Serat Pararaton

Saka Wikisumber
Logo Wikipedia
Logo Wikipedia
Wikipedia gadhah artikel ingkang magepokan kaliyan:Serat Pararaton.
Serat Pararaton nganggo aksara Latin (Jawa Kuno) ​kaca 29-60


[ 1 ]
SĔRAT PARARATON,

ATAWA

KATUTURANIRA KEN ANGROK.

__________


Om awighnam astu namas siddham.

Nihan katuturanira ken Angrok. Mulanira duk dinadekĕn manusa, hana anakira rangdyaning Jiput, lumaku tan rahayu amĕgati apusira pinakapaman-cananing byang Suksma; sah sira saking Jiput, angungsi sira ring mandaleng Bulalak. Parabira sang abatur ing Bulalak sira mpu Tapawangkĕng, agawe gopuraning açramanira, pinalampahan wĕdus bang sapalaki dening hyanging lawang. Lingira Tapawangkĕng: "Nora olihing apĕningan dadi agaweya papapatakaning awak, yan amatimatia janma, norana ta amutusakĕna papalakoning cara wĕdus bang ika". Dadi ta sang amĕgati apus angling, asanggup maka-caruaning lawangira mpu Tapawangkĕng, satya ta sira, asanggup pinakacaru, marganira muliha maring Wisnubhuwana tumitis, mareng wibhawajanma, mareng madhyapada muwah, mangkana pamalakunira. Irika ta duk inastwan tumitisa denira mpu Tapawangkĕng tinut i rasaning kapralinauira, amukti ta sira pitung mandala. Ri huwusnira pralina irika ta sira pinakacara denira mpu Tapawangkĕng. Tĕlasira mangkana mür ta sira maring Wisnubhuwana, tan liñok ing rasaning sangketanira sang pinakacara amalaku ta sira titisakĕna ri wetaning Kawi. Sira bhatara Brahma angilingilingi ta sira rowanganirayugaha, huwusing mangkana bana ta wong apangantenan hañar, sĕdĕng akurĕnan sih, lanang aran sira Gajahpara, wadon aran sira ken Ĕndok, angulahakĕn atatanen. Maring sawah ken Ĕndok angirimi lakine Gajahpara, araning [ 2 ]sawah nggenirangirim ring Ayuga, pradeçanira ken Endok aran ing Pangkur.

Tumurun sira irika bhatara Brahma asanggama lawan ken Endok, enggenirayuga ring Tegal lalateng, angenaken strisamaya sira bhatara Brahma: “Hayo kita asanggama lawan lakinta muwah, yan ko asanggamaha lawan lakimu, lakimu mati mwah kacacampuran mene yugamami iku; arane yugamami iku ken Angrok, iku tembe kang amuter bhumi Jawa.” Muksah sira bhatara Brahma. Sira ken Endok anuli maring sawah, katemu sira Gajahpara. Lingira ken Endok: “Kaki Gajahpara wruhanira yen ingsun rinowang asanggama denira hyan tan katinghalan ri Tegal ing lalateng, wekasira ring isun: hayo aturu lawan lakinta muwahmuwah, mati lakinta yan amaksakna aturu lawan kita, kalawan kacacampuran yuganingong iku”. Tumuli mulih sira Gajahpara, teka ring umah den-ajak aturu sira ken Endok, harep den-rowanga asanggama manih. Alumuh sira ken Endok ring ki Gajahpara. “Eh kaki Gajahpara pegat ingsun aomahomah lawan sira, awedi sun ing pangucap sang hyang, tanpaweh yan atemu manih lawan sira”. Lingira Gajahpara: “Nini angapaha, sun-kapakena, suka ingsun yen apegatana kalawan sira, dening renareni kang saking sira den-mulih manih nini maring sira, pomahomahingsun den-mulih manih maring ingsun.” Tumuli huwusing mangkana ken Endok mulih maring Pangkur sabrang lor, sira Gajahpara maler ing Campara sabrang kidul. Durung genep sapasar mati sira Gajahpara. Suraking wong angucap: “Kamakara panase rareng jero weteng iku, durung pira pepegatane ramane lanang wadon, tur wong-atuwane lanang mati.” Wekasan huwus genep leking rare metu rare lanang, binuñcal ing pabajangan denira ken Endok. Dadi hana wong amaling, aran sira Lembong, kasasar ing pabajangan tuminghal ing murub, pinaran denira Lembong, amiresep rare anangis, pinarekan denira Lembong, singgih kang murub rare anangis ika, sinambut ingemban bhinakta mantuk, denaku weka dera Lembong. Angrungu sira ken Endok yen sira Lembong angakuaku weka, ring rowange ki Lembong kang awerta, anengguh rare antuke amamanggih ring pabajangan, katon murub ing ratri. Tumuli pinaran denira ken Endok, singgih siranakira. Kecapira ken Endok: “Kaki Lembong manawa sira tan supeksa ring rare kang deniramanggih iku, anakingsun puniku, kaki; ayun sira kaki wikana purwakanipun, antukira bhatara Brahma asanggama kalawan isun puniku, hayo tanpamule sira ring rare puniku, upama ababu [ 3 ]kakalih abapa tunggal samanipun rare puniku”. Mangkin sangsaya asih sira Lembong sasomah resep, wekasan atuha sakalawonlawon bhinaktanyamamaling denira Lembong. Awayah sapangon sira ken Angrok angering Pangkur. Telas pomahomahira ken Endok muwah sapomahomahira ki Lembong, henti tinotohaken denira Angrok. Wekasan sira angonngon ing siramandala ring Lebak, angon kebo sapasang; alama hilang mahisa kang denirangon ika, ingajen deramandala wolung ewu ring sapasang kebo, mangke ingumanuman sira ken Angrok dening rama-rena kalih: “Lah kaki isun anunggua kalih, lamun sira aja lungha, isun uga anunggonana ring siramandala ring Lebak”. Wesakan tan kedep lungha sira ken Angrok, kari sira ramanira kalih ring Campara mwang ring Pangkur.

