Rajapati

Saka Wikisumber
[ 76 ]

13
RAJAPATI

Adam ora ngreti pira suwéné ngadeg njegreg mengkono iku, nanging ora suwé uwong-uwong tamu hotèl liyané uga nusul munggah lotèng. Sing sepisan uwong setengah tuwa, manganggo piyama biru wis lawas. Banjur nom-noman laro lanang wadon. Nitik praupané sajak sedulur, sing tuwa wadon, kenya umur-umuran rolikur ngono; sing enom isih katon bocah, apa manèh manganggo kathok cekak. Tamu sing nusul kèri dhéwé pemudha nom-noman, bregas rupané lan ora gugupan, malah kepara seneng sembranan, ndhugal. Iki mau kabèh tamu-tamu sing nginep hotèl Suralaya kono bengi kuwi.

'Wèh, rajapejah punika,' celathuné wong sing nganggo piyama biru. 'Ngatas-atos tindak-tanduk kita, sampun grusa-grusu. Langkung saé kita ngentosi pulisi rumiyin, sampun nindakaken punapa-punapa. Segawonipun sinten punika?'

Wong sing bisa guneman lancar sajaké mung piyayi piyama biru kuwi. Liya-liyané bareng weruh kaanané wong maati kang gumléthak ngisor kursi kuwi padha cep meneng kabèh. Kenya kang kasebut mau nutupi rainé lan njaluk sèndhèn adhiné. Déné adhiné, pemudha sing kathokan cekak kuwi, mung bisa kethap-kethip lan bolak-balik ngulu idu, ngilangi girisé. Pemudha bregas sijiné, sanadyan uga ketara mèlu kagèt weruh mayit gumléthak iku, sajaké ora patia maèlu. Kanggoné pemudha kuwi luwih gati ngawasaké solahé kenya mau tinimbang liyané. Dhèwèké uga ora bisa kumecap apa-apa.

Segawon kula,' wangsulané Adam kanthi rekasa.
'Langkung saé dipunsingkiraken saking ngriku.'
Sarana ngati-ati Adam narik taliné Mopi sing klèwèran. Mopi ginjal-ginjal, karepé emoh ditarik ngadoh, nanging kepeksa nurut, marga Adam ngukuhi panariké.

Ora watara suwé ana pulisi loro teka, uga sanalika munggah lotèng lan mlenggong sedhéla weruh sikil ngececeng cedhak kursi iku. Nanging pulisi sijiné énggaI éling kuwajibané, mula énggal celathu marang kancané: 'Kang Daliman! Tilpunen inspèktur Surya, kang.'
'Kowé waé, Ji. Aku tak njaga kéné,' wangsulané pulisi Daliman.
Pulisi Taji mudhun nggolèki tilpun.

[ 77 ]‘Ki sanak kabèh aja padha ngowahi barang-barang kang sumèlèh ana kéné,’ celathuné Daliman kang satemené wis ora perlu manèh, marga tamu-tamu hotêl kuwi wis padha ngreti patrapé dhéwé-dhéwé.

Ing ngisor pulisi Taji tilpun: 'Hallo, pak Surya? Anu, pak, agèn pulisi Taji lapur. Wonten rajapejah, Inggih. Wonten hotèl Sura ... Suradira, èh ... Suralaya, Ngapeman. Inggih, tiyang jaler, pak. Kirang terang punika, pak. Kita namung manggihi mayitipun. Punapa? Inggih, Inggih, dèrèng éwah kinten kula. O, inggih, inggih, mangké kula préntahaken mekaten. Sinten, pak? Handaka? O, dhétèktip Handaka? Dèrèng, pak. Inggih. Dados panjenengan tilpun piambak? Sinten, pak? Dhokter? Griya sakit inggih, pak? O, inggih, inggih. Mangké kula padosanipun nomer tilpunipun.’

Sawisé kuwi Taji banjur ngolak-alik buku notesé, nuli tilpun manèh, nerangaké marang dhokter Murtihusada ——dhokter bagian prekara kriminil—— larah-larahé kaanan hotèl. Pulisi Taji banjur munggah manèh.

‘Piyé, Ji? pitakoné Daliman.

‘Dikon ngentèni sedhéla. Pak Surya ndang rawuh karo komploté.’

‘Sapa ta?’

‘Dhétèktip Handaka. Sajroné ngentèni kéné dikon ngawas-awasi, Guneman karo wong-wong waé ora pareng.’

‘Percaya aku, Pak Surya pancèn bangsa ora gelem kèthèr lan emoh ketrucut yèn nandangi prekara kaya ngéné,' wangsulané Daliman.


Inspèktur Surya teka, nggawa bala. Kejaba pulisi-pulisi kang pinatah njaga sakiwa-tengené hotèl ——diangkah aja ngetarani—— uga dikancani piyayi nom-noman kuru, ora merbawani, nanging ngawaki.

Inspèktur Surya dhéwé wis suwé ngasta ing kepulisian babagan kriminil. Uga yuswané wis ngemping pènsiyun, nanging asmané taun kepungkur dadi kalok marga mbongkar prekara kècu ing Lawéan. Déné piyayi kuru sing ngancani kuwi wong sing kerep urun pikir marang pulisi bab miyak wadiné kadurjanan. Kanggoné tlatah Jawa-tengah asmané wis dudu wong liya manèh, ya-iku kang karan dhétèktip Handaka.

‘Ora ana sing owah iki ya?' ngendikané pak Surya wiwit mriksa. Kabèh padha ngiyani.

‘Pripun? Sinten sing meruhi dhisik?' pitakoné pak Surya nganggo basa krama andhap. Sawisé padha plingukan sedhéla, Adam énggal ngacung kaya patrapé bocah sekolah.

‘Anu, pak. Babu hotèl, èh abdi hotèl, ingkang ngonangi rumiyin. Piyambakipun jelih-jelih lajeng mandhap, semaput. Saged ugi dipunupakara tukang kebon wonten ngandhap...’ [ 78 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/90 [ 79 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/91 [ 80 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/92 [ 81 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/93 [ 82 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/94 [ 83 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/95