Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/79

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

11 GARA-GARA

Éka sawiji, bumi dununging titah. Dwi loro, sawah unggyan tetuwuhan. Tri telu, tirta pasabaning mina. Catur papat, akasa pasabaning iber-iberan. Panea lima, ardi pikukuhing jagad. Sad enem, janma pranataning buwana. Sapta pitu, ratu janma panutaning bumi. Hasta wolu, pandhita kang bentur tapané. Nawa sanga, déwa panutaning janma. Dasa sapuluh tetengering kasampurnan.

Gara-gara ing mangsa Katiga. Bumi gonjing, tan ana udan; lamun ana kepara salah mangsa, karya curesing tetuwuhan. Siti samya nela anjurang cerung isi gegremetan mawa wisa. Sato kéwan pating bilunglung tambuh-tambuh paraning marga. Pan as anggegirisi tan antuk pangéyuban, temahan pejah pating selebar sapara-para. Kathah tetanduran tanpa tuwuh, cures déning sepining tirta, tambuh-tambuh sinerang ing sato kang tan antuk tetedha. Curesing tetuwuhan anjalari sepining boga. Kathah janma kasangsaya. Culika angambra-ambra rebut gesang tan wigih tindak druhaka. Sato tirta, mina raksaka sapepadhané sami kasangsaya ingendi-endi, panas tan antuk panonoban. Kang alit-alit pejah dadya mangsa kang ageng-ageng, bebasan ana titah mangan rowang katemahan. Iber-iberan tambuh-tambuh paraning ngungsi pangayoman, memangsan saged pinangguh; temah samya pejah tumibèng bantala, pating slebar pating blesar saenggèn-enggèn. Gunung pepetoking jagad njomplang, kang bumi tan timbang, jugrug, karya sangsaya; lindhu ping selikur sadina, karya rusaking wewangunaning bumi. Janma kathah-kathah kasangsaya, pepati angambra-ambra, kang rosa mangsa kang ringkih, sirna pranataning madyapada.

Ratu tan kuwawa ngendhak kang gara-gara; jer muhung titah sawantah tan kantun kapanduk ing panca baya. Pandhita adreng memuja, meminta sih-nugrahaning Bathara sirepa kang gara-gara. Samya lumajeng mring pucuking arga, angudanaken sekar-sekar, lumrang kang banjaran sari, nanging tan kendhak gara-garaning bumi. Temah samya asrah ing jawata, pepuntoning nala sumarah mring Kang Mahakuwasa, yèn karsa anglebur buwana. Déwa kena lara tan kena ing pati, nandhang kasangsaya tan taha-taha. Sampurna wijiling gara-gara, ing buwana sintru, peteng ndhedhet, kilat-thathit sesondhèran, dhèdhèt érawati ngakak, kumitir