Menyang kontèn

Pekarangan Sameter

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 123 ]PEKARANGAN SAMETER Suratmi

“O0... wong pedhukuhan kok ora menehi conto sing bener marang tangga teparo. Menehake lemahe sameter kanggo dalan umum wae kok owel. Liyane ya wis gelem, e... sing pegawe negeri malah ngeyel.” pangandikane Pak Midisastra, salah sawijining upas kecamatan ing desa Trucuk.

Sisihane sing lagi resik-resik banjur leren, nyedhaki karo guneman, “Bola-bali aku wis matur ta, Pak, ning Sampeyan ora mangsuli apa-apa 4... saiki ... piye dadine?”

Keplok kekarepane wong loro olehe arep merkarakake tanggane nunggal pager kang dirasa dadi klilip olehe arep nuku pekarangane Pak Setra Konthet sing wis suwe ora ana desa kana,

Ngangseg pangajake Pak Midi marang sisihane, “Ayo Bokne matur Pak Kadhus, perkara iki ben digawa menyang Kantor Kepala Desa, manawa isih ngeyel, tekan ngendi dakladeni,” |

Azan Subuh wis keprungu, nggugahi wong-wong desa Trucuk supaya padha nindakake pangibadah marang Pangeran kang akarya jagad. Ora keri brayate Pak Budi uga wis padha tangi. Kaya padatan ing dina Minggu sawise padha sembahyang, banjur ganti training arep mlaku- mlaku golek hawa resik, sing bisa menehi semangat anyar, sawise enem dina padha makarya.

Lakune Pak Budi sakloron alon-alon mangidul nganti tekan dalan gedhe, terus menggok mangetan tumuju Pasar Barongan sing adohe

kurang luwih siji setengah kilometer. Tekan pasar mandheg sedhela saperlu nonton sesawangan kang isih katon remeng-remeng jalaran durung, ana cahyaning srengenge. Wong liwat wiwit akeh, ana sing terus mengalor nuju kutha, ana sing lumebu pasar.

Wong loro bali napaki dalan sing mau diliwati. Lakune rada rikat, kringete dleweran, katitik andhuk sing sakawit mung dikalungake ana ing gulune sadhela-sadhela kanggo ngusapi kringete. Ora rinasa jangkahe

wis tekan wetan omahe. f “Sugeng enjang, Pak Budi sekaliyan! Nyuwun pangapunten kula

123

AN [ 124 ]pruput supados saged pinanggih,” mangkono celathune Pak Ganda, Ketua Mardirukun dhusun Kepel, gawe kagete Pak Budi sakloron.

“O0... sugeng, Pak!. Kok njanur gunung kadingaren, enten napa? Mangga ta lenggah ngajengan rumiyin!" pangajake Pak Budi karo jumangkah mlebu pekarangan.

“Matur nuwun, Pak! Namung sakedhap kok. Anu...badhe ngaturi pirsa bilih benjang dinten Selasa, tabuh 09.00, Pak Budi sekaliyan dipunaturi rawuh wonten ing kantor desa. Gandheng sampun cekap kula nyuwun pamit, Pak!" wangsulane Pak Ganda.

Rada gela Pak Budi mangsuli, “Mangga ... mangga, matur nuwun!” karo nguntapake tamune. Pak Budi njenger ndelengake tamune ninggalake papan kono. Gagasane mak plas tekan rapat dhusun sing wis kelakon sesasi punjul tibane buntute dawa.

“Ayo, Pak, ndang bali, aku selak arep liya gawe!” pangajake Bu Budi terus klepat dhisiki.

Sing diajak mung mangsuli, ora ndang nututi. Pikirane malah mubeng seser kaya kitiran eling kabeh tembunge tangga-teparone olehe misuh-misuhi dheweke entek amek kurang golek.

“Pak, iki ngunjuk teh dhisik, mengko selak adhem lho, aja ana kono wae!” pambengoke sisihane karo nggawa baki isi wedang rong gelas, mendhoan anget sapiring, terus diselehake ing mester ngarepan.

Sing dibengoki gleler-gleler marani asale swara, terus lungguh mester, njejeri sisihane. Tehe anget terus disruput. Sinambi mangan mendhoan Pak Budi takon sisihane, “Piye Bune pangiramu, sapa hara sing lapor tekan Kadhese!”

