Kaca:Panjurung.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Wis aja nangis! Aku mrene iki mung niliki kowe, kok pirang- pirang dina kowe ora menyang sekolah, tanpa katrangan.”

Suprih isih tetep meneng. Ndhingkluk ora wani nyawang Pak Sabar. Bu Siti ndhawuhi Suprih supaya matur apa anane.

“Kepareng matur dhateng Pak Sabar.”

“Iya, priye Prih, matura.”

“Menawi kepareng kula badhe medal sekolah mawon.”

“Lho... kena apa kok metu? Kowe arep metu sekolah? Apa ora eman-eman, saiki kowe wis kelas telu, paling ora ya kudu lulus nganti entuk STTB sebab ya STTB iku gamanmu.”

“Nanging kula dereng saged bayar, Pak.”

“Menawa bab durung bisa bayar ya wis ora apa-apa. Bab kuwi sesuk bisa dirembug.”

“Pak, estunipun kula menika kangen sanget kaliyan ibu kula. Sampun pinten-pinten dinten kula kok kraos kangen sanget kaliyan ibu kula, tansah tom-tomen, n gantos katut ing impen,” kandhane Suprihatin sajak memelas banget, gawe trenyuhing Pak Sabar lan Bu Siti.

“Ya wis Prih, yen mung kangen karo ibumu, sesuk barengan liburan caturwulan, mbarengi karyawisata kowe bisa menyang Jakarta. Sesuk Pak Sabar sanggup ngeterake, angger alamate cetha.”

“Dados kula boten dipundukani lan dipundalaken saking sekolah, Pak?”

“Ora... ora... prih! Kowe ora didukani lan kowe kudu tetep sekolah. Aku sing nanggung.”

Suprih rumangsa lega atine, awit kang dadi bundhelan ing pikir saiki bisa udhar, Bareng kabeh wis gamblang, Pak Sabar, Bu Siti, lan Endah banjur pamitan,

Esuke ana kabar saka Jakarta yen ibune Suprih tilar donya. Sumirah dadi korban ontran-ontran Mei 1998. Kabar iku telat tekane awit manggrok ing kantor kecamatan. Jati dhirine lagi bisa kalacak sawise potone dicocogake jebul padha karo potone Sumirah, dene ing layang keterangan kematian cinathet arane Mira.

23