Tumuli sira ken Angrok aysah umungsi ring Kapundungan, tanpawilasa kang kongsi pernahing angher. Wonten ta bobotoh saji saking Karuman, aran sira Bango samparan, alah atotohan denira malandag ing Karuman, tinagih tanpangemasi, sah sira Bango samparan saking Karuman ananakti maring Rabut jalu, angrengö ujar saking akaça kinon muliha manih maring Karuman, “hana anakmami anghuwusakena hutangta aran sira ken Angrok.” Sah sira Bango samparan saking Rabut jalu, lumampah saratri, dadi amanggih rare, kahitang widhining hyang denira Bango samparan, singgih ta sira ken Arok, bhinakta mantuk maring Karuman, ingaku weka denira Bango samparan. Anuli maring kabotohan, kapangghih sira malandang denira Bango samparan, linawan atotohan, alah sira malandang, pulih alahira Bango samparan, tuhu yan widhining hyang, mantuk sira Bango samparan, bhinakta mantuk sira ken Angrok denira Bango samparan. Sira Bango samparan sirawayuh angalap-du, sira Genuk buntu rabi tuha, sira Tirthaja rabi anom; hana anakira (rabi anom) pañji Bawuk, panggulu sira pañji Kuñcang, arinira pañji Kunal, sira pañji Kenengkung, wuruju wadon aran sira Cucupuranti. Sira ken Angrok ta sira ingaku anak ta denira Genuk buntu. Alawas sira haneng Karuman, tan apatut sira kalawan parapañji kabeh, donira ken Angrok sah saking Karuman. Tumuli sira ring Kapundungan amanggih sira raryangon anakira tuwan Sahaja, buyut ing Sagenggeng, aran sira tuwan Tita, apasanakan kalawan sira ken Angrok. Antyanta dening padasihsihan sira tuwan Tita kalawan sira ken Angrok. Ateher angher sira ring sira tuwan Sahaja, tan hana wiyatanira ken Angrok kalawan sira tuwan Tita, harep ta sira wikana ring rupaning aksara, mara sira ring sira Janggan ing Sagenggeng, ati amarajakaha, amalaku winarahan sastra. Ya ta winarahan sira ring rupaning aksara lawan [ 4 ]panujuning swarawyañjanaçastra, sawredhining aksara, winarah sira ring rupacandra kapegataning tithi masa lawan sakakala, sadwara, pañcawara, saptawara, triwara, dwiwara, sangawara, wuku. Bisa sira ken Angrok kalawan sira tuwan Tita kalih sama winarahan ing sastra denira Janggan. Hana ta tatanemanira Janggan upacaraning natar, witing jambu olihira ananem; antyanta denipun awoh, tuhuning atub anedeng, pininghit tan ananing wineh angunduha, nora hana wani ameta wohing jambu punika. Lingira Janggan: “Lamun rateng jambu iku unduhen”. Dahat denira ken Angrok kapengin tumon ing wohing jambu punkia, maha kacitta wohing jambu punkia. Tekaning saratri, masa sireping wong aturu, sira ken Angrok sira aturu, mangke tang lalawah metu saking wunwunanira ken Angrok adulurdulur tanpapegatan, sawengi amangan wohing jambunira Janggan. Tumuli ring eñjang katinghalan agelar wohing jambu punika ring natar, pinupu dening pepedekira Janggan. Sira Janggan tumon wohing jambu rusak agelar ing natar, çoka sira Janggan, lingira Janggan ing parajaka: “Paran sangkane rusak jambu iku.” Sumahur pepedekira Janggan: “Pukulun rusak denin tampaking lalawah amangan jambu puniki”. Dadi ta sira Janggan angambil rwining pañjalin nggenira ñerung jambu punika tur deniratunggu sawengi. Sira ken Angrok malih aturu ring salu kidul, asandi(ng) kakawunganing alalang ring pernahira Janggan kadang amelit. Satinghalira Janggan mulat ing lalawah abebelek pangdudulur, metu saking wunwunanira ken Angrok, pada amangan wohing jambunira Janggan, apeseh twasira Janggan, kawalahan anggetak lalawah akeh amangan wohing jambunira, serngen Janggan, tinundung sira ken Angrok denira Janggan, akara madhyaning ratri patundungira Janggan. Kaget sira ken Angrok atangi pupungun sira, anuli metu, aturu ring palangalanganing jaba, wineton denira Janggan maring jaba katinghalan hana murub ing tengahing alalang, kaget sira Janggan angidepaken katunon, pinariksa kang katon murub, kapanggih ken Angrok kang murub ika, tinangi kinen mantuka ingajak aturua ring umah manih, tutut sira ken Angrok aturu ring patetengahan manih. Eñjang kinen angambila wohing jambu denira Janggan, suka sira ken Angrok, lingira: “Lah malar isun dadia wong, isun anahura hutang ring sira Janggan”. Agung sakalawonlawon sira ken Angrok, angon ta kalawan sira tuwan Tita, agawe ta sira dukuh, kapernah wetaning Sagenggöng, tegal ing Sañja, pinakanggenira angadangadanga wong malintang hawan lawan sira tuwan Tita rowangira. [ 5 ]

