Punthesing Pangarep-Arep

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 18 ]PUNTHESING PANGAREP-AREP

Priyo Purwanto

Jam nuduhake ing angka 7. Bel pelajaran muni. Bocah-bocah padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Semono uga bapak lan ibu guru miwiti ngayahi tugas.

Guru iku pakaryan mulya. Guru mulang sakabehing ilmu kang diparingake marang siswa-siswine tanpa dikorupsi sithik-sithika, miturut kurikulum kang wis ditemtokake.

Tugas guru beda karo tugas karyawan liyane. Guru iku sing diadhep barang urip, dudu mesin tik, kertas, nanging duwe tanggung jawab abot nggula wentah generasi bangsa.

Salah sawijining guru kang ngayahi tugas kasebut asmane Sabar. Panjenengane maringi wulangan Basa Jawa, jumbuh karo ijasahe. Kejaba mulang Bahasa Jawa uga kasampiran dadi wali kelas 3A.

“Agus, Bayu, Cahya, Dhimas, Endah ... Suprihatin!” panjenengane ngabsen mbaka siji nalika mulang kelas 3A.

Nanging kang duwe jeneng pungkasan iku ora mangsuli. Pak Sabar nyawang mbaka siji.

“Suprihatin ora menyang, ana apa, Gus?”

“Boten ngretos, Pak!”

“Lho, kok ora ngreti?”

“Inggih Pak, saestu boten ngretos.”

“Ketua kelas kudu ngreti!”

Bocah-bocah kelas 3A padha meneng. Thingak-thinguk sajak ana bab-bab kang didhelikake,

“Ya wis, yen ora ana sing padha ngreti, ya ora apa-apa,” Pak Sabar ora duka wong nyatane bocah-bocah ya ora ngreti tenan, “nanging yen ana sing ngreti matura!”

Buku absen diwolak-walik, diteliti, dipriksa kanthi premati. Kanyatan Suprihatin wis pirang-pirang dina pancen ora mlebu sekolah.

Endah menyat sarta ngacung, Pak Sabar ndhawuhi matur, “Kok ya ora mau-mau ta, Ndhuk? Dadi Pak Sabar terus ngreti masalahe.”

“Badhe matur wau, ning ....”

18 [ 19 ]“Ning isin, apa wedi?”

Endah ora wangsulan, mung ndhingkluk sajak wedi.

“Mengko yen wis umbar wae!” ujare Pak Sabar kebak pangerten.

Endah bali mapan lungguh, nanging atine meksa durung kepenak. Yen nganti durung ngaturake isine pikiran marang bapak wali kelase.

Sawise Pak Sabar priksa bab kahanane Suprihatin nuli nemoni guru BP.

“Bu, bocah kelas 3A ana masalah.”

“Sapa bocahe lan apa masalahe?”

“Ngene Bu, Suprihatin iki wis pirang-pirang dina rak ora mlebu sekolah, mangka kelas 3, sedhela maneh EBTA.”

Bu Siti mrayogakake marang Pak Sabar supaya ngendhangi menyang omahe Suprihatin bokmanawa mengko bisa oleh keterangan sing gamblang. Pak Sabar nanggapi ngendikane Bu Siti.

“Yaaja mung waline sing mrana, aku dikancani, Bu!”

“0... alah, Pak, nganti kaya bocah cilik, nyuwun dikancani.”

“Ya ora ngono, Bu, iki bab tugas dadi disangga bareng. Bu Siti minangka guru BP, idhep-idhep home visit. Lha aku wali kelase. Dadi, mengko awake dhewe mrana sekaliyan.”

“We...we... teneh sekolahan kene geger, ubur. Kae wali kelas 3A karo gurune BP pacaran!” Bu Siti nanggapi usule Pak Sabar. Sing ditanggapi banjur mrayogakake.

“Ya, wis ngene wae, Pak! Kanggo ngawekani lan jaga-jaga supaya ora ana gegeran, mangkene wae. Awake dhewe. dikantheni Endah.”

“Lho, kok Endah?”

“Endah sing menehi keterangan bab Suprihatin. Karo maneh dheweke iku rak tanggane tinggal sadesa.”

“O...ngono, ta. Ya wis tiba kebeneran.”

Bu Siti nerusake rembuge, “Jan-jane ki apa masalah bayaran sekolah apa masalah pribadi, Pak?”

“Saka pangiraku, kok dudu masalah bayaran sekolah.”

“Lha, banjur apa? Masalah pribadi?”

“Mesthine. Ngenani bayaran sekolah, saiki SPP wis ora mbayar,

19 [ 20 ]BP3 kaya-kaya ya ora larang.”

“Lha ning coba, menawa ngelingi jaman lagi krismon, akeh bocah- bocah padha medhot sekolahe, kaya sing diwartakake ing radio, RCTI, SCTWV, Indosiar, uga ing koran-koran. Kabeh prasasat ngemot kabar, pendhak dina mesthi kapacak.”

