Dheweke lan Dheweke

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Panjurung

[ 11 ]DHEWEKE LAN DHEWEKE

Theresia Yuniaryani

Jam pelajaran sekolah sing kaping pitu lan wolu watara jam rolasan pancen sawijining pacoban tumrap murid-murid. Hawane panas, awak wis krasa kesel lan ngantuk, isih kudu nggatekake pelajaran. Semono uga Wiwid, sawijining murid kelas loro SMU iku, lagi aras-arasen nampa pelajaran Matematika sing gurune kondhang galak.

Byar! Ngantuke Wiwid ilang sanalika. Ing ngarepe ana kertas untel-untelan sing dibandhemake dening sapa, Wiwid ora ngerti. Tangane Wiwid alon mbukak kertas sing pranyata sawijining layang, nanging mripate ora kedhep ngawasake pak guru, mundhak konangan yen ora nggatekake pelajaran.

“Badhalidhi sedhekodhaladhah medhengkodho yadhal! Nudhumpadhak modhotodhorkudhu tudhur madhampidhir nedheng nggodhonedhe padhak Kridhiyadha widhis. Podhakodhokedhe kudhududhu gedheledhem! Sadhakadha Jodhokodho.”

Pancen layang sing mangkono iku sing kerep dienggo murid nalika lagi pelajaran awit pancen aman, arepa konangan guru nanging guru ora bakal ngerti isine. Surat iku isine mangkene.

“Bali sekolah mengko bareng ya! Numpak motorku, tur mampir meng nggone Pak Kriya wis. Pokoke kudu gelem! Saka Joko.”

Sawise maca surat kuwi Wiwid mengo ana panggone Joko. Joko mung ngedhepake mripate sing sisih kiwa. Wiwid banjur mecucu. Pak Guru sing mulang, mlaku ana ngarep mejane Widid. Leli kanca samejane Wiwid nyikut-nyikut Wiwid.

“Wid, kena apa tutukmu kuwi?” ngendikane Pak Guru gawe kagete Wiwid sing lagi wae madhep mburi. Wiwid mangsuli nanging karo ngampet isin.

“Anu, menika wau mm .., wonten laler mencok dhateng pipi lajeng kula gusah sarana ngajengaken tutuk awit tangan kula saweg nulis, Pak!”

Ora bisa diampet murid-murid liyane padha ngguyu kemekelen. Kelas sing anteng iku dadi pating cruwit ora karu-karuan. Dhasare

11 [ 12 ]kesempatan kaya ngono asring digunakake murid-murid kanggo leren olehe pelajaran. Sok-sok diterusake clekopan sing marahi tambah gayeng. Pokoke yen ana murid siji sing nylekop banjur bisa keterusan yen gurune ora bisa ngrampungi.

Bel sekolah muni. Pancen iku sing diantu-antu dening murid- murid. Sawise sembahyang bareng banjur pating glodhag ngangkat kursi ing mejane. Lawang kelas dadi suk-sukan padha rebutan metu saka kelas. Nanging isih ana sing kober jungkatan lan pupuran barang, ora ngrewes manawa ana kanca lanang utawa wadon ngelokake utawa nggodhani.

“Wid, Wiwid... ayo bali!” pambengoke Joko wedi yen kelangan enggok. Keprungu uga pambengoke Wiwid aweh wangsulan, ananging swara iku ora pati cetha awit kasilep swarane kanca-kanca liya sing ya padha umyek dhewe.

“Ko ... tak enteni neng cedhak gerbang wae ya, ben gampang olehe metu mengko!”

yya

Joko pancen wis suwe ngesir Wiwid. Kabeh tangkepe marang Wiwid nduweni teges yen Joko ketarik marang Wiwid. Lan saiki Joko kasil ngejak Wiwid dolan. Pancen sawijining wektu sing langka bisa ngejak cewek sing dadi favorit ing kelas. Wiwid sing ayu, ireng manis, pinter, lan dadi idhola sakelase mungkin uga sasekolahan. Ah ... ndaiba senenge bisa dadi kanca rakete, Mangkono lamunane Joko karo nuntun sepedha motore tumuju ing gerbang sekolah. Sacedhake gerbang Wiwid wis ngenteni Joko.

“Ayo Wid, gek mbonceng!” prentahe Joko karo nguripake motore banjur nglebokake neng gigi siji. Wiwid nyengklak mbonceng. Montor banjur nggeblas, diplayokake Joko. Sadalan-dalan kekarone mung meneng. Amem. Kikuk arep mbukani rembug, mangka menawa ana sekolah bisa bebas ora sarwa kikuk kaya saiki.

Ing warunge Pak Kriya, Wiwid mudhun. Joko markirake motore banjur ngejak Wiwid mlebu kanggo pesen maem lan mimike, Sawise pesen kekarone metu milih panggonan sing isih sela lan sing ora pati rame. Warunge Pak Kriya iku kondhang bakso urate. Kursi lan meja ora ana ing njero warung kaya liya-liyane ananging ana plataran sing jembar lan akeh wit-witane. Dadi saliyane bisa ngicipi bakso urat sing enak bisa

12

| [ 13 ]uga nyambi nyawang sesawangan sing marahi ati ayem. Wit-witane tinata apik, ijo royo-royo.

