Menyang kontèn

Reformasi (Akhir Luso No)

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 153 ]REFORMASI Akhir Luso No

Datan sinipatan tumekaning prahara. Rinasa banjir bandhang kang nrajang tanpa wara-wara, Kahanan sakal dadi peteng. Swasana ribet nambah ruwet. Siti mumet, Pikirane cunthel. Mripat kembeng-kembeng. Eluh sing pating prenthul ing matane isih kongang binendhung. Amung atine njontung kacampur rasa ndhongkol. Geneya ora? Pangimpen endah sing wis klakon kaenam sasuwening patang taun punthes-thes. Kababat dening kahanan. Sing ana mung tunggak mati. Apa bakal semi?

Wancine bengi. Udakara jam setengah sepuluh. Siti Amidah durung bisa ngeremake mripat. Rasa ngantuke klakon kentas dening pangrasa ing atine sing judheg. Angin njaba mlebu omah, nrabas cendela njalari hawa adem.

“Ndhuk...!” swarane Bu Dirjo mecah wengi.

Siti Amidah njenggirat, kaget. Ngerti-ngerti Bu Dirjo wis ana cedhake. Swasana sawetara nyenyet. Bu Dirjo, isih mangu-mangu. Ngadeg sinambi nyangking taplak meja kang lagi rampung disetlika. Taplak diselehke aneng meja sisihe, nuli astane nyandhak rambute Siti. Diaras kebak rasa pangemong. Pasuryane edhum, kebak rasa sih katresnan agawe tentrem.

“Wis Ndhuk, kabeh wis keduwung. Tan bisa mung ditangisi. Senajanta awakmu mangis, pacanganmu ora bakal bali maneh. Pasrah wae marang Gusti. Kabeh iki rak wis diatur. Kita manungsa amung bisa ngupadi. Ihtiyar. Kasil lan orane gumantung...”

“Nanging, Bu...tega tenan Mas Pras marang aku. Marang keluwargane dhewe! Lan marang janji lan sumpahe? Apa janji lan sumpah sing wis katancepake ing atiku amung lamis? Uhhh...!” :

“Wis ta Ndhuk, rasah werna-werna sing dipikir. Ibu kuwatir marang kasarasanmu. Wis mengko mundhak lara. Iki wis lingsir. Ora apik yen kurang turu. Turu ya!”

Siti unjal ambegan. Prentahe Ibune dituruti. Ditinggal ruang tamu sing kawit mau dienggo nglamun. Nuli mlebu kamar banjur dikunci. Klek!

153 [ 154 ]ma

Ing njeron kamar pranyata Siti angel ngeremake mripat. Nganti dipeksa nanging ora kasil. Siti judheg. Ngadeg ora jenak, lungguh ora kepenak. Apa maneh turu, mokal isane.

Ing satengahing rasa goreh sing ngejur-ejur atine, tan kanyana prastawa telung dina kawuri ngosik pikir. Siti kelingan kedadeyan kawitan sing njalari sesambungane karo pacangane ora semanak, kepara bisa sinebut kaya dene layangan pedhot. Kumleyang tanpa jlantra.

Prasetya Utama, priya bagus sing konggah narik kawigatene Siti. Priya sing bisa nelungake kembang mawar desa Balongan. Uga minangka mahasiswa salah sawijining perguruan tinggi kondhang ing kutha Yogya. Solah bawa klawan tindak tanduke winawas sreg. Tan keladuk. Ngerti unggah-ungguh, bisa ngetrapake empan-papan. Mula ya ora jeneng mokal yenrikala keluargane Prasetya nglamar, tinampa kanthi semanak, Malah kepara yen perlu anggone ngesahke ing naibpan disengkake.

Rikala semana wancine isih sore uda kara jam setengah pitu bengi. Dinane Setu, Prasetya wis lungguh ana ruang tamu dhewekan, amung dikancani secangkir wedang lan sithik nyamikan. Siti isih ana kamar mandi, adus ngono manut katrangan saka Ibune. Ora gantalan wektu, sarampunging macak nuli age-age Siti nemoni pacangane. Kanthi pasuryan sing sumringah, kebak kabagyan. Kaya adat saben, sawise clingak-clinguk mengiwa lan manengen ora katon Bapak lan Ibune, banjur mak...pleg! Pipine Prasetya dadi sasaran. Pipi kiwa lan tengen, disun. Prasetya mung meneng awit wis jeneng biasa.