Hana ta wong amahat ano ring alasing wong Kapundungan, anakanak wadon ahayu, milu maring alas, teka ginamelan denira ken Angrok rinowang asanggama ring alas, ya ta ring Adiyuga ngaraning alas. Mangkin mersah sira ken Angrok, wekasan sira analawa wong malintang hawan, ya ta kawerta tekeng nagareng Daha denira ken Angrok angrusuh, ya ta ingilangaken saking Tumapel denira sang akuwu aran Tunggul ametung. Sah sira ken Angrok saking Sagenggeng, angungsi ta sira maring Rabut gorontol. “Mogah ta kabebeng ring bañu kang angilangaken”, sotira ken Angrok: “mogah ta bañu metua saking tanhana, samangkana dadi kang tahun, tan hana keweh ring Jawa”. Mangkana lingira ken Angrok. Sah sira saking Rabut gorontol, angungsi sira ring Wayang, tegal ing Sukamanggala. Hana ta papikatan perit, irika ta sira anawala wong asedahan manuk, anuli sira maring Rabut katu. Kapihanan sira tumon ing katu sawaringin gönge, irika nggenira mesat angungsi ta sira ring Jun watu, mandalaning wong sampurna, angungsi ta sira mareng Lulumbang, angher ing wong amaradeça, wijiling wong ajurit, aran sira Gagak inget. Alawas angher irika anawala wong malintang hawan. Sah sira maring Kapundungan, amamaling sira ring Pamalantenan, kawruhan ta sira, binuru kakepang, tan wruh ta parananira angungsi, amamanek ta sira ring witing tal, ring pinggiring kali, karahinan ta sira, kawruhan yen amamanek ing tal, tinunggu dening wong Kapundungan ing sor, tinabuhan kajar. Tal punika winadung dening amburu ring sira. Samangka ta sira anangis, asasambat ing kang ayaçadharma ring sira, dadi sira amiresep çabda ring awangawang, kinon sira ameranga roning tal pinakahelaranira kiwa tengen margahanira anglayanga maring sabrang wetan, masa sira matia muwah, dadi amerang sira ron tal antuk kakalih, pinakahelarira kiwa tengen; angalayang sira mareng sabrang wetan, malayu angungsi ring Nagamasa, tinut sira binuru, angungsi ta sira maring mandaleng Oran, tinut binuru, malayu angungsi ring mandaleng Kapundungan, katemu atanem siramandala, ingalingan sira ingaku weka deniramandala, sira ken Angrok. Anakiramandala pada atanem, kehipun nenem. Katuju lungha atatawu kang tunggal, kari lilima; kang lungha ginanten atanema denira ken Angrok, teka kang amburu ring sira, tur angucap ring siramandala: “E kaki mandala, hana wong arusuh isun-buru, angungsi ingkene mahu”. Sumahur siramandala: “Kaki dayakanira tan tuhu aliñok ingsun kaki, yen norengkene; hananakingsun nenem, iki atanem genep nenem, wilangen uga denira, manawa lewih saking nenem, iki atanem genep nenem, wilangen uga denira, manawa lewih saking nenem, [ 6 ]tuhu hana wong len ingkene”. Ujaring amburu: “Tuhu yen anakira mandala nenem, apan kang atanem iku nenem”. Les lungha kang amburu. Lingira mandala ring ken Angrok: “Lungha ta sira kaki, manawa mangsul kang amburu ring sira, manawahanamicara çabdaningsun, tanpantuk denira anungsi iringsun, lungha sira angungsi alas”. Ndan lingira ken Angrok: “Angher manih kang amburua”. Ya ta sangkane angalas ken Angrok, ring Patangtangan araning alas. Anuli sira ken Angrok angungsi ring Ano. Sah sira ring alas ing Terwag. Mangkin sangsaya mersah sira. Hana ta sira mandaleng Luki, angarepi welahan, mangkat sira amaluku pagagan, akarya pakacangan ambhakta sekuling rare angon mahisanira mandala, den-salahaken ing undungundung den-wadahi kele, katungkul sira mandala pijer amaluku pakacangan, ingundukundukan ingambil denira ken Angrok pinet sekule, nangken dina sira mangkana, kepwan sira mandala dening baryan dina kelangan seganing pangon, pangucapiramandala: “Paran sangkane hilang sekul iki”. Mangkin ta inginte sisingidan seganing pangonira mandala ring welahan, pangone den-kon amulukua, tando dateng sira ken Angrok saking jero alas paksanira ken Angrok angambila sekul punika. Sinapa deniramandala: “Kalingane sira kapo kaki ngamet segane pangon-ingsun iku nangken dina”. Sumahur ken Angrok: “Singgih kaki mandala, ingsun amet segane pangonira nangken dina wetning lapa-ingsun tanpamangan”. Lingira mandala: “Lah kaki datenga ring açramaningsun sira yen hana luwe, amalampaha sekul nangken dina, apan ingsun pratidina angadangadang tekahaning tatamu”. Teher ingajak sira ken Angrok dateng ing Batur denira mandala, sinwagatan sireng sekul ulam. Lingira mandala ring istrinira: “Nini bhatari ingsun amemekas ing sira, lamun ken Angrok maririkia, mon ingsun tan hana ring umah tuwi, kukurenen tumuli, amelasaken”. Ya ta ken Angrok katutur nangken dina teka, lunghanira saking rika ntapada, mulih sira mareng Kabalon, parabira sira mpu Palot, among dharmakañcana, aguru ta sira ring hyang buyut ing Kabalon, pangawaking dharmakañasiddhi, siddhisanidya, mantuk ta sira mpu Palot saking Kabalon amawa ta sira lakar, awrat limang tahil, areren ing Lulumbang, awedi sira mpu Palot muliha dewek mareng Turyantapada, rehing wonten wong kawerta anawala ring marga aran sira ken Angrok. Sira mpu Palot tan wruh ring patutunggalaning [ 7 ]wong; ya ta katemu sira ken Angrok ring parerenan. Lingira sira ken Angrok ring sira mpu Palot: “Uduh dateng ing punendi rakaki pukulun”. Lingira mpu, sumahur: “alulungha ingsun kaki saking Kabalon, ayun mantuka mareng Turyantapada, awedi ingsun ring marga, anengghu hana wong anawala aran ki Angrok.” Mesem sira ken Angrok, lingira ken Angrok: “Lah pukulun, ranakira ya ngatera mantuk i rakaki, raputunira mene anglawana yen kapanggih wong aran ken Angrok puniku, lumaris ugi sira kaki mantuk mareng Turyantapada, sampun walang hati.” Kapihutangan sira mpu ring Turyantapada angrungu sanggupira ken Angrok. Satekanireng Turyantapada, ya ta winarahan dharmakañcana sira ken Angrok, enggal bisa, tan hana sor timbangana ring kaçaktinira mpu Palot. Neher ingaku weka sira ken Angrok denira mpu Palot, sangkaning açrameng Turyantapada ingaran ing mandaleng Bapa. Mangke polahira ken Angrok angaku bapa ring mpu Palot, hana po deni(ng) kakuranganira mpu Palot, ya ta karananira ken Angrok kinon marang Kabalon denira mpu Palot, kinonira amutusakena dharmakañcana, ring hyang buyut ing Kabalon, anguwusakena lakar katunanira mandaleng Bapa. Mangkat sira ken Angrok dateng ring Kabalon, tan kapihandel sira ken Angrok denira sang apalinggih ring Kabalon. Samangka ta serngen sira ken Angrok: “mogah hana embang ring panapen”. Sinduk denira ken Angrok malayu angungsi ring hyang buyut ing Kabalon, ingatagaken sira parakategan sahaneng Kabalon paraguruhyang tekaning kapuntan, sama medal amawa palugangça, amburu ring sira ken Angrok samamukul ing palugangça paksanira sang tyaga aminonanayun amatenana ring sira ken Angrok. Mogha angrugu ujaring akaça: “Hayo denira-pateni wong iku, sang tyaga, yugamami rare iku, tangeh gawene ring madhyapada.” Mangkana çabda akaça karungu denira sang tyaga. Ya ta tinulung ken Angrok anglilir kadi pralagi. Teher ken Angrok angenaken upata, lingira: “Tan hanaha tega ring wetaning Kawi tan siddhaning dharmakañcana.” Sah sira ken Angrok saking Kabalon, angungsi Turyantapada, sira mandaleng Bapa, siddha ring dharmakañcana. Sah sira ken Angrok saking mandaleng Bapa maring pradeçeng Tugaran. Nora ta wilasa sira buyuting Tugaran, rinusuhan wong Tugaran denira ken Angrok, ya ta ingemban ta gopala sinalahaken ing mandaleng Bapa, dadi kapanggih anakira buyuting Tugaran, ananem kacang ing pagagan. Mangke ta ikang rara rinowang asanggama denira ken Angrok, alalama kacang kakampilan, sangkaning kacang Tugaran wijne akulimis agung agurih. Sah sira saking Tugaran, mulih sira maring mandaleng Bapa muwah. Lingira [ 8 ]ken Angrok: “Yen ingsun dadi wong adanaha pirak ring kaki mandaleng Bapa”. Kawerta sira ken Angrok ring nagareng Daha, yen arusuh asenetan ring Turyantapada, ingilangaken saking Daha, rinuruh dening wong saking Daha, lungha saking mandaleng Bapa, angungsi sira maring gunung Pustaka. Sah sira saking rika, angungsi ring Limbehan, wilasa sira buyuting Limbehan, inungsi sira ken Angrok, wekasan ananakti sira ken Angrok maring Rabut kedung Panitikan. Katurunan sira widhi, kinon mara ring Rabut gunung Lejar, ring dina Budha hireng ing Warigadyan, sira paradewa ahum akukumpul, mangkana lingira nini ring Panitikan: “Mami angrowangana asenetana kita bapa, tan hananing wruha, mami ta ananapua ring gunung Lejar sedenging dewa ahum kabeh.” Mangkana lingira nini Panitikan. Ya ta mara sira ken Angrok ring gunung Lejar. Katekan pwa Budha hireng ing Warigadyan, mara pwa sira ring paheman. Ya ta sira asenetan ing pawuhan ingurungan suket denira ranini Panitikan. Teher muni kang saptaswara genter pater lindu ketug kilat halisyus haliwawar, hudan salah masa, tanpantara teja wangkawa, ndan samangkana sira angrengö çabda tanpantara, humwang gumuruh, rasaning ahumaning watek hyang: “Ikang angukuhana ring nusa Jawa, yaya tandi mandala”. Mangkana ling sang watek dewata kabeh sama asalanggapan ujar: “Ndi kang yogya prabhua ring nusa Jawa”, patakoning watek hyang kabeh. Sumahur hyang Guru: “Wruhanta kabeh watek dewata, hana si yugamami, manusa wijiling wong Pangkur, ika angukuhi bhumi Jawa.” Samangka metu ta sira ken Angrok saking pawuhan, katinghalan sira dening watek hyang, sama kayogyan sang watek dewata, ya ta inastwaken sira bhiseka bhatara Guru, mangkana kastwanira de sang watek dewata, asurak asanggaruhan. Winidhyan sira ken Angrok angangkena bapa ring sang brahmana makanama sira danghyang Lohgawe, wahu teka saking Jambudwipa kinen apanggiha ring Taloka; samangkana mulaning brahmana hana ring wetaning Kawi. Duk maring Jawa tanpahawan parahu, atampakan roning kakatang telung tugel, mentas sira anuju pradeça ring Taloka, mider sira danghyang Lohgawe angulati sira ken Angrok. Lingira danghyang Lohgawe: “Hana rare adawa tangane, aliwat ing dekunge, tulise tangane tengen cakra, kang kiwa çangka, aran ken Angrok, katon ing pujamami, kadadinira bhatara Wisnu, pawarahira nguni duk ing Jambudwipa: eh danghyang Lohgawe wus mono denta muja ring Wisnuarccha, mami tan hana ring kene, ngong angjanma manusa maring Jawa, kita tumutureng mami, aran ingong ken Angrok, [ 9 ]ulatana mami ring kabotohan”. Tando sira ken Angrok kapanggih ring kabotohan, winaspadaken singgih kang katon ing puja denira danghyang Lohgawe. Tumuli sira tinañan, lingira danghyang Lohgawe: “Iya sira kaki, aran ken Angrok, sangkaningsun wruh ing sira, katon ing puja deningsun”. Sumahur ken Angrok: “Singgih pukulun, ranakira aran ken Angrok.” Rinangkul sira denira sang brahmana. Lingira danghyan Lohgawe: “Ingsunaku anak sira kaki, ingsun-rowanng duk anastapa, ingsun-wong saparanira.” Sah sira ken Angrok saking Talokah, mara sira ring Tumapel, milu sira brahmana. Satekanira ring Tumapel kapanggih kaladeça, ati sira asesebana ring sang akuwu ring Tumapel, aran sira Tunggul ametung. Kapanggih sira sineba. Lingira Tunggul ametung: “Bhageya pukulun sang brahmana, saking punendi sira hañar katinghalan.” Sumahur sira dangyang Lohgawe: “Eh kaki sang akuwu, hañar saking sabrang ingsun, ati ingsun asewakaha maring sang akuwu ingsun kaki, lawan akonakoningsun anak puniki ayun sumewakaha ring sang akuwu”. Sumahur sira Tunggul ametung: “Lah suka ingsun sira danghyang yen sira santosa wontena ring siranakira”. Mangkana lingira Tunggul ametung. Alawas sira ken Angrok amaraseba ring sira Tunggul ametung, sang akuwu ring Tumapel.

