|
Jakarta kalih Sumirah, nggih ibunipun gendhuk, sanjange pados pedamelan sisan nyusul bapakipun Suprih.”
“Lha samenika sampun pikantuk pedamelan menapa dereng?”
“Sampun, malah pendhak wulan nggih saged ngintuni arta Suprih.”
Pak Sabar arep nyuwun pirsa bab gaweane ibune Suprih nanging penggalihe batin ora tekan. Suprih bocahe Ayu, mesthine ibune ya ora kacek adoh karorupane Suprih. Rupa ayu bisa minangka pawitan kanggo golek gawean ing Jakarta. Apa maneh sing ana gandheng” cenenging karo lembah hitam. Pak Sabar gragapan nalika mBok Suminah nyambung gunem.
“Sampun sawatawis wulan niki Sumirah boten ngirim kabar menapa malih yatra. Kintunan ingkang kantun piyambak menika wulan Mei, saniki wulan Agustus, dene dereng dugi-dugi kintunanipun. Lha nggih niki sing dados pangarep-arepe Suprihatin.”
“Menawi namung menika boten dados menapa. Menawi bab kejujuran Suprih saged dipun andelaken. Buktinipun saking kelas setunggal dumugi kelas kalih boten nate nunggak anggenipun mbayar.”
“Kejawi niku, Suprih kepanggih ibunipun mung setaun pisan, | nyarengi lebaran. Dados lare niki mboten kesandhing kados kanca- | kancane. Kula piyambak jan-jane nggih gumun, saben ibunipun Suprih wangsul teng desa kok boten nate kaliyan bapakipun Suprih, dandanipun menor tur mesthi gonta-ganti sandhangan modhel tiyang kitha.”
“Lha bapake Suprih menapa mboten nate nuweni?”
“Wah ... jan blas boten nate, kawit bayi umur selapan, Suprih sampun ditilar bapakipun. Lha nek tilik mriki nggih kula anggep mantu,
ning nek boten nate nggih kula anggep wong liya. Kula nggih sampun | boten mikir malih. Ingkang kula pikir menika kadospundi supados Suprih menika dados lare ingkang pantes lan saged njunjung wong tuwa. Kantenan kula niki pun ditilar bapakne Sumirah watawis gangsal taun kepengker. Pangarep-arep kula nggih namung Suprih. Sing tansah ngarep- arep kintunan saking ibunipun Suprih.”
Sawatara mBok Suminah lan Pak Sabar padha guneman, lawang senthong mbukak. Bu Siti metu nggandheng Suprih kabantu Endah. Mripate Suprihatin katon mbendhul-mbendhul.
“Kene ... kene ... mrene! Iki Iho Pak Guru.”
22