“Kuwi rak kabare, jarene! Ning nyatane pirsanana ing kene. Bocah-bocah padha isih sekolah. Sanadyan mung bocah desa tur cah gunung, nanging wong tuwane isih nggatekake pendhidhikan. Embuh) kepriye carane supaya anake isih tetep sekolah, ora ketang sing tuwa ngalah.”

“Pancen ya bener aturmu, Pak. Bocah-bocah kene semangate makantar-kantar, marang bapak lan ibu guru padha ngajeni, mbangun miturut. Ora kaya sekolah-sekolah ing kutha gedhe, anane mung gelut, | lurugan, teler kang ndadekake pikiran, nambahi gawean, nambah sanggan, | ya guru, wong tuwa, lan masyarakat.”

“Mbaleni bab Suprihatin mau, Bu,”

“Kepriye Pak?”

“Aku kok duwe gagapan, mengko gek dheweke arep dirabekake. | Dening wong tuwane dikon metu sekolahe.”

“Panjenengan iki kok reka-reka penggalihe.”

“Ya ora Bu, coba pirsani! Suprihatin kae sanadyan bocah gunung nanging ayu lho, Bu!”

“Biasa. Wis jamak lumrahe priyayi kakung, arepa neng omah wis duwe, metu omah ya kaya ngono kuwi.”

Pak Sabar ngguyu cekakakan, banjur metu ninggalake ruang BP, mlebu kelas. ||

Dina candhake wong telu sida menyang omahe Suprihatin numpak | angkutan umum. Tekan omahe Suprihatin tinemu sepi katone. Bu Siti nothok lawang, uluk salam,

“Kula nuwun ...!”

“Mangga, mangga, Bu!” sing duwe omah mbukakake lawang kanthi kesusu, gumrobyos, “nyuwun pangapunten, Ibu lan Bapak, niki wau kula saking pawon.” |

“Wah, kula ngrepoti lho, mBok!” 5

“Kersanipun menapa? Kok keraya-raya tindak mriki? Menapa | Mir NE paring duka dhateng Suprih?” 4


20 [ 21 ]“Boten, boten... mBok! Inggih namung ngendhangi Suprih.”

“Inggih, maturnuwun.”

“Makaten mBok, pinten-pinten dinten Suprih menika boten mlebet sekolah, wonten menapa, mBok?”

“Jan-jane gendhuk Suprih nggih pun kula rih-rih supados mlebet, ning mboten sumaur. Sanjange ajrih dhateng.Pak Guru.”

“Lho; kula niki boten ndukani;,boten medeni, lha kok wedi!”

“Sanjange gendhuk, piyambakipun dereng mbayar sekolah. Menapa leres, Pak Guru?”

“Pancen, mBok; Nanging, sekolahan menika gadhah kawicaksanan. kapan sanggupe; Menapa badhe dipuncicil utawi jreng. Lha; samenika Suprih wonten pundi; kok boten ketingal?”

“Wonten kok! Prih ... Suprih, iki lho Pak Guru lan Bu Guru tindak. mrene, malah karo Endah, niliki kowe! Metua mrene!”

Sing diundang mung meneng wae.,Bu Siti nyuwun palilah mBok Suminah, kepingin nemoni Suprihatin ing senthonge. Bokmenawa ing kono Bu Siti'bisa oleh katrangan saka Suprih, Kanthi alon-alon Bu Siti mlebu senthong ditutake Endah: Suprih ora ngira yen bakal dileboni senthonge. Gragapan nyaut bantal nuli nutupi raine;

“Suprih; ikulho, Bu Siti karo Endah kanca reketmul!”

Suprih ora mangsuli mung nangis mingseg-mingseg. Baline Bu Siti mbenerake pandugane Pak Sabar;

“AyotaPrih, bok kenenemoni Pak Sabar, panjenengane rak walikelasmu; Ora-orane yen didukani,” kandhane simboke nuli mlebu pawon; Metu saka pawon wis'nggawa unjukan lan pacitan.

“Nyuwun pangapunten, Pak, nggih mung niki segahani puni

“Wah. Simbokmniku kok ndadak repot-repot, Iho.”

“Walah; .nggih-boten repot kok,,wong Pak Guru sampun kersa tindak mriki.”

“Nganten TE estunipun kula mriki boten badhe nagih bayaran sekolah, 'Bab'bayaran sekolah; kancane Suprih menika nggih taksih kathah ingkang nunggak.”

mBok Suminah meneng; luhe netes dleweran karo, senthak- senthuk. f I 5

“Suprih Ia rak jan-jane Dati kula. Piyambakipun ditilar teng

21 [ 22 ]|

Jakarta kalih Sumirah, nggih ibunipun gendhuk, sanjange pados pedamelan sisan nyusul bapakipun Suprih.”

