Kaca:Panjurung.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Pa LH 4

Pak Kadhus mung ndhungkluk ora wani ndengengek, “Ngaten Pak Kadhes, Pak Budi sekaliyan punika boten purun tumut biyantu damel margi pertolongan dhusun, mila kasumanggakaken keputusanipun Bapak.”

“Rak nggih ngaten ta, Pak Kadhus?” ngendikane Pak Kaurpem ditujokake marang Kadhuse sing wis wiwit wani njengengek.

“Ing... ing...inggih, Pak!” ature rada pulih kekendelane, “pancen prastawa punika nembe kemawon kok Pak, saestu dereng dangu.”

“Wis, Pak Kandar, ayo aku boncengna, tema niliki panggonane!” ngendikane Pak Wiryo, priyayi sepuh sing yuswane meh pitung puluh lima taun, marang Kaurpem, pembantune. Ora kesupen pamit karo punggawa liyane menawa arep tindak menyang dhusun kepel sedhela.

Pak Kaurpem olehe numpak sepedha motore alon kadherekake Pak Budi sakloron. Dene Pak Kadhus diboncengake punggawa kantor njujug lokasi prastawa, iya ing kiwa omahe Pak Budi, kanthi ora diweruhi ing tangga teparo kajaba Pak Ganda kang omahe kaliwatan lakune arak- arakan motor mau.

“Mangga, Pak Budi, kula diterake ngubengi dhusun niki daksumerep dalan-dalane,” pangajake Pak Kadhus ditujokake marang Pak Budi sakloron. Malah iya banjur liyane padha ndherek. Dadi kaya arak-arakan sing arep nggoleki pesakitan.

Lakune arak-arakan liwat tengen omahe Pak Budi terus mangidul tekan dalan gedhe, ngiwa liwat dalan dhusun nratas tekan lokasi ing kulone Pak Budi.

“Lha punika, Pak Kadhus, leresipun margi ingkang sakawit sampun dipundamel dening dhusun ngriki mbagi pekawisipun Pak Setra: Kula inggih sampun tumut damel sesarengan Pak Setra. Gandheng siti punika dipuntumbas Pak Midi kanthi sesidheman, malah lajeng diedegi griya kados sapunika, kula boten purun urun malih kangge damel enggal, nratas pekawisan kula sisih ngriki mengaler,” ature Pak Budi karo sedhakep nahan emosi.

"Kita purun urun malih yen dalan punika kados sakawit ingkang nratas griya punika,” wangsulane Bu Budi karo nudingi omahe Pak Midi sing magrong-magrong cakrik lojen, kanthi porselin sing mencorot.

“0 ... ngaten ta, Pak, kula mangertos prekawisipun kenging menapa sampeyan diarani mbangkang dening tangga tepalih sampeyan,”

126