82
Javanese Literature since Independence
'Teng Sala napa nggih ngurus dagangan?'
'Boten, pak. Kula prelu ngaso.'
'Ngaso kok teng Sala. Napa Sala kintené langkung ayem tinimbang Prabalingga?'
Kusmèn meneng ḑisik, mikir-mikir. Nalika celatu pikirané sajak durung terang: 'Anu, pak. Sala pancèn bènten kaliyan Prabalingga. Nanging mireng Tawangmangu wau kula inggih lajeng kepéngin ḑateng Tawangmangu. Kula boten gaḑah rancangan ingkang mantep pados panggènan kanggé ngaso kok, pak.'
'Mas Kusmèn! Sing ngatos-atos!' ujaré ḑétèktip Handaka mentelengi Kusmèn. Sing dipentelengi gragapan.
'Sampéyan ènten ngajengé pulisi lan kesangkut bab kadurjanan. Yèn mangsuli ampun angger mangsuli. Sing blaka! Ampun gampang-gampangan anut grubyug rembug bab Tawangmangu!'
'Lho mboten anut grubyug kok, mas. Saèstu punika. Kula pancèn baḑé ḑateng Tawangmangu énjing punika.'
'Anggèn sampéyan gaḑah rancangan niku rak mboten margi mireng saking criyosé jeng Wiwik niku!' celatuné Handaka nuduh.
'Lbo enggih margi Wiwik kok, mas!'
'Napa?'
Kusmèn ora endang mbalèni tuturé. Ḍèwèké krasa yèn ketrucut.
'Nah,' ujaré Handaka, 'sampéyan mesti empun tepung jeng Wiwik, ketara njangkar mawon.'
Kusmèn ora bisa mangsuli.
'Kusmèn 'ki lho!' ujaré Wiwik jèngkèl karo mrengut.
'Ora apa-apa ta, Wik. Anggeré kéné ora gepok-sénggol karo bab rajapati iki rak wis! Rak lumrah ta, jaka kaya aku tepung karo kenya kaya kowé?' Saya suwé, bareng wis nyata kaweḍar, swarané Kusmèn saya krasa seneng.
'Wiwit ḍèk napa sampéyan tepung jeng Wiwik?' inspèktur Surya ngetok rembug.
'Sampun dangu, pak. Sadèrèngipun kula pinḍah Prabalingga. Sadèrèngipun kula bikak toko.'
'Kusmèn, Kusmèn! Lancangé!' ujaré Wiwik.
'Kéné kudu blaka, Wik, karo pulisi.'
'Embuh, embuh! Geting aku!'
'Wong tepungan ngoten mawon kok diwadèkaké ta, jeng?' celatuné inspèktur Surya karo rada arep mèsem. Wiwik mrengut waé.
'Maklum, pak. Lha wong semayané mriki sajaké inggih boten kasumerapan keng ramané,' ujaré jaka bregas iku karo klécam-klècem.