Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

13
RAJAPATI

Adam ora ngreti pira suwéné ngadeg njegreg mengkono iku, nanging ora suwé uwong-uwong tamu hotèl liyané uga nusul munggah lotèng. Sing sepisan uwong setengah tuwa, manganggo piyama biru wis lawas. Banjur nom-noman laro lanang wadon. Nitik praupané sajak sedulur, sing tuwa wadon, kenya umur-umuran rolikur ngono; sing enom isih katon bocah, apa manèh manganggo kathok cekak. Tamu sing nusul kèri dhéwé pemudha nom-noman, bregas rupané lan ora gugupan, malah kepara seneng sembranan, ndhugal. Iki mau kabèh tamu-tamu sing nginep hotèl Suralaya kono bengi kuwi.

'Wèh, rajapejah punika,' celathuné wong sing nganggo piyama biru. 'Ngatas-atos tindak-tanduk kita, sampun grusa-grusu. Langkung saé kita ngentosi pulisi rumiyin, sampun nindakaken punapa-punapa. Segawonipun sinten punika?'

Wong sing bisa guneman lancar sajaké mung piyayi piyama biru kuwi. Liya-liyané bareng weruh kaanané wong maati kang gumléthak ngisor kursi kuwi padha cep meneng kabèh. Kenya kang kasebut mau nutupi rainé lan njaluk sèndhèn adhiné. Déné adhiné, pemudha sing kathokan cekak kuwi, mung bisa kethap-kethip lan bolak-balik ngulu idu, ngilangi girisé. Pemudha bregas sijiné, sanadyan uga ketara mèlu kagèt weruh mayit gumléthak iku, sajaké ora patia maèlu. Kanggoné pemudha kuwi luwih gati ngawasaké solahé kenya mau tinimbang liyané. Dhèwèké uga ora bisa kumecap apa-apa.

Segawon kula,' wangsulané Adam kanthi rekasa.
'Langkung saé dipunsingkiraken saking ngriku.'
Sarana ngati-ati Adam narik taliné Mopi sing klèwèran. Mopi ginjal-ginjal, karepé emoh ditarik ngadoh, nanging kepeksa nurut, marga Adam ngukuhi panariké.

Ora watara suwé ana pulisi loro teka, uga sanalika munggah lotèng lan mlenggong sedhéla weruh sikil ngececeng cedhak kursi iku. Nanging pulisi sijiné énggaI éling kuwajibané, mula énggal celathu marang kancané: 'Kang Daliman! Tilpunen inspèktur Surya, kang.'
'Kowé waé, Ji. Aku tak njaga kéné,' wangsulané pulisi Daliman.
Pulisi Taji mudhun nggolèki tilpun.