“Wid, sakjane aku ngejak kowe ana kene kuwi ana bab sing arep dakomongke marang kowe.”

“Kowe kuwi kok ngedheg-edhegi ta, Ko.”

Anteng! Mripate Joko nyolong-nyolong ndelokake Wiwid. Wiwid uga ngono nganti mripate wong loro iku gathuk. Tempuk! Wong loro ndhingkluk. Raine Wiwid mbrabak abang, lathi sing nggula sathemlik iku mesem, Nyes! Atine Joko kaya kasiram banyu es nalika meruhi esem iku.

Joko arep nerusake guneme nanging ora sida awit bakso lan es sing dipesen wis diterke. Joko lan Wiwid banjur ngentekake isining mangkok lan gelas. Dhasare lagi wae bubaran sekolah, wetenge padha ngelih dadi olehe maem ya katon enak banget. Sawise rampung olehe maem Joko nerusake guneme.

“Mbaleni omonganku mau, aku pengin anu ...aku ,..nganu...”

“Kowe kuwi lho kawit mau marahi jantungku dadi senam!” sumaure Wiwid karo ngguyu alon. Tangane Wiwid ibutnumpuk mangkok sing mentas dienggo. Kecap, saus, lan sambel ditata dadi siji.

“Ngene ya, Wid, aku pengin awake dhewe dadi kanca sing luwih raket.”

“Akungerti karepmu, Ko, nanging aku njaluk wektu kanggo aweh wangsulan.” |

“Ora papa, Wid. Aku menehi wektu kanggo kowe. Kabeh keputusanmu aku bakal nampa.”

“Matur nuwun, Ko, dene kowe menehi wektu kanggo aku awit iki nyangkut dalaning uripku.”

Joko lan Wiwid padha mesem, tangane Joko nggegem tangane Wiwid, Kekarone ora nyuwara nanging atine lan mripate padha wicara ngemu teges sing jero kanggone sing nglakoni.

Wong loro ngadeg. Joko mbayar maem lan mimik. Sawise mbayar wong loro tumuju ing parkiran. Joko njupuk motor banjur ngeslah, ing mburi Wiwid nyengklak mbonceng. Motor banjur mlayu nggeblas ninggalake swara sing saya suwe mung keprungu lamat-lamat. Banjur ora keprungu maneh.

Wkk

13 [ 14 ]Kelase Wiwid sing maune umyek lan pating cruwit dadi anteng sawise Bapak Kepala Sekolah mlebu karo sawijining nom-noman bagus. Dedege dhuwur ora pati lemu, pokoke atletis, kulite ireng manis nanging resik ketara yen diopeni.

“Bocah-bocah, guru olahragamu Pak Wibi wis ora mulang maneh sebab arep gawe skripsi. Mbiyen olehe mulang ana kene amarga olehe PKL ana kene apik lan ora nguciwani, lan sekolah banjur narik Pak Wibi dadi puru ana kene. Saliyane mulang ana kene, Pak Wibi tetep kuliah. Pas wektune gawe skripsi, Pak Wibi mandheg olehe mulang awit mundhak terganggu. Dienggo gantine, ing kiwaku iki sawijining guru olahraga sing arep ngganteni Pak Wibi. Perkara asma lan sapiturute bakal diaturake panjenengane.”

Bapak Kepala Sekolah metu saka kelas. Kelas dadi rame. Wis dadi pakulinane murid-murid yen ana guru anyar mesthi dipojlog entek- entekan. Yen mentale pancen kuat ya ora papa nanging manawa ora nduwe persiapan bahan lan gemrobyos sarta dheg-dhegan mesthi digodhani entek-entekan.

“Cakep ya, Lel?” bisike Wiwid kanggo Lely. Lely dhewe banjur manthuk, mesem.

“Wah aja-aja kowe jatuh cinta padha pandhangan pertama, Wid”.

Ing ngarep kelas, Pak Guru anyar mesam-mesem nambahi manise. Atine Wiwid ketarik marang Pak Guru iku. Mripate ora kedhep ngawasake.

“Namanya siapa, Pak?” Clekope sawijining murid.

“Nama saya Ardi Nurdianto, panggilannya Nur. Alamat saya di Jalan Kenari, nomor 12.”

“Yang nanya alamat siapa, Pak?”

“Lha siapa tahu ada yang mau main ke rumah saya.”

“Kok nomernya nggak sekalian 13, Pak?”

“Wah nomer 13-nya khusus buat dhukun di kampung saya.”

Saben pelajaran olahraga, Wiwid ora pedhot-pedhot nyawang Pak Nur. Tindak-tanduke Wiwid marang pak Nur ngisaratake menawa dheweke pengin cedhak lan luwih raket marang Pak Nur. Pak Nur dhewe sing isih enom uga pengin cedhak marang muride, nanging mung sawates

14 [ 15 ]akrab antarane guru lan murid.

