Gara-gara

Saka Wikisumber
[ 67 ]

11 GARA-GARA

Éka sawiji, bumi dununging titah. Dwi loro, sawah unggyan tetuwuhan. Tri telu, tirta pasabaning mina. Catur papat, akasa pasabaning iber-iberan. Panea lima, ardi pikukuhing jagad. Sad enem, janma pranataning buwana. Sapta pitu, ratu janma panutaning bumi. Hasta wolu, pandhita kang bentur tapané. Nawa sanga, déwa panutaning janma. Dasa sapuluh tetengering kasampurnan.

Gara-gara ing mangsa Katiga. Bumi gonjing, tan ana udan; lamun ana kepara salah mangsa, karya curesing tetuwuhan. Siti samya nela anjurang cerung isi gegremetan mawa wisa. Sato kéwan pating bilunglung tambuh-tambuh paraning marga. Pan as anggegirisi tan antuk pangéyuban, temahan pejah pating selebar sapara-para. Kathah tetanduran tanpa tuwuh, cures déning sepining tirta, tambuh-tambuh sinerang ing sato kang tan antuk tetedha. Curesing tetuwuhan anjalari sepining boga. Kathah janma kasangsaya. Culika angambra-ambra rebut gesang tan wigih tindak druhaka. Sato tirta, mina raksaka sapepadhané sami kasangsaya ingendi-endi, panas tan antuk panonoban. Kang alit-alit pejah dadya mangsa kang ageng-ageng, bebasan ana titah mangan rowang katemahan. Iber-iberan tambuh-tambuh paraning ngungsi pangayoman, memangsan saged pinangguh; temah samya pejah tumibèng bantala, pating slebar pating blesar saenggèn-enggèn. Gunung pepetoking jagad njomplang, kang bumi tan timbang, jugrug, karya sangsaya; lindhu ping selikur sadina, karya rusaking wewangunaning bumi. Janma kathah-kathah kasangsaya, pepati angambra-ambra, kang rosa mangsa kang ringkih, sirna pranataning madyapada.

Ratu tan kuwawa ngendhak kang gara-gara; jer muhung titah sawantah tan kantun kapanduk ing panca baya. Pandhita adreng memuja, meminta sih-nugrahaning Bathara sirepa kang gara-gara. Samya lumajeng mring pucuking arga, angudanaken sekar-sekar, lumrang kang banjaran sari, nanging tan kendhak gara-garaning bumi. Temah samya asrah ing jawata, pepuntoning nala sumarah mring Kang Mahakuwasa, yèn karsa anglebur buwana. Déwa kena lara tan kena ing pati, nandhang kasangsaya tan taha-taha. Sampurna wijiling gara-gara, ing buwana sintru, peteng ndhedhet, kilat-thathit sesondhèran, dhèdhèt érawati ngakak, kumitir [ 68 ]petité Hyang Anantaboga, sunguné lembu Andini, kawah Candradimuka pinçla kinebur, mblèbèr blegdaba lubèr mring bumi, tambah-tambah karya kasangsaya.

Énggar tyasé Kang Murbèng Titah, wus andadar kahananing madyapada, minangka pangènget-èngeting janma mring Kang Akarya Jagad, ya Kang Maha-Tunggal. Kayektèn pangwasané Kang Maha-Amasésa, tan linawan mring sagung dumadya. Nanging manungsa asipat kumawasa, tan ngrasa anampi coba.

Parandéné anatitah awujud bajang sakembaran. Siji anggawa pecut, karsanya anggiring maruta, sajuga anyangking batok bolu, sanggupé arsa nawu sagara. Kekaroné papagan ing dlanggung prapatan, sulayaning rembag dadya pancakara, dreg-udregan rebut unggul, wijining kang karya gara-gara.


Gangsa mungel Sarnpak pathet 9. Garèng kaliyan Pétruk sami kekerengan ramé, boten wonten ingkang kawon. Telas-telasing pancakara, sami tataban sarni sirah, buncur dhawah kantaka, gumlinting ing kisma. Bagong dhateng, tiyang kekalih lajeng kagéndhong wangsul, sowan ingkang rama (kaentas). Semar tancep ing palenggahan tengen majeng mangiwa. Gangsa suwuk tanpa pathet. Lajeng kacariyosaken:


— Wau ta, sasirnaning kang gara-gara, ing bang wétan ka'ton ana téja. Sasirnaning kang téja katon metutuk kaya gumuk. Mbegogok kaya ténggok. Sajatiné iku Bathara Ismaya kang tapa ngramé kinarya pamongé para satriya kang utama budiné. Tapa ngrarné arnémba kawula karan Kyai Lurah Semar, Badranaya, ya Nayantaka. Nalika samana Lurah Semar nuju kewangkungen déné pisah anaké tetelu. Wonten laré ngarit, lajeng tinakènan:


Semar: Tholé! Tholé! Bocah ngarit kang nyengkelit kranjang, nyunggi arit!
Laré ngarit: Klintu, kyai. Nyengkelit arit, nyunggi kranjang, boten nyengkelit kranjang nyunggi arit.
Semar: É, iya benerna dhéwé kono, aku wong wis tuwa, bléro tembungku. Apa kowé mau weruh dèn bagus dèn bagus anakku, hè?
Laré ngarit: Putra panjenengan ingkang pundi, kyai? Kula dèrèng dhamang
Semar: É, putraku endi manèh yèn ora wong tetelu. Kang tuwa dèn bagus Garingan, irungé kaya mondholan, tangané céko,
[ 69 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/81 [ 70 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/82 [ 71 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/83 [ 72 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/84 [ 73 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/85 [ 74 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/86