Kaca:Panjurung.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ma

Ing njeron kamar pranyata Siti angel ngeremake mripat. Nganti dipeksa nanging ora kasil. Siti judheg. Ngadeg ora jenak, lungguh ora kepenak. Apa maneh turu, mokal isane.

Ing satengahing rasa goreh sing ngejur-ejur atine, tan kanyana prastawa telung dina kawuri ngosik pikir. Siti kelingan kedadeyan kawitan sing njalari sesambungane karo pacangane ora semanak, kepara bisa sinebut kaya dene layangan pedhot. Kumleyang tanpa jlantra.

Prasetya Utama, priya bagus sing konggah narik kawigatene Siti. Priya sing bisa nelungake kembang mawar desa Balongan. Uga minangka mahasiswa salah sawijining perguruan tinggi kondhang ing kutha Yogya. Solah bawa klawan tindak tanduke winawas sreg. Tan keladuk. Ngerti unggah-ungguh, bisa ngetrapake empan-papan. Mula ya ora jeneng mokal yenrikala keluargane Prasetya nglamar, tinampa kanthi semanak, Malah kepara yen perlu anggone ngesahke ing naibpan disengkake.

Rikala semana wancine isih sore uda kara jam setengah pitu bengi. Dinane Setu, Prasetya wis lungguh ana ruang tamu dhewekan, amung dikancani secangkir wedang lan sithik nyamikan. Siti isih ana kamar mandi, adus ngono manut katrangan saka Ibune. Ora gantalan wektu, sarampunging macak nuli age-age Siti nemoni pacangane. Kanthi pasuryan sing sumringah, kebak kabagyan. Kaya adat saben, sawise clingak-clinguk mengiwa lan manengen ora katon Bapak lan Ibune, banjur mak...pleg! Pipine Prasetya dadi sasaran. Pipi kiwa lan tengen, disun. Prasetya mung meneng awit wis jeneng biasa.

“Aku kangen Mas! Panjenengan...?”

“Hmm...!”

“Lho kok mung hmm, piye ta, Mas?”

“Iya. .iya!”

“Nha..rak ngono! Aku dadi lega! Sorry Mas rada suwe.” Siti nuli lungguh ana sandhinge Pras. Mepet! Sawise mepit banget banjur nyelehake sirah ing pundhake Prasetya.

“Metu pa, Mas, tuku sate. Aku mau diparingi dhuwit luwih Ibu, dadi aja sumelang. Aku sing nraktir!”

“Hhhh!”

“Piye Mas, oke ta?”

Pras isih tetep meneng! Tekan semono Siti ora nduweni rasa

154