Kaca:Panjurung.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

ngendikane Pak Kadhus manthuk-manthuk. Wasana gawe sing padha ndherekake diajak nyedhaki panjenengane, “Ngeten para sedherek... kula ngertos yen prekawisipun Pak Budi ngiwa nengen sampun dipundamel margi, namung ingkang jejer Pak Midi kemawon ingkang mboten dipundamel dalan. Kiwa sisih kidul sampun, kiwa sisih eler sampun. Mangka sisih tengen, wiwit eler ngantos kidul inggih sampun. Pramila Pak Budi mboten sisah urun satunggal meter kangge ngrencangi Pak Midi. Kersanipun Pak Midi piyambak ingkang damel. Dene Pak Midi griyanipun inggih boten dipunembrukaken awit sampun dados, rak inggih mesakaken. Rak inggih ngaten ta, Pak Budi?” ngendikane Pak Kadhes gawe cingake Wong-wong sing padha ndherekake, awit ngira yen Pak Budi wis diputusi kudu melu nggawe dalan, e tibane ora usah nggawe dalan. Ngendikane Pak Kadhes kebak wibawa, katitik wong-wong mung padha meneng wae.

“Wis Kadhuse, ditata meneh dhusune aja nganti ana pasulayan sing tundhone ringkihe persatuan lan kesatuaning warga. Ndang nggawe pertemuan kampung supaya siji lan sijine ora ana rasa ngganjel. Ora usah ewang-ewangan ., dupeh bisa menehi apa ta apa njur dilabuhi nganti Sawe putusan kaya ngene bae ribut,

Kabar menange Pak Budi tansah dadi pocapane wong sadesa.

“Byuh... byuh... jabang bayiiiik, Pakne, gek wong apa bae, karo Sapa-sapa kok disampar wae, Pak Kaur, Kadhus ...malah Pak Kadhes ya kalah oleh pinter ngomonge. Nganti bisa menang.” Mangkono guneme mBok Midi karo ngglosot-ngglosot ana mester, tangisan,

127