Dadi hana bhujangga boddhasthapaka ring Panawijen, lumaku mahayana, atapa ring setraning wong Panawijen, apuspata sira mpu Purwa. Sira ta anakputrinira, aran ken Dedes. Sir ata kawerta yen hayu, tan hana amadani rupanira yen sawetaning Kawi kasub tekeng Tumapel. Karungu denira Tunggul ametung, tumuli sira Tunggul ametung dateng ing Panawijen, añjujug maring dukuhira mpu Purwa, kapanggih sira ken Dedes, atyanta garjitanira Tunggul ametung tumon ing rara hayu. Katuju sira mpu Purwa tan hana ring patapanira, samangka ta ken Dedes sinahasa pinalayoken denira Tunggul ametung. Saulihira sira mpu Purwa saking paran tan katemu sirabakira, sampun pinalayoken denira sang akuwu ring Tumapel, tan wruh ring kalinganira, ya ta sira mpu Purwa anibaken samaya tan rahaju, lingira: “Lah kang amalayoken anakingsun mogha tan tutuga pamuktine matia binahud angeris; mangkana wong Panawijen asata pangangsone, mogha tan metua bañune bejine iki, dosane nora awarah iringsun yen anakingsun den-walating wong”. Mangkana lingira mpu Purwa. “Kalawan ta anakingsun marajaken karma amamadangi, anghing sotmami ring anakmami mogha anemwa rahayu den-agung bhagyane”. Mangkana [ 10 ]sotira mahayana ring Panawijen. Satekanira ken Dedes ring Tumapel rinowang sapaturon denira Tunggul ametung, tan sipi sihira Tunggul ametung, wahu ngidam sira ken Dedes, dadi sira Tunggul ametung akasukan, acangkrama somahan maring taman Boboji, sira ken Dedes anunggang gilingan. Satekanira ring taman sira ken Dedes tumurun saking padati, katuwon pagawening widhi, kengis wetisira, kengkab tekeng rahasyanira, neher katon murub denira ken Angrok, kawengan sira tuminghal, pituwi dening hayunira anulus, tan hanamadani ring listu-hayunira, kasmaran sira ken Angrok tan wruh ring tingkahanira. Saulihira Tunggul ametung saking pacangkrama, sira ken Angrok awarah ing sira danghyang Lohgawe , lingira : “Bapa danghyang, hana wong istri murub rahasyane, punapa laksananing stri lamun mangkana, yen hala rika yen ayu rika laksananipun”. Sumahur sira danghyang: “Sapa iku kaki”. Lingira ken Angrok: “Wonten, bapa, wong wadon katinghalan rahasyanipun deningsun”. Lingira danghyang Lohgawe: “Yen hana istri mangkana, kaki, iku stri nariçwari arane, adimukyaning istri iku, kaki, yadyan wong papa angalapa ring wong wadon iku, dadi ratu añakrawarti”. Meneng sira ken Angrok, ri wekasan angling: “Bapa danghyang, kang murub rahasyanipun puniku rabinira sang akuwu ring Tumapel; lamun mangkana manira-bahud angeris sirakuwu, kapasti mati de mami, lamun pakanira angadyani”. Sahurira danghyang: “Mati, bapa kaki, Tunggul ametung denira, anghing ta ingsun ta yogya yan angadyanana ring kaharepira, tan ulahaning pandita, ahingan sakaharepira”. Lingira ken Angrok: “Lamun mangkana, bapa, ingsun amit ing sira”. Sumahur sang brahmana: “Maring punendi ta sira kaki”. Sumahur ken Angrok: “Ingsun dateng ing Karuman wonten bobotoh angangken weka iringsun, aran sira Bango samparan, asih iringsun; punika inksun-tarinipun kadi angyogyanana”. Lingira danghyang: “Rahayu yan mangkana, sampun ta, kaki, sira alawas ing Karuman”. Lingira ken Angrok: “Punapa karyaningsun alawasa”. Sah sira ken Angrok saking Tumapel, teka sireng Karuman, kapanggih sira Bango samparan. “Saking endi kawetunira, alawas tan mareringsun, kadi ring swapna ingsun atetemu lawan sira, alawas temen denira lungha”. Sumahur ken Angrok: “ Wonten ing Tumapel ingsun bapa, amaraseba ring sirakuwu. Sangkaningsun maring sira, hana rabinirakuwu, tumurun saking padati, kasingkab rahasyane, katon murub deningsun. Hana ta brahmana hañar angajawa, puspatanira danghyang Lohgawe, sirangaku weka ring ingsun, ingsun-takoni: punapa araning stri yen murub rahasyanipun. Lingira sang brahmana: uttama dahating stri yen mangkana, arane iku kang sinangguh stri ardhanariçwari [ 11 ]ika, sulaksana temen, pan iku asing aderwe rabi, katekan dadi ratu añakrawarti. Ingsun ta, bapa Bango, kapening dadi ratu, harepingsun ki Tunggul ametung ingsun-patenana, rabine ingsun-alape, malar bapa, ranakira dadi ratu, amalaku ingsun pangadyanira bapa danghyang. Ujarira danghyang; kaki Angrok tan kawaça ring brahmana yan angajengana ring wong angalap rabining arabi, hingan sakaharepira piambek. Punika karananingsun maring bapa Bango, malaku adyanadyanira bapa ingsun-cidrane sirakuwu ring Tumapel, wyakti mati sirakuwu deningsun”. Sumahur sira Bango samparan: “Rahayu yen mangkana. Ingsun, kaki, angadyani, yen siraharep ambahud angeris ring sira Tunggul ametung, anghing ta sira kaki Angrok, sirakuwu teguh, manawi nora tedas yen derasuduka ring keris kurang yoninya. Hana mitraningsun pande ring Lulumbang, aran pu Gandring, yoni olih agawe keris, norana wong ateguh dene pagawene, tan amingroni yen sinudukaken, ika konen akarya duhung. Yen huwus dadikeris, nggenirañidra ring ki Tunggul ametung.” Mangkana wekasira Bango samparan ring ken Angrok. Lingira ken Angrok: “Amit ingsun, bapa, maring Lulumbang”. Sah sira saking Karuman, nuli maring Lulumbang, katemu sira Gandring anambut karya ring gusali, teka ken Angrok tur atakon: “Iya sira baya aran Gandring. Lah reko ingsun papawekena kerism huwusa limang wulan, agatana gawene deningsun”. Lingira mpu Gandring: “Sampun limang wulan punika, lamun sira ayun den-apened, manawi satahun huwus, enak rateng papalonipun”. Lingira ken Angrok: “Lah sarupane gugurindane, anghing den-huwus limang wulan“. Sah ken Angrok saking Lulumbang, maring Tumapel, kapanggih sira danghyang Lohgawe, atakon ing ken Angrok: “Paran sangkanira alawas ing Karuman”. Sumahur ken Angrok: “Sumelang manira, bapa, ring Lulumbang”. Samangka ta ken Angrok alawas apanganti ring Tumapel. Huwusing genep limang wulan, enget ing samayanira yen aken anggawe keris ring sira mpu Gandring. Mara sira ring Lulumbang, katemu sira mpu Gandring anggugurinda, aninigasi papalampahanira ken Angrok keris. Lingira ken Angrok: “Endi kenkenaningsun ring kaki Gandring”. Sumahur sira Gandring: “Singgih kang ingsun-gurinda puniki, kaki Angrok”. Pinalaku tininghalan pungan keris denira ken Angrok. Lingira asemu brndu: “Ah tanpolih deningsun akonkon ring sira ki Gandring, apan durung huwus gugurindane keris iki, lagi asebel, iki kapo [ 12 ]rupane kang dera-lawas limang wulan lawase”. Apanas twasira ken Angrok, dadi sinudukaken ing sira Gandring keris antukira Gandring agawe ika. Anuli pinerangaken ing lumpang çela pambebekan gurinda, belah aparo; pinerangaken ing paronira Gandring, belah apalih. Samangka sira Gandring angucap: “Ki Angrok, kang amateni ring tembe keris iku, anak-putunira mati dene kris iku, olih ratu pipitu tembe keris iku amateni. Wusira Gandring angucap mangkana, mati sira Gandring. Samangka ta arupa analahasa sira ken Angrok patinira Gandring. Lingira ken Angrok: “Lamun ingsun dadi wong tumusa ring anakputune apande ring Lulumbang”. Teher mantuk sira ken Angrok maring Tumapel.

