Kaca:Panjurung.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Layang saka Joko diwaca. Surasane Joko pengin omong-omongan karo Wiwid sawise sekolah sesuk. Wiwid glimpungan dhewe ana kamare, dheg-dhegan ana apa Joko ngejak Wiwid rembugan.

“Aja-aja dheweke ngerti manawa aku uga nresnani Pak Nur? Nanging saka ngendi dheweke ngerti manawa aku tresna marang Pak Nur? Apa Lely, kanca raketku kae kandha marang Joko? Nanging apa mungkin Lely tega nglanggati memitran karo aku? Ah... ana apa, ya?”

Esuke bubar sekolah sepi, ora ana bocah-bocah saliyane Joko lan Wiwid. Kekarone lungguh ana dhingklik dawa sangarep kelas. Joko nyelehake tas sing dicangklongake ana pundhake banjur mbukani rembug.

“Wid, olehku ngejak rembugan ana kene kuwi aku pengin ngerti piye wangsulanmu ngenani pitakonku biyen.”

“Ko, aku durung bisa aweh wangsulan saiki.”

“Kena apa Wid, apa wektu sing dakwenehake durung cukup kanggonglimbang?” /

“Ora ngono, Ko! Nanging...”

“Apa wis ana wong liya sing bok tresnani, Wid?”

“Ko ... aku pengin luwih cedhak dhisik karo kowe. Sawise cedhak lan aku rumangsa cocok lan sreg marang kowe, aku bakal aweh wangsulan.”

“Oke, yen ngono panjalukmu. Eh... piye Wid yen sesuk Minggu kowe dolan menyang omahku, kowe ora ana acara, ta?”

“Hm..m.. ora, aku ora ana acara.”

“Kowe saguh ta? Mengko tak pethuk jam sepuluh esok, ya?”

“Ya. Saiki bali, yok!”

Dina Minggu Wiwid dipethuk Joko ana omahe. Wiwid nganggo jins biru tuwa lan kaose biru enom. Ora dandan nanging tetep manis, Joko sing nyawang kepranan mrangguli kahanan iku. Sawise pamit marang ibune Wiwid, kekarone banjur nggeblas tumuju omahe Joko.

Tekan kana Joko nglebokake sepedha motore ana garasi banjur ngejak Wiwid tumuju ruang tamu. Ruang tamu iku ana rame-rame lan swara-swara kang nuduhake yen lagi ana tamu.

“Ko, ana tamu, pa?”

“Iya. Nanging ora papa Wid. Paling ya mung Omku lan Mbak Yuni, pacare. Yok mlebu.”

“We lha Joko ta. Wis bali, Ko?”

16