Menyang kontèn

Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

72

Javanese Literature since Independenee


ngrenani panggalih patrap kula? Yèn makaten mugi kersaa paring pangaksama, lajeng kersaa paring ḍawuh, ndaraaa! Hiii, priyé, tolé, bendaramu katik kèndel baé. Mara lipuren, tolé, bèn lejar penggalihé, bèn énggal paring ḍawuh.

Bagong: Mung ḍawuh wé kok disuwun ta, maaa? Lumuh temen nganggur. Mengko yèn diḍawuhi rekasa ya nyebut.

Semar: Hiii, ora kaya kowé, Bagong. Bendarané susah malah cikrakcikrak, kaul ngaji pupung. Ora ngélingi jejermu dadi pamong, hé?

Bagong: Pamong iku gawéané rak momong. Momong angger sing dimong wis meneng arep apa manèh, hayo?

Semar: Hiii ... , saya ndluya! Ééé, tolé Garèng, mara lipuren bendaramu, tolé.

Garèng: U-huk ... , olèhku nglipur priyé ta, ma? Bisaku mung rengengrengeng.

Semar: É, rengeng-rengeng ya bèn, tolé, waton bisa lejar panggalihé bendaramu.

Garèng: Ya, coba dak rengeng-rengeng tembang kinanti. Wah, nanging larasé apa? Wis bèn, ana ngalas ora ana gamelan wé kok. Ndara, kula ingkang abdi pun Nalagarèng. Ndara, kula nyuwun ḍawuh. Ndara, kula nyuwun ... nyuwun ... nyuwun ...

Bagong: Maklumé waé, kang.

Garèng: Huus, waḍuh, ora genah, dianggep wong ngemis awakku. Bagong kaya ḍemit, oraaa?

Bagong: Jenèh, matur kok 'nyuwun ... nyuwun ... nyuwun' ora wis-wis.

Pétruk: 0, kang Garèng ora ngerti lagéyané ndara Janaka. Lha wong ndara Janaka kok ditembangaké kinanti. Karemané bendara kuwi tembang pangkur. Coba tak-tembangné, mengko rak lejar. (Pétruk nembang pangkur.)

Bagong: Rora pasah! Mangsa bénjoha! Ora. Ndara kuwi remenané ora tembang, nanging dongèng.

Pétruk: Lha kok kowé, Gong, ngerti?

Bagong: Lha yèn soré sok menyang nggonku njaluk didongèngaké kok. Malah kala mangsa turu nggonku ki.

Pétruk: Rupamu kaya lampor ngono, Gong. Ya wis, coba ndongènga!

Bagong: Apa kowé wis ngerti asal-usulé kang Garèng, kang Pétruk karo aku?

Pétruk: Durung. Yèn kowé ngerti mara dongèngna!

Bagong: Ngéné, ya. Nalika Semar sepisanan muḍun ing marcapada, tiba jleg ing Pasar Legi Sala. rng kono banjur ketemu karo kéré