Hana kakasihira Tunggul ametung, aran Kebo hijo, apawong sanak asihsihan lawan ken Angrok. Satinghalira Kebo hijo ring sira ken Angrok anungkelang duhung hañar, adanganañ cangkring katut rinipun tanpagagala wungkul, aremen sira Kebo hijo mulat. Angucap ing ken Angrok: “He, kaka, sunsilihe kerisira iku”. Sinungaken denira ken Angrok, ingangge denira Kebo hijo tumuli, wetning resepira tumon; alawas ingangge denira Kebo hijo duhung saking ken Angrok punika, nora hana wong Tumapel tan sapeksaha yen sira Kebo hijo anungkelang duhung hañar. Mogha ta mangke duhung punika minaling denira ken Angrok, kena dening amalingi. Teher ken Angrok kala ratri anuli maring dalem pakuwon, duweg sireping wong, katuwon denira dinuluraning widhi, anuli mareng paturonira Tunggul ameung, tan kawara lakunira, sinuduk sira Tunggul ametung denira ken Angrok, terus prananira Tunggul ametung mati kapisanan. Keris antukira Gandring agawe kinatutaken minaha. Mangke huwus rahina kawaswasan duhung tumanem ing jajanira Tunggul ametung, tinenger dening wong kang wruh kerisira Kebo hijo, kang inganggo sabran dina. Pangucaping wong Tumapel kabeh: “Ki Kebo hijo kalingane kang añidra ring sira Tunggul ametung, apan sawyakti kerise katut ing jajanira sang akuwu ring Tumapel.” Samangka sira Kebo hijo sinikep dening kadang-wargganira Tunggul ametung, tinewek ing keris antukira Gandring akarya punika, mati ki Kebo hijo.