“Aku kangen Mas! Panjenengan...?”

“Hmm...!”

“Lho kok mung hmm, piye ta, Mas?”

“Iya. .iya!”

“Nha..rak ngono! Aku dadi lega! Sorry Mas rada suwe.” Siti nuli lungguh ana sandhinge Pras. Mepet! Sawise mepit banget banjur nyelehake sirah ing pundhake Prasetya.

“Metu pa, Mas, tuku sate. Aku mau diparingi dhuwit luwih Ibu, dadi aja sumelang. Aku sing nraktir!”

“Hhhh!”

“Piye Mas, oke ta?”

Pras isih tetep meneng! Tekan semono Siti ora nduweni rasa

154 [ 155 ]cubriya. Mula pasuryane ya-ora panggah. Malah Siti tansah nggodhani Prasetya. Sithik-sithik njiwit, Sing dijiwit mung ngulet karo bekah-bekuh, Nanging suwening suwe Siti ya rada nyipati kekasihe anggone nanggepi gunemane ora kaya adat saben, Mula banjur...

“Mas...tenane ana apa ta?”

Prasetya unjal ambegan landhung! Njupuk rokok salencer, banjur diudut. Ora gantalan wektu wis kumebul. Sumebar, mubra-mubra araning kukus, ngebaki ruang tamu.

“Masss...,” Siti cluluk maneh,

Amung tekan semono.

“Lhoo...kok mung em! Em...piye? Ana apa ta, Mas? Ngendika wae ta! Mas Pras iki lho, lha wong wis bareng patang taun suwene kok isih kaya ngono. Biasane ora. Ngendikane wong yen pacaran kuwi kudu terbuka, ora ana rahasia-rahasianan. Ana apa wae kudu diandharake. Apa meneh awake dhewe iki rak wis tunangan ta, Mas. Yen isih ana sing ditutup-tutupi kuwi ateges aneh, ta?”

Kanggone Prasetya pancene katon angel anggone arep ngomong. Katilik saka anggone megeng napas lan sedela-sedela diuncalake kuwi.

“Anu Dhik... aku arep ngomong. Ning tak jaluk aja kaget, apa meneh banjur nesu!”

“Ahh...aneh, njenengan niku lho, Mas, lagi sepisan iki aku mrangguli Mas Pras aneh banget. Ana apa, ta?”

“Ning tenan ora nesu! Janji lho!”

“Hem. janji barang? Edan! Panjenengan ki wis edan pa, Mas?”

“Ora, aku mung wedi yen Dhik Siti nesu marang aku. Yen nesu Laki, ”

“Wis ta, Mas, ndang ngomong wae. Selak ora sranta aku. Paling-paling mung arep njaluk sing ora-ora ta, kaya adat saben?"

“Ora! Ora tenan Dhik yen sore iki!”

“Lha njur? Ahh ngedheg-dhegi wae, lho” ;

“Anu...em...anu...kuwi Iho em... apa dhik Siti ngerti apa sing diarani reformasi?”

“Alah, njur panganan apa kuwi?”

“Ngawur, kuwi dudu panganan!”

155 [ 156 ]Tekan semono wong sakloron isih padha guyon lan jiwit-jiwitan.

“Reformasi, kuwi tegese gawe kahanan luwih becik tinimbang sadurunge.”

“Lha terus apa gegayutane reformasi karo aku, aku ora duwe urusan karo sing mbok omongne kuwi.”

“Ana Dhik. Ana, mulane aku pengin omong-omong bab iki.”

“Ahh males, Mas, bok wis ngancani aku tuku sate wae!”

“Ora Dhik. Dhik Siti mengko rak bakal mengerteni, kenapa aku kepengin banget omong bab reformasi.”

Sidane Siti kendho. Anggone arep tuku sate dibatalke. Dheweke luwih ngeboti apa sing arep diomongake Prasetya, pacangane. Lan tneneh dheweke trima ngalahi, wedi yen calon sisihane kuciwa.

“Dhik... ana kutha, sing jenenge reformasi kuwi wis dimangerteni sakabehing wong. Saka bocah cilik tekan wong tuwa. Kabeh kenal reformasi. Nhaaa.. reformasi mau tegese ndandani samubarang kalir sing elek dadi luwih becik. Contone bab sing paling akeh dirembug yakuwi masalah KKN. Korupsi, Kolusi lan Nepotisme! Masalah KKN iki perlu dibrantas, dibabat lan disikat nganti resik!”

Alise Siti munggah mudhun. Bathuke mengkerut, krungu tembung-tembung sing aneh lan lagi sepisan dirungu. Pikirane kebak pitakonan banjur apa meneh KKN kuwi?

“Korupsi, Kolusi lan Nepotisme kuwi tumindak sing banget nyengsarakake lan ngrugekake rakyat cilik. Kayadene nekek gulune wong cilik. Kayata petani, tukang becak, tukang resik-resik, pemulung lan sakpanunggalane. Mula kabeh wae, sapa wae, ora preduli Presiden, Gubernur, Bupati, Camat, Lurah, Pamong Desa, RW lan RT sing nindhakake KKN kudu dibrastha. Dikon mudhun saka jabatane. Ing jaman reformasi iki mula akeh pejabat sing dituntut mudhun saka kelungguhane!”

“Terus kena pa Mas Pras kudu ngomongne bab iki marang aku? Ana gandheng cenenge apa? Rak ora ana tuwase ta, Mas?”

“Ngene Dhik, sekawit mula aku abot ngomong. Aku wedi yen kowe nesu kepara malah mbubrah sesambungan antarane aku lan Dhik Siti!”

“Lho...kok...kok...!”

Siti sajak gugup krungu, amung merga reformasi wae bisa agawe

156

k [ 157 ]Bagal anggone arep bebojoan. Pikirane durung nyandhak.

“Ora usah gugup. Ora usah kuwatir, amarga senajan ana pepalang kaya-ngapa wae yen Gusti isih ngidini aku lan kowe mlaku bareng, ya Ora bakal pisah!”

Siti banjur ngrungket Prasetya siset banget. Fluhe kodal metu, Dleweran nelesi pipi. Atine kumlesar, krungu tembung kang paling pungkasan diucapake Prasetya.

“Wis ora sah nangis. Dakterusrie ya anggonku omong?”

Siti nuli ngeculake pangrungkete.

“Mangertiya, miturut ombyaking swara sing daktampa saka para sanak kadang lan kanca-kancaku uga tak cocogake data-data sing ana...emmm!”

“Ana apa, Mas.,.?”

tuwamu...! Mula yen sesuk ana surak panjaluk saka rakyat Balongan Supaya Bapakmu lengser saka jabatan Lurah Balongan aja kaget! MmBokmenawa kabeh iki minangka srana kanggo njejegake bener!”

“Masss!” Siti Amidah njenggirat. Kaget, tan krasa tangane Nyenggol gelas. Kawusanane gawe swara sora. Mak krompyang! Gelas Pecah dadi sewalang-walang.

“Negk...ngk....Mas Pras tega temenan panjenengan marang keluwargaku. Kena apa kowe sing dakangkah dadi sisihanku malah nj uwing-njuwing Bapak. Sing tundhone telung dina kepungkur wong sing Ngopeni aku dadi korban, Ditudingi, dipledhingi, diidoni lan diwirang-wiran; gake dening masarakat sing maune tansah manut marang Bapak! Kabeh malik 180 drajat. Mas Prasetya, senajan ta panjenengan Ora ana ngarep, jebul Mas Pras dadi pengarep. Mas Pras pranyata sing Ngatur kabeh. Tega temen panjenengan ngompori para mudha Balongan Supaya mirang-mirangake Bapak! Kaya-kaya awakmu ora duwe dosa! Dhuh Gusti kawula nyuwun pitulungan. Lajeng kados pundi sesambungan kula? Punapa kedah kula lajengaken? Kula boten kiyat nampi pacoban menika!”

157 [ 158 ]7 Bengi terus lumaku. Siti Amidah kentekan eluh. Ambruk, tan | kelingan apa sing kudu tinindakake sabanjure! Pak Dirjo dhewe ana b tahanan, dadi dakwan prekara Ko ]

158