Kaca:Panjurung.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

akrab antarane guru lan murid.

“Wid, kowe kuwi piye ta? Mengko nek Pak Nur wis duwe pacar, piye?”

“Lely, aku cedhak karo Pak Nur kuwi mung pengin akrab. Nanging manawa ana kesempatan ya ora salah ta aku nyoba dadi kanca rakete,” wangsulane Wiwid karo mesam-mesem.

“Lel, sajane Joko wis nyatakake manawa dheweke tresna marang aku.”

“He, Joko kanca sakelase awake dhewe?”

“Haa!”

“Banjur kowe nampa dheweke ora?”

“Akunjaluk wektu kanggo aweh wangsulan.”

“Apike kowe nampa Joko wae, awit kowe uwis ngerti piye atine Joko marang kowe. Manawa kowe isih ngarepake Pak Nur, kowe isih durung ngerti piye atine Pak Nur marang kowe. Arepa kowe oleh dolan menyang daleme Pak Nur, nanging isa uga Pak Nur mung nganggep kowe muride sing pengin kekancan.”

“Nanging aku isih bingung je, Lel.”

“Kok bingung ta? Joko kae rak bocahe ora ugal-ugalan ta, utege encer sisan.” F;

“Piye ya, Lel. Manawa aku nampa Joko, atiku, pikiranku isih mikirake Pak Nur. Manawa pilih Pak Nur, aku mikirake Joko. Wah ... bingung aku.”

“Yawis Wid. Kowe pancen sing nemtokake kaputusan, nanging aku sawijining kanca mung bisa urun rembug.”

“Matur nuwun, Lel, tak pikire meneh kanthi temenan.”

Isih angel pancen kanggone Wiwid nglalekake jejering Pak Nur. Pak Nur sing bagus, Pak Nur sing gagah, Pak Nur sing dhewasa, Pak Nur sing pinter olahraga. Pokoke Pak Nur sing kanggone Wiwid ora nduwe cacat iku ora bisa dilalekake. Dene Joko, ah... sawijining kanca sing apikan, pinter, ora ugal-ugalan lan sing nresnani Wiwid. Wah...sarwa bingung Wiwid nampa salah sijining priya iku.

kakak

15