Kaca:Panjurung.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

pruput supados saged pinanggih,” mangkono celathune Pak Ganda, Ketua Mardirukun dhusun Kepel, gawe kagete Pak Budi sakloron.

“O0... sugeng, Pak!. Kok njanur gunung kadingaren, enten napa? Mangga ta lenggah ngajengan rumiyin!" pangajake Pak Budi karo jumangkah mlebu pekarangan.

“Matur nuwun, Pak! Namung sakedhap kok. Anu...badhe ngaturi pirsa bilih benjang dinten Selasa, tabuh 09.00, Pak Budi sekaliyan dipunaturi rawuh wonten ing kantor desa. Gandheng sampun cekap kula nyuwun pamit, Pak!" wangsulane Pak Ganda.

Rada gela Pak Budi mangsuli, “Mangga ... mangga, matur nuwun!” karo nguntapake tamune. Pak Budi njenger ndelengake tamune ninggalake papan kono. Gagasane mak plas tekan rapat dhusun sing wis kelakon sesasi punjul tibane buntute dawa.

“Ayo, Pak, ndang bali, aku selak arep liya gawe!” pangajake Bu Budi terus klepat dhisiki.

Sing diajak mung mangsuli, ora ndang nututi. Pikirane malah mubeng seser kaya kitiran eling kabeh tembunge tangga-teparone olehe misuh-misuhi dheweke entek amek kurang golek.

“Pak, iki ngunjuk teh dhisik, mengko selak adhem lho, aja ana kono wae!” pambengoke sisihane karo nggawa baki isi wedang rong gelas, mendhoan anget sapiring, terus diselehake ing mester ngarepan.

Sing dibengoki gleler-gleler marani asale swara, terus lungguh mester, njejeri sisihane. Tehe anget terus disruput. Sinambi mangan mendhoan Pak Budi takon sisihane, “Piye Bune pangiramu, sapa hara sing lapor tekan Kadhese!”

Sing ditakoni penak wae karo nerusake mangan mendhoan sing isih ana tangan, “Sapa meneh yen ora Pak Midi. Dakkandhani ya Pak, dhek emben Pak Ganda rak nemoni aku, ngendika manawa pekarangane Pak Setra kuwi wis dibayar kontan, sing nekseni ketua pemudha, Pak Kadhus, malah Pak Kepala Urusan Pemerintahan Desa uga dadi seksi. Nah..seksi-seksi mau sake padha. didlesepi amplop, blesek ...blesek, pangiraku sing nggawa munggah Pak Kaurpem kuwi. Lha yen awake dhewe dipenet Pak Kadhes rak terus manut!”

Pak Budi olehe ngrungokake karo mentheleng, gumun campur

kaget. 124