Kaca:Panjurung.pdf/169

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

cubriya. Mula pasuryane ya-ora panggah. Malah Siti tansah nggodhani Prasetya. Sithik-sithik njiwit, Sing dijiwit mung ngulet karo bekah-bekuh, Nanging suwening suwe Siti ya rada nyipati kekasihe anggone nanggepi gunemane ora kaya adat saben, Mula banjur...

“Mas...tenane ana apa ta?”

Prasetya unjal ambegan landhung! Njupuk rokok salencer, banjur diudut. Ora gantalan wektu wis kumebul. Sumebar, mubra-mubra araning kukus, ngebaki ruang tamu.

“Masss...,” Siti cluluk maneh,

Amung tekan semono.

“Lhoo...kok mung em! Em...piye? Ana apa ta, Mas? Ngendika wae ta! Mas Pras iki lho, lha wong wis bareng patang taun suwene kok isih kaya ngono. Biasane ora. Ngendikane wong yen pacaran kuwi kudu terbuka, ora ana rahasia-rahasianan. Ana apa wae kudu diandharake. Apa meneh awake dhewe iki rak wis tunangan ta, Mas. Yen isih ana sing ditutup-tutupi kuwi ateges aneh, ta?”

Kanggone Prasetya pancene katon angel anggone arep ngomong. Katilik saka anggone megeng napas lan sedela-sedela diuncalake kuwi.

“Anu Dhik... aku arep ngomong. Ning tak jaluk aja kaget, apa meneh banjur nesu!”

“Ahh...aneh, njenengan niku lho, Mas, lagi sepisan iki aku mrangguli Mas Pras aneh banget. Ana apa, ta?”

“Ning tenan ora nesu! Janji lho!”

“Hem. janji barang? Edan! Panjenengan ki wis edan pa, Mas?”

“Ora, aku mung wedi yen Dhik Siti nesu marang aku. Yen nesu Laki, ”

“Wis ta, Mas, ndang ngomong wae. Selak ora sranta aku. Paling-paling mung arep njaluk sing ora-ora ta, kaya adat saben?"

“Ora! Ora tenan Dhik yen sore iki!”

“Lha njur? Ahh ngedheg-dhegi wae, lho” ;

“Anu...em...anu...kuwi Iho em... apa dhik Siti ngerti apa sing diarani reformasi?”

“Alah, njur panganan apa kuwi?”

“Ngawur, kuwi dudu panganan!”

155