Sing ditakoni penak wae karo nerusake mangan mendhoan sing isih ana tangan, “Sapa meneh yen ora Pak Midi. Dakkandhani ya Pak, dhek emben Pak Ganda rak nemoni aku, ngendika manawa pekarangane Pak Setra kuwi wis dibayar kontan, sing nekseni ketua pemudha, Pak Kadhus, malah Pak Kepala Urusan Pemerintahan Desa uga dadi seksi. Nah..seksi-seksi mau sake padha. didlesepi amplop, blesek ...blesek, pangiraku sing nggawa munggah Pak Kaurpem kuwi. Lha yen awake dhewe dipenet Pak Kadhes rak terus manut!”

Pak Budi olehe ngrungokake karo mentheleng, gumun campur

kaget. 124 [ 125 ]“Terus priye olehe ngrampungake ana Pencatatan Akte Tanah ing Kecamatan mengko ... wong jeneng Setro Konthet kuwi ing kantor kuwalon sing lunga Sumatra. Kelingan ta bu ngendikane Pak Kadhus karo awake dhewe, dhek lapor arep nuku pekarangan iki? “Ngatos-atos Pak Budi niki pekawisan sengketa, E... bareng dibleseki kok bisa diputusi.”

“Wis, Pak, diterusake karo mlaku. Sing pokok suk Selasa sowan Pak Kadhus, nyawisake jawaban sing maton,” wangsulane Bu Budi ngantepake karo isih nerusake guneme, “jane aku isih ngganjel karo omongane Pak Joyo Lele lor kono kae Iho, Pak .. ngina banget. 'Pun Bu, sampeyan maringi pekarangan sameter kan 8ge mbangun dalan umum." Kok ora ngelingi anake wae sakkandhang koplak.”

Dina Selasa Pak Budi tindak PIKA Pengok, ngantor sedhela. Jam 09.00 pamit Kepalane, terus ngidul ngampiri Bu Alinah, iya sisihane, sing mulang ana SLTP Swasta ing Yogya uga.

Lakune dibandhangake wae, njujug ing Kantor Kadhes Trucuk. Bareng wis tekan, sepedha motore diselehake banjur ngadeg ngarepan ngenteni tekane Pak Kadhus. Pak Kadhus duwe rasa ora kepenak, mengko bakal ketemu Pak Budi sakloron sing wis dijanjeni arep mbiyantoni ngrancagake dum waris lemah sengketa tangga tunggal pagere. Nanging kanyatan seje sing diadhepi. Ora krasa lakune wis tekan gapura terus mlebu ing plataran, gragapan krungu uluk salame Pak Budi, terus runtung- runtung mlebu kantor. Diacarani Pak Kaurpem terus padha sowan Pak Kadhes.

“Mangga ...mangga lenggahe riki mawon, Bu ,. Pak! Ngga riki Kadhuse, enten napa kok biasane piyambak. Sowanan niki ndadak nggawa pendherek, Pak lan Bu sinten kula kok dereng mangertos.” ngendikane Pak Kadhes karo mirsani Pak Budi sakloron,

“Kula Budi Sunaryo lan punika Alinah, semah kula,” karo nuduhake sisihane sing ana sisihe,

“Critakna Kadhuse, ana apa lagi wingi kowe lapur yen dhusun Kepel ora ana apa-apa, jare apik, aman kemawon, Pak, Priye gaweyanmu kok ora beres?” ngendikane Pak Kadhes sing wis sepuh ora nganggo basa barang nuduhake yen lagi duka temenan, [ 126 ]Pa LH 4

Pak Kadhus mung ndhungkluk ora wani ndengengek, “Ngaten Pak Kadhes, Pak Budi sekaliyan punika boten purun tumut biyantu damel margi pertolongan dhusun, mila kasumanggakaken keputusanipun Bapak.”

“Rak nggih ngaten ta, Pak Kadhus?” ngendikane Pak Kaurpem ditujokake marang Kadhuse sing wis wiwit wani njengengek.

“Ing... ing...inggih, Pak!” ature rada pulih kekendelane, “pancen prastawa punika nembe kemawon kok Pak, saestu dereng dangu.”