Hana ta anakira Kebo hijo, aran Mahisa randi, alara patining bapa, ya ta winilasan kinatik denira ken Angrok, atyanta welasira ring Mahisa randi. Mogha hyang dewa sirandandani, tuhu yan kramanira ken Angrok ring sira ken Dedes, alama akakarepan, tan hananing wong Tumapel wani angucapa satingkah-polahira ken Angrok, mangkana sakadang-warganira Tunggul ametung meneng tan hana wenang angucapa, ya ta apanggih ken Angrok lawan ken Dedes. Sampun ta sira abobot tigang lek katinggal denira Tunggul ametung, kaworan denira ken Angrok, atyanta denira silihasih sira ken Angrok lawan [ 13 ]ken Dedes, alawas papanggihira. Genep leking rare mijil anakira ken Dedes lanang, patutanira Tunggul ametung, ingaranan sang Anusapati, papañjinira sang apañjinira sang apañjy Anengah. Alama sira papanggih ken Angrok kalawan ken Dedes, malih aputra ken Dedes lawan ken Angrok, mijil lanang, aran sira Mahisa wong ateleng, mwah ari denira Mahisa wong ateleng lanang aran sang apañji Saprang, aranira pañji Saprang lanang aran sira Agnibhaya, arinira Agnibhaya wadon aran sira dewi Rimbu, papat patutanira ken Angrok lawan ken Dedes. Hana ta binihajinira ken Angrok anom, aran sira ken Umang, sira ta apatutan lanang ta binihajinira ken Angrok anom, aran sira ken Umang, sira ta apatutan lanang aran sira pañji Tohjaya, arinira pañji Tohjaya lanang aran sira pañji Sudhatu, arine pañji Sudhatu lanang aran sira twan Wregola, arine twan Wregola istri aranira dewi Raambi. Kwehing putra 9, lanang 7 wadon 2.

