?”

“Ora, mBakyu mampir nyang sawah kidul, perlune golek kacang greyol.”

Sinambi ngrungokake wangsulanku, kakang ngrewangi nggujengi pit. Aku nguculi tali, nuli gawan dakgawa mlebu ngomah, kakang genti

53