Kaca:Panjurung.pdf/27

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

uga nyambi nyawang sesawangan sing marahi ati ayem. Wit-witane tinata apik, ijo royo-royo.

“Wid, sakjane aku ngejak kowe ana kene kuwi ana bab sing arep dakomongke marang kowe.”

“Kowe kuwi kok ngedheg-edhegi ta, Ko.”

Anteng! Mripate Joko nyolong-nyolong ndelokake Wiwid. Wiwid uga ngono nganti mripate wong loro iku gathuk. Tempuk! Wong loro ndhingkluk. Raine Wiwid mbrabak abang, lathi sing nggula sathemlik iku mesem, Nyes! Atine Joko kaya kasiram banyu es nalika meruhi esem iku.

Joko arep nerusake guneme nanging ora sida awit bakso lan es sing dipesen wis diterke. Joko lan Wiwid banjur ngentekake isining mangkok lan gelas. Dhasare lagi wae bubaran sekolah, wetenge padha ngelih dadi olehe maem ya katon enak banget. Sawise rampung olehe maem Joko nerusake guneme.

“Mbaleni omonganku mau, aku pengin anu ...aku ,..nganu...”

“Kowe kuwi lho kawit mau marahi jantungku dadi senam!” sumaure Wiwid karo ngguyu alon. Tangane Wiwid ibutnumpuk mangkok sing mentas dienggo. Kecap, saus, lan sambel ditata dadi siji.

“Ngene ya, Wid, aku pengin awake dhewe dadi kanca sing luwih raket.”

“Akungerti karepmu, Ko, nanging aku njaluk wektu kanggo aweh wangsulan.” |

“Ora papa, Wid. Aku menehi wektu kanggo kowe. Kabeh keputusanmu aku bakal nampa.”

“Matur nuwun, Ko, dene kowe menehi wektu kanggo aku awit iki nyangkut dalaning uripku.”

Joko lan Wiwid padha mesem, tangane Joko nggegem tangane Wiwid, Kekarone ora nyuwara nanging atine lan mripate padha wicara ngemu teges sing jero kanggone sing nglakoni.

Wong loro ngadeg. Joko mbayar maem lan mimik. Sawise mbayar wong loro tumuju ing parkiran. Joko njupuk motor banjur ngeslah, ing mburi Wiwid nyengklak mbonceng. Motor banjur mlayu nggeblas ninggalake swara sing saya suwe mung keprungu lamat-lamat. Banjur ora keprungu maneh.

Wkk

13