Telas purwa wetaning Kawi, kaputer sawetaning Kawi, sama awedi ring sira ken Angrok, mahu ariwariwa ayun angadega ratu, wong Tumapel sama suka yen ken Angrok angadega ratu, Katuwon panduluring widhi sang ratu ring Daha siraji Dangdang gendis angandika ring parabhujangga sahaneng Daha, lingira: “E, ki parabhujannga çewa-sogata, paran sangkanira nora anembah ring ingsun, apan ingsun saksat bhatara Guru.” Sumahur parabhujangga sakapasuking nagareng Kadiri: “Pukulun tan wonten ing kinakina bhujangga anembahi ratu.” Mangkana lingira bhujangga kabeh. Lingiraji Dangdang gendis: “Lah manawa kang ring kuna nora anembah, kang mangko ta ingsun sembahen denira, manawa sira tan wruh ring kaçaktiningsun mangko sun-wehi pangawyakti.” Mangke ta siraji Dangdang gendis angadegaken tumbak, landeyanipun tinañcebaken ring lemah, sira ta alinggih, ring pucuking tumbak, tur angandika: “Lah parabhujangga delengen kaçaktiningsun.” Sir ata katon acaturbhuja, atrinayana, saksat bhatara Guru rupanira, winidhi anembaha parabhujangga sakapasuking Daha, sama tan harep anembaha tur mersah pada angungsi maring Tumapel asewaka ring ken Angrok. Samangka mulaning Tumapel tan ahidep ing nagareng Daha.

