Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/80

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

68

Javanese Literature since Independence

petité Hyang Anantaboga, sunguné lembu Andini, kawah Candradimuka pinçla kinebur, mblèbèr blegdaba lubèr mring bumi, tambah-tambah karya kasangsaya.

Énggar tyasé Kang Murbèng Titah, wus andadar kahananing madyapada, minangka pangènget-èngeting janma mring Kang Akarya Jagad, ya Kang Maha-Tunggal. Kayektèn pangwasané Kang Maha-Amasésa, tan linawan mring sagung dumadya. Nanging manungsa asipat kumawasa, tan ngrasa anampi coba.

Parandéné anatitah awujud bajang sakembaran. Siji anggawa pecut, karsanya anggiring maruta, sajuga anyangking batok bolu, sanggupé arsa nawu sagara. Kekaroné papagan ing dlanggung prapatan, sulayaning rembag dadya pancakara, dreg-udregan rebut unggul, wijining kang karya gara-gara.


Gangsa mungel Sarnpak pathet 9. Garèng kaliyan Pétruk sami kekerengan ramé, boten wonten ingkang kawon. Telas-telasing pancakara, sami tataban sarni sirah, buncur dhawah kantaka, gumlinting ing kisma. Bagong dhateng, tiyang kekalih lajeng kagéndhong wangsul, sowan ingkang rama (kaentas). Semar tancep ing palenggahan tengen majeng mangiwa. Gangsa suwuk tanpa pathet. Lajeng kacariyosaken:


— Wau ta, sasirnaning kang gara-gara, ing bang wétan ka'ton ana téja. Sasirnaning kang téja katon metutuk kaya gumuk. Mbegogok kaya ténggok. Sajatiné iku Bathara Ismaya kang tapa ngramé kinarya pamongé para satriya kang utama budiné. Tapa ngrarné arnémba kawula karan Kyai Lurah Semar, Badranaya, ya Nayantaka. Nalika samana Lurah Semar nuju kewangkungen déné pisah anaké tetelu. Wonten laré ngarit, lajeng tinakènan:


Semar: Tholé! Tholé! Bocah ngarit kang nyengkelit kranjang, nyunggi arit!
Laré ngarit: Klintu, kyai. Nyengkelit arit, nyunggi kranjang, boten nyengkelit kranjang nyunggi arit.
Semar: É, iya benerna dhéwé kono, aku wong wis tuwa, bléro tembungku. Apa kowé mau weruh dèn bagus dèn bagus anakku, hè?
Laré ngarit: Putra panjenengan ingkang pundi, kyai? Kula dèrèng dhamang
Semar: É, putraku endi manèh yèn ora wong tetelu. Kang tuwa dèn bagus Garingan, irungé kaya mondholan, tangané céko,