Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Rajapati

77

‘Ki sanak kabèh aja padha ngowahi barang-barang kang sumèlèh ana kéné,’ celathuné Daliman kang satemené wis ora perlu manèh, marga tamu-tamu hotêl kuwi wis padha ngreti patrapé dhéwé-dhéwé.

Ing ngisor pulisi Taji tilpun: 'Hallo, pak Surya? Anu, pak, agèn pulisi Taji lapur. Wonten rajapejah, Inggih. Wonten hotèl Sura ... Suradira, èh ... Suralaya, Ngapeman. Inggih, tiyang jaler, pak. Kirang terang punika, pak. Kita namung manggihi mayitipun. Punapa? Inggih, Inggih, dèrèng éwah kinten kula. O, inggih, inggih, mangké kula préntahaken mekaten. Sinten, pak? Handaka? O, dhétèktip Handaka? Dèrèng, pak. Inggih. Dados panjenengan tilpun piambak? Sinten, pak? Dhokter? Griya sakit inggih, pak? O, inggih, inggih. Mangké kula padosanipun nomer tilpunipun.’

Sawisé kuwi Taji banjur ngolak-alik buku notesé, nuli tilpun manèh, nerangaké marang dhokter Murtihusada ——dhokter bagian prekara kriminil—— larah-larahé kaanan hotèl. Pulisi Taji banjur munggah manèh.

‘Piyé, Ji? pitakoné Daliman.

‘Dikon ngentèni sedhéla. Pak Surya ndang rawuh karo komploté.’

‘Sapa ta?’

‘Dhétèktip Handaka. Sajroné ngentèni kéné dikon ngawas-awasi, Guneman karo wong-wong waé ora pareng.’

‘Percaya aku, Pak Surya pancèn bangsa ora gelem kèthèr lan emoh ketrucut yèn nandangi prekara kaya ngéné,' wangsulané Daliman.


Inspèktur Surya teka, nggawa bala. Kejaba pulisi-pulisi kang pinatah njaga sakiwa-tengené hotèl ——diangkah aja ngetarani—— uga dikancani piyayi nom-noman kuru, ora merbawani, nanging ngawaki.

Inspèktur Surya dhéwé wis suwé ngasta ing kepulisian babagan kriminil. Uga yuswané wis ngemping pènsiyun, nanging asmané taun kepungkur dadi kalok marga mbongkar prekara kècu ing Lawéan. Déné piyayi kuru sing ngancani kuwi wong sing kerep urun pikir marang pulisi bab miyak wadiné kadurjanan. Kanggoné tlatah Jawa-tengah asmané wis dudu wong liya manèh, ya-iku kang karan dhétèktip Handaka.

‘Ora ana sing owah iki ya?' ngendikané pak Surya wiwit mriksa. Kabèh padha ngiyani.

‘Pripun? Sinten sing meruhi dhisik?' pitakoné pak Surya nganggo basa krama andhap. Sawisé padha plingukan sedhéla, Adam énggal ngacung kaya patrapé bocah sekolah.

‘Anu, pak. Babu hotèl, èh abdi hotèl, ingkang ngonangi rumiyin. Piyambakipun jelih-jelih lajeng mandhap, semaput. Saged ugi dipunupakara tukang kebon wonten ngandhap...’