“Wid, kowe kuwi piye ta? Mengko nek Pak Nur wis duwe pacar, piye?”

“Lely, aku cedhak karo Pak Nur kuwi mung pengin akrab. Nanging manawa ana kesempatan ya ora salah ta aku nyoba dadi kanca rakete,” wangsulane Wiwid karo mesam-mesem.

“Lel, sajane Joko wis nyatakake manawa dheweke tresna marang aku.”

“He, Joko kanca sakelase awake dhewe?”

“Haa!”

“Banjur kowe nampa dheweke ora?”

“Akunjaluk wektu kanggo aweh wangsulan.”

“Apike kowe nampa Joko wae, awit kowe uwis ngerti piye atine Joko marang kowe. Manawa kowe isih ngarepake Pak Nur, kowe isih durung ngerti piye atine Pak Nur marang kowe. Arepa kowe oleh dolan menyang daleme Pak Nur, nanging isa uga Pak Nur mung nganggep kowe muride sing pengin kekancan.”

“Nanging aku isih bingung je, Lel.”

“Kok bingung ta? Joko kae rak bocahe ora ugal-ugalan ta, utege encer sisan.” F;

“Piye ya, Lel. Manawa aku nampa Joko, atiku, pikiranku isih mikirake Pak Nur. Manawa pilih Pak Nur, aku mikirake Joko. Wah ... bingung aku.”

“Yawis Wid. Kowe pancen sing nemtokake kaputusan, nanging aku sawijining kanca mung bisa urun rembug.”

“Matur nuwun, Lel, tak pikire meneh kanthi temenan.”

Isih angel pancen kanggone Wiwid nglalekake jejering Pak Nur. Pak Nur sing bagus, Pak Nur sing gagah, Pak Nur sing dhewasa, Pak Nur sing pinter olahraga. Pokoke Pak Nur sing kanggone Wiwid ora nduwe cacat iku ora bisa dilalekake. Dene Joko, ah... sawijining kanca sing apikan, pinter, ora ugal-ugalan lan sing nresnani Wiwid. Wah...sarwa bingung Wiwid nampa salah sijining priya iku.

kakak

15 [ 16 ]Layang saka Joko diwaca. Surasane Joko pengin omong-omongan karo Wiwid sawise sekolah sesuk. Wiwid glimpungan dhewe ana kamare, dheg-dhegan ana apa Joko ngejak Wiwid rembugan.

“Aja-aja dheweke ngerti manawa aku uga nresnani Pak Nur? Nanging saka ngendi dheweke ngerti manawa aku tresna marang Pak Nur? Apa Lely, kanca raketku kae kandha marang Joko? Nanging apa mungkin Lely tega nglanggati memitran karo aku? Ah... ana apa, ya?”

Esuke bubar sekolah sepi, ora ana bocah-bocah saliyane Joko lan Wiwid. Kekarone lungguh ana dhingklik dawa sangarep kelas. Joko nyelehake tas sing dicangklongake ana pundhake banjur mbukani rembug.

“Wid, olehku ngejak rembugan ana kene kuwi aku pengin ngerti piye wangsulanmu ngenani pitakonku biyen.”

“Ko, aku durung bisa aweh wangsulan saiki.”

“Kena apa Wid, apa wektu sing dakwenehake durung cukup kanggonglimbang?” /

“Ora ngono, Ko! Nanging...”

“Apa wis ana wong liya sing bok tresnani, Wid?”

“Ko ... aku pengin luwih cedhak dhisik karo kowe. Sawise cedhak lan aku rumangsa cocok lan sreg marang kowe, aku bakal aweh wangsulan.”

“Oke, yen ngono panjalukmu. Eh... piye Wid yen sesuk Minggu kowe dolan menyang omahku, kowe ora ana acara, ta?”

“Hm..m.. ora, aku ora ana acara.”

“Kowe saguh ta? Mengko tak pethuk jam sepuluh esok, ya?”

“Ya. Saiki bali, yok!”

Dina Minggu Wiwid dipethuk Joko ana omahe. Wiwid nganggo jins biru tuwa lan kaose biru enom. Ora dandan nanging tetep manis, Joko sing nyawang kepranan mrangguli kahanan iku. Sawise pamit marang ibune Wiwid, kekarone banjur nggeblas tumuju omahe Joko.

Tekan kana Joko nglebokake sepedha motore ana garasi banjur ngejak Wiwid tumuju ruang tamu. Ruang tamu iku ana rame-rame lan swara-swara kang nuduhake yen lagi ana tamu.

“Ko, ana tamu, pa?”

“Iya. Nanging ora papa Wid. Paling ya mung Omku lan Mbak Yuni, pacare. Yok mlebu.”

“We lha Joko ta. Wis bali, Ko?”

16 [ 17 ]“Ha-aOm. Eh...Wid, iki Omku. O...iya kowe durung ngerti ya menawa Pak Nur iki Omku?”

Wiwid plenggongan. Bingung. Atine ora karu-karuwan sawise ngerti yen Pak Nur iku Om-e Joko.

“Wadhuh, piye iki?”