“Lha samenika sampun pikantuk pedamelan menapa dereng?”

“Sampun, malah pendhak wulan nggih saged ngintuni arta Suprih.”

Pak Sabar arep nyuwun pirsa bab gaweane ibune Suprih nanging penggalihe batin ora tekan. Suprih bocahe Ayu, mesthine ibune ya ora kacek adoh karorupane Suprih. Rupa ayu bisa minangka pawitan kanggo golek gawean ing Jakarta. Apa maneh sing ana gandheng” cenenging karo lembah hitam. Pak Sabar gragapan nalika mBok Suminah nyambung gunem.

“Sampun sawatawis wulan niki Sumirah boten ngirim kabar menapa malih yatra. Kintunan ingkang kantun piyambak menika wulan Mei, saniki wulan Agustus, dene dereng dugi-dugi kintunanipun. Lha nggih niki sing dados pangarep-arepe Suprihatin.”

“Menawi namung menika boten dados menapa. Menawi bab kejujuran Suprih saged dipun andelaken. Buktinipun saking kelas setunggal dumugi kelas kalih boten nate nunggak anggenipun mbayar.”

“Kejawi niku, Suprih kepanggih ibunipun mung setaun pisan, | nyarengi lebaran. Dados lare niki mboten kesandhing kados kanca- | kancane. Kula piyambak jan-jane nggih gumun, saben ibunipun Suprih wangsul teng desa kok boten nate kaliyan bapakipun Suprih, dandanipun menor tur mesthi gonta-ganti sandhangan modhel tiyang kitha.”

“Lha bapake Suprih menapa mboten nate nuweni?”

“Wah ... jan blas boten nate, kawit bayi umur selapan, Suprih sampun ditilar bapakipun. Lha nek tilik mriki nggih kula anggep mantu,

ning nek boten nate nggih kula anggep wong liya. Kula nggih sampun | boten mikir malih. Ingkang kula pikir menika kadospundi supados Suprih menika dados lare ingkang pantes lan saged njunjung wong tuwa. Kantenan kula niki pun ditilar bapakne Sumirah watawis gangsal taun kepengker. Pangarep-arep kula nggih namung Suprih. Sing tansah ngarep- arep kintunan saking ibunipun Suprih.”

Sawatara mBok Suminah lan Pak Sabar padha guneman, lawang senthong mbukak. Bu Siti metu nggandheng Suprih kabantu Endah. Mripate Suprihatin katon mbendhul-mbendhul.

“Kene ... kene ... mrene! Iki Iho Pak Guru.”

22 [ 23 ]“Wis aja nangis! Aku mrene iki mung niliki kowe, kok pirang- pirang dina kowe ora menyang sekolah, tanpa katrangan.”

Suprih isih tetep meneng. Ndhingkluk ora wani nyawang Pak Sabar. Bu Siti ndhawuhi Suprih supaya matur apa anane.

“Kepareng matur dhateng Pak Sabar.”

“Iya, priye Prih, matura.”

“Menawi kepareng kula badhe medal sekolah mawon.”

“Lho... kena apa kok metu? Kowe arep metu sekolah? Apa ora eman-eman, saiki kowe wis kelas telu, paling ora ya kudu lulus nganti entuk STTB sebab ya STTB iku gamanmu.”

“Nanging kula dereng saged bayar, Pak.”

“Menawa bab durung bisa bayar ya wis ora apa-apa. Bab kuwi sesuk bisa dirembug.”

“Pak, estunipun kula menika kangen sanget kaliyan ibu kula. Sampun pinten-pinten dinten kula kok kraos kangen sanget kaliyan ibu kula, tansah tom-tomen, n gantos katut ing impen,” kandhane Suprihatin sajak memelas banget, gawe trenyuhing Pak Sabar lan Bu Siti.

“Ya wis Prih, yen mung kangen karo ibumu, sesuk barengan liburan caturwulan, mbarengi karyawisata kowe bisa menyang Jakarta. Sesuk Pak Sabar sanggup ngeterake, angger alamate cetha.”

“Dados kula boten dipundukani lan dipundalaken saking sekolah, Pak?”

“Ora... ora... prih! Kowe ora didukani lan kowe kudu tetep sekolah. Aku sing nanggung.”

Suprih rumangsa lega atine, awit kang dadi bundhelan ing pikir saiki bisa udhar, Bareng kabeh wis gamblang, Pak Sabar, Bu Siti, lan Endah banjur pamitan,

Esuke ana kabar saka Jakarta yen ibune Suprih tilar donya. Sumirah dadi korban ontran-ontran Mei 1998. Kabar iku telat tekane awit manggrok ing kantor kecamatan. Jati dhirine lagi bisa kalacak sawise potone dicocogake jebul padha karo potone Sumirah, dene ing layang keterangan kematian cinathet arane Mira.

23