Kaca:Panjurung.pdf/167

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

REFORMASI Akhir Luso No

Datan sinipatan tumekaning prahara. Rinasa banjir bandhang kang nrajang tanpa wara-wara, Kahanan sakal dadi peteng. Swasana ribet nambah ruwet. Siti mumet, Pikirane cunthel. Mripat kembeng-kembeng. Eluh sing pating prenthul ing matane isih kongang binendhung. Amung atine njontung kacampur rasa ndhongkol. Geneya ora? Pangimpen endah sing wis klakon kaenam sasuwening patang taun punthes-thes. Kababat dening kahanan. Sing ana mung tunggak mati. Apa bakal semi?

Wancine bengi. Udakara jam setengah sepuluh. Siti Amidah durung bisa ngeremake mripat. Rasa ngantuke klakon kentas dening pangrasa ing atine sing judheg. Angin njaba mlebu omah, nrabas cendela njalari hawa adem.

“Ndhuk...!” swarane Bu Dirjo mecah wengi.

Siti Amidah njenggirat, kaget. Ngerti-ngerti Bu Dirjo wis ana cedhake. Swasana sawetara nyenyet. Bu Dirjo, isih mangu-mangu. Ngadeg sinambi nyangking taplak meja kang lagi rampung disetlika. Taplak diselehke aneng meja sisihe, nuli astane nyandhak rambute Siti. Diaras kebak rasa pangemong. Pasuryane edhum, kebak rasa sih katresnan agawe tentrem.

“Wis Ndhuk, kabeh wis keduwung. Tan bisa mung ditangisi. Senajanta awakmu mangis, pacanganmu ora bakal bali maneh. Pasrah wae marang Gusti. Kabeh iki rak wis diatur. Kita manungsa amung bisa ngupadi. Ihtiyar. Kasil lan orane gumantung...”

“Nanging, Bu...tega tenan Mas Pras marang aku. Marang keluwargane dhewe! Lan marang janji lan sumpahe? Apa janji lan sumpah sing wis katancepake ing atiku amung lamis? Uhhh...!” :

“Wis ta Ndhuk, rasah werna-werna sing dipikir. Ibu kuwatir marang kasarasanmu. Wis mengko mundhak lara. Iki wis lingsir. Ora apik yen kurang turu. Turu ya!”

Siti unjal ambegan. Prentahe Ibune dituruti. Ditinggal ruang tamu sing kawit mau dienggo nglamun. Nuli mlebu kamar banjur dikunci. Klek!

153