Kaca:Panjurung.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

PUNTHESING PANGAREP-AREP

Priyo Purwanto

Jam nuduhake ing angka 7. Bel pelajaran muni. Bocah-bocah padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Semono uga bapak lan ibu guru miwiti ngayahi tugas.

Guru iku pakaryan mulya. Guru mulang sakabehing ilmu kang diparingake marang siswa-siswine tanpa dikorupsi sithik-sithika, miturut kurikulum kang wis ditemtokake.

Tugas guru beda karo tugas karyawan liyane. Guru iku sing diadhep barang urip, dudu mesin tik, kertas, nanging duwe tanggung jawab abot nggula wentah generasi bangsa.

Salah sawijining guru kang ngayahi tugas kasebut asmane Sabar. Panjenengane maringi wulangan Basa Jawa, jumbuh karo ijasahe. Kejaba mulang Bahasa Jawa uga kasampiran dadi wali kelas 3A.

“Agus, Bayu, Cahya, Dhimas, Endah ... Suprihatin!” panjenengane ngabsen mbaka siji nalika mulang kelas 3A.

Nanging kang duwe jeneng pungkasan iku ora mangsuli. Pak Sabar nyawang mbaka siji.

“Suprihatin ora menyang, ana apa, Gus?”

“Boten ngretos, Pak!”

“Lho, kok ora ngreti?”

“Inggih Pak, saestu boten ngretos.”

“Ketua kelas kudu ngreti!”

Bocah-bocah kelas 3A padha meneng. Thingak-thinguk sajak ana bab-bab kang didhelikake,

“Ya wis, yen ora ana sing padha ngreti, ya ora apa-apa,” Pak Sabar ora duka wong nyatane bocah-bocah ya ora ngreti tenan, “nanging yen ana sing ngreti matura!”

Buku absen diwolak-walik, diteliti, dipriksa kanthi premati. Kanyatan Suprihatin wis pirang-pirang dina pancen ora mlebu sekolah.

Endah menyat sarta ngacung, Pak Sabar ndhawuhi matur, “Kok ya ora mau-mau ta, Ndhuk? Dadi Pak Sabar terus ngreti masalahe.”

“Badhe matur wau, ning ....”

18