Kaca:Panjurung.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Terus priye olehe ngrampungake ana Pencatatan Akte Tanah ing Kecamatan mengko ... wong jeneng Setro Konthet kuwi ing kantor kuwalon sing lunga Sumatra. Kelingan ta bu ngendikane Pak Kadhus karo awake dhewe, dhek lapor arep nuku pekarangan iki? “Ngatos-atos Pak Budi niki pekawisan sengketa, E... bareng dibleseki kok bisa diputusi.”

“Wis, Pak, diterusake karo mlaku. Sing pokok suk Selasa sowan Pak Kadhus, nyawisake jawaban sing maton,” wangsulane Bu Budi ngantepake karo isih nerusake guneme, “jane aku isih ngganjel karo omongane Pak Joyo Lele lor kono kae Iho, Pak .. ngina banget. 'Pun Bu, sampeyan maringi pekarangan sameter kan 8ge mbangun dalan umum." Kok ora ngelingi anake wae sakkandhang koplak.”

Dina Selasa Pak Budi tindak PIKA Pengok, ngantor sedhela. Jam 09.00 pamit Kepalane, terus ngidul ngampiri Bu Alinah, iya sisihane, sing mulang ana SLTP Swasta ing Yogya uga.

Lakune dibandhangake wae, njujug ing Kantor Kadhes Trucuk. Bareng wis tekan, sepedha motore diselehake banjur ngadeg ngarepan ngenteni tekane Pak Kadhus. Pak Kadhus duwe rasa ora kepenak, mengko bakal ketemu Pak Budi sakloron sing wis dijanjeni arep mbiyantoni ngrancagake dum waris lemah sengketa tangga tunggal pagere. Nanging kanyatan seje sing diadhepi. Ora krasa lakune wis tekan gapura terus mlebu ing plataran, gragapan krungu uluk salame Pak Budi, terus runtung- runtung mlebu kantor. Diacarani Pak Kaurpem terus padha sowan Pak Kadhes.

“Mangga ...mangga lenggahe riki mawon, Bu ,. Pak! Ngga riki Kadhuse, enten napa kok biasane piyambak. Sowanan niki ndadak nggawa pendherek, Pak lan Bu sinten kula kok dereng mangertos.” ngendikane Pak Kadhes karo mirsani Pak Budi sakloron,

“Kula Budi Sunaryo lan punika Alinah, semah kula,” karo nuduhake sisihane sing ana sisihe,

“Critakna Kadhuse, ana apa lagi wingi kowe lapur yen dhusun Kepel ora ana apa-apa, jare apik, aman kemawon, Pak, Priye gaweyanmu kok ora beres?” ngendikane Pak Kadhes sing wis sepuh ora nganggo

basa barang nuduhake yen lagi duka temenan,

125