“Wis, Pak Kandar, ayo aku boncengna, tema niliki panggonane!” ngendikane Pak Wiryo, priyayi sepuh sing yuswane meh pitung puluh lima taun, marang Kaurpem, pembantune. Ora kesupen pamit karo punggawa liyane menawa arep tindak menyang dhusun kepel sedhela.

Pak Kaurpem olehe numpak sepedha motore alon kadherekake Pak Budi sakloron. Dene Pak Kadhus diboncengake punggawa kantor njujug lokasi prastawa, iya ing kiwa omahe Pak Budi, kanthi ora diweruhi ing tangga teparo kajaba Pak Ganda kang omahe kaliwatan lakune arak- arakan motor mau.

“Mangga, Pak Budi, kula diterake ngubengi dhusun niki daksumerep dalan-dalane,” pangajake Pak Kadhus ditujokake marang Pak Budi sakloron. Malah iya banjur liyane padha ndherek. Dadi kaya arak-arakan sing arep nggoleki pesakitan.

Lakune arak-arakan liwat tengen omahe Pak Budi terus mangidul tekan dalan gedhe, ngiwa liwat dalan dhusun nratas tekan lokasi ing kulone Pak Budi.

“Lha punika, Pak Kadhus, leresipun margi ingkang sakawit sampun dipundamel dening dhusun ngriki mbagi pekawisipun Pak Setra: Kula inggih sampun tumut damel sesarengan Pak Setra. Gandheng siti punika dipuntumbas Pak Midi kanthi sesidheman, malah lajeng diedegi griya kados sapunika, kula boten purun urun malih kangge damel enggal, nratas pekawisan kula sisih ngriki mengaler,” ature Pak Budi karo sedhakep nahan emosi.

"Kita purun urun malih yen dalan punika kados sakawit ingkang nratas griya punika,” wangsulane Bu Budi karo nudingi omahe Pak Midi sing magrong-magrong cakrik lojen, kanthi porselin sing mencorot.

“0 ... ngaten ta, Pak, kula mangertos prekawisipun kenging menapa sampeyan diarani mbangkang dening tangga tepalih sampeyan,”

126 [ 127 ]ngendikane Pak Kadhus manthuk-manthuk. Wasana gawe sing padha ndherekake diajak nyedhaki panjenengane, “Ngeten para sedherek... kula ngertos yen prekawisipun Pak Budi ngiwa nengen sampun dipundamel margi, namung ingkang jejer Pak Midi kemawon ingkang mboten dipundamel dalan. Kiwa sisih kidul sampun, kiwa sisih eler sampun. Mangka sisih tengen, wiwit eler ngantos kidul inggih sampun. Pramila Pak Budi mboten sisah urun satunggal meter kangge ngrencangi Pak Midi. Kersanipun Pak Midi piyambak ingkang damel. Dene Pak Midi griyanipun inggih boten dipunembrukaken awit sampun dados, rak inggih mesakaken. Rak inggih ngaten ta, Pak Budi?” ngendikane Pak Kadhes gawe cingake Wong-wong sing padha ndherekake, awit ngira yen Pak Budi wis diputusi kudu melu nggawe dalan, e tibane ora usah nggawe dalan. Ngendikane Pak Kadhes kebak wibawa, katitik wong-wong mung padha meneng wae.

“Wis Kadhuse, ditata meneh dhusune aja nganti ana pasulayan sing tundhone ringkihe persatuan lan kesatuaning warga. Ndang nggawe pertemuan kampung supaya siji lan sijine ora ana rasa ngganjel. Ora usah ewang-ewangan ., dupeh bisa menehi apa ta apa njur dilabuhi nganti Sawe putusan kaya ngene bae ribut,

Kabar menange Pak Budi tansah dadi pocapane wong sadesa.

“Byuh... byuh... jabang bayiiiik, Pakne, gek wong apa bae, karo Sapa-sapa kok disampar wae, Pak Kaur, Kadhus ...malah Pak Kadhes ya kalah oleh pinter ngomonge. Nganti bisa menang.” Mangkono guneme mBok Midi karo ngglosot-ngglosot ana mester, tangisan,

127