Kaca:Panjurung.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Tekan semono wong sakloron isih padha guyon lan jiwit-jiwitan.

“Reformasi, kuwi tegese gawe kahanan luwih becik tinimbang sadurunge.”

“Lha terus apa gegayutane reformasi karo aku, aku ora duwe urusan karo sing mbok omongne kuwi.”

“Ana Dhik. Ana, mulane aku pengin omong-omong bab iki.”

“Ahh males, Mas, bok wis ngancani aku tuku sate wae!”

“Ora Dhik. Dhik Siti mengko rak bakal mengerteni, kenapa aku kepengin banget omong bab reformasi.”

Sidane Siti kendho. Anggone arep tuku sate dibatalke. Dheweke luwih ngeboti apa sing arep diomongake Prasetya, pacangane. Lan tneneh dheweke trima ngalahi, wedi yen calon sisihane kuciwa.

“Dhik... ana kutha, sing jenenge reformasi kuwi wis dimangerteni sakabehing wong. Saka bocah cilik tekan wong tuwa. Kabeh kenal reformasi. Nhaaa.. reformasi mau tegese ndandani samubarang kalir sing elek dadi luwih becik. Contone bab sing paling akeh dirembug yakuwi masalah KKN. Korupsi, Kolusi lan Nepotisme! Masalah KKN iki perlu dibrantas, dibabat lan disikat nganti resik!”

Alise Siti munggah mudhun. Bathuke mengkerut, krungu tembung-tembung sing aneh lan lagi sepisan dirungu. Pikirane kebak pitakonan banjur apa meneh KKN kuwi?

“Korupsi, Kolusi lan Nepotisme kuwi tumindak sing banget nyengsarakake lan ngrugekake rakyat cilik. Kayadene nekek gulune wong cilik. Kayata petani, tukang becak, tukang resik-resik, pemulung lan sakpanunggalane. Mula kabeh wae, sapa wae, ora preduli Presiden, Gubernur, Bupati, Camat, Lurah, Pamong Desa, RW lan RT sing nindhakake KKN kudu dibrastha. Dikon mudhun saka jabatane. Ing jaman reformasi iki mula akeh pejabat sing dituntut mudhun saka kelungguhane!”

“Terus kena pa Mas Pras kudu ngomongne bab iki marang aku? Ana gandheng cenenge apa? Rak ora ana tuwase ta, Mas?”

“Ngene Dhik, sekawit mula aku abot ngomong. Aku wedi yen kowe nesu kepara malah mbubrah sesambungan antarane aku lan Dhik Siti!”

“Lho...kok...kok...!”

Siti sajak gugup krungu, amung merga reformasi wae bisa agawe

156

k