Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

PEKARANGAN SAMETER Suratmi

“O0... wong pedhukuhan kok ora menehi conto sing bener marang tangga teparo. Menehake lemahe sameter kanggo dalan umum wae kok owel. Liyane ya wis gelem, e... sing pegawe negeri malah ngeyel.” pangandikane Pak Midisastra, salah sawijining upas kecamatan ing desa Trucuk.

Sisihane sing lagi resik-resik banjur leren, nyedhaki karo guneman, “Bola-bali aku wis matur ta, Pak, ning Sampeyan ora mangsuli apa-apa 4... saiki ... piye dadine?”

Keplok kekarepane wong loro olehe arep merkarakake tanggane nunggal pager kang dirasa dadi klilip olehe arep nuku pekarangane Pak Setra Konthet sing wis suwe ora ana desa kana,

Ngangseg pangajake Pak Midi marang sisihane, “Ayo Bokne matur Pak Kadhus, perkara iki ben digawa menyang Kantor Kepala Desa, manawa isih ngeyel, tekan ngendi dakladeni,” |

Azan Subuh wis keprungu, nggugahi wong-wong desa Trucuk supaya padha nindakake pangibadah marang Pangeran kang akarya jagad. Ora keri brayate Pak Budi uga wis padha tangi. Kaya padatan ing dina Minggu sawise padha sembahyang, banjur ganti training arep mlaku- mlaku golek hawa resik, sing bisa menehi semangat anyar, sawise enem dina padha makarya.

Lakune Pak Budi sakloron alon-alon mangidul nganti tekan dalan gedhe, terus menggok mangetan tumuju Pasar Barongan sing adohe

kurang luwih siji setengah kilometer. Tekan pasar mandheg sedhela saperlu nonton sesawangan kang isih katon remeng-remeng jalaran durung, ana cahyaning srengenge. Wong liwat wiwit akeh, ana sing terus mengalor nuju kutha, ana sing lumebu pasar.

Wong loro bali napaki dalan sing mau diliwati. Lakune rada rikat, kringete dleweran, katitik andhuk sing sakawit mung dikalungake ana ing gulune sadhela-sadhela kanggo ngusapi kringete. Ora rinasa jangkahe

wis tekan wetan omahe. f “Sugeng enjang, Pak Budi sekaliyan! Nyuwun pangapunten kula

123

AN