Tumuli sira ken Angrok inastwaken prabhu ring Tumapel, araning nagara ring Singasari, abhisekanira çri Rajasa, bhatara sang Amurwabhumi, ingastryan dening bhujangga sewa-sogata kang saking Daha, makadi sira dangyang Lohgawe sira asangkapani, kuneng kang asih awelas ring sira ken Angrok ing kina duk sira sedeng kasyasih, pada ingundang kabeh, tinulung denira winales pawilasane, makadi sira Bango samparan, tan ucapen siramandaleng Turyantapada, lawan anaking apande wesi ring Lulumbang, [ 14 ]aran pu Gandring, satuse apande ring Lulumbang luputeng saarik purih, satampaking wulukune wadung-pacule. Hana anake ki Kebo hijo den-pada kawewenangane lawan anake pu Gandring. Hana anakira bapa danghyang (Lohgawe) aran wangbang Sadang, patutanira lawan wong Wisnu, temokena kalawan anakira bapa Bango kang aran Cucupuranti, mangkana rasaning andika sang Amurwabhumi. Atyanta kretaning nagaraning Singhasari, paripurna nirwighna.

Alawas karengö wertanira ken Angrok yan huwus pangadeg ratu, kahatur ing siraji Dandang gendis yen sang Amurwabhumi harep amerepa maring Daha. Andikaniraji Dandang gendis: “Sapa ta angalahakena ring nagaraningsun iki, manawa kalah lamun bhatara Guru tumurun saking akaça, sugyan kalaha”. Ingaturan sira ken Angrok, yan siraji Dangdang gendis angandika mangkana. Lingira sang Amurwabhumi: “E parabhujangga sewa-sogata kabeh, astokena ingsun abhiseka bhatara Guru”. Samangka ta mulanirabhiseka bhatara Guru, ingastwaning bhujangga brahmana resi. Tur sira anuli anglurug maring Daha. Karenge deniraji Dangdang gendis yen sang Amurwabhumi ring Tumapel anekani andon maring Daha. Lingiraji Dangdang gendis; “Alah ingsun sedenge ki Angrok winonging hyang”. Samangka ta sañjata-ing Tumapel acucuh lawan sañjata Daha, aprang loring Ganter, apagut sama prawira, anglongi linongan, katitihan sañjata Daha. Ariniraji Dangdang gendis moktah bamakreti ksatriya raden Mahisa walungan, lawan mantrinira prawira aran Gubar baleman; moktahning arinira Dangdang gendis mwah wadwa pinakatihati sira Gubar baleman kalih karebat dening wado Tumapel, amah gunung denipun aprang. Samangka ta wado Daha kapalayu, apan kang pinakadining prang sampu kawenang. Irika ta sañjata Daha bubar tawon, pungkur wedus, dahut payung, tan hana pulih manih. Samangka ta siraji Dangdang gendis murud saking paprangan, angungsi maring dewalaya, gumantung ing awangawang, tekaning undakan, pakatik, juru payung lawan amawa tadah sedah, tadah toya, panglante, sama milu angawangawang. Prasiddha kalah ring Daha denira ken Angrok. Lawan sira rayinira (sang Dangdang gendis) dewi Amisani, dewi Hasin, dewi Paja, mangkin sama katuran yan siraji Dangdang gendis alah aprang, karengö wonten ing dewalaya gumantung ing awangawang, mangke ta sira twan dewi katiga muksah lawan kadaton pisan. Irika ta sira ken Angrok huwus ing jayasatru, mulih maring Tumapel, kaputer bhumi Jawa denira. Sakala pañjenengira huwus kalah ing Daha 1144. [ 15 ]

Alawas hana werta sang Anusapati, anakira Tunggul ametung, ataken sira ring pamongmong: “Awedi manira dening sira rama-pakanira”, aturing pamongmong: “aron pakanira matura ring sira ibu pakanira”. Tan suddhanira Nusapati ataken ing siebunira: “Ibu ingsun ataken ing sira punapa kalinganira bapa yen tuminghal ing isun, pahe tinghalira kalawan sanakingsun kabeh, tan ucapen lawan putranira ibu anom, mangkin pahe tinghalira bapa”. Tuhu yan samasanira sang Amurwabhumi. Sahurira ken Dedes: “Kaya dudu kang angandeli, yen sira kaki ayun wruha, sira Tunggul ametung arane ramanira; katinggal ingsun tigang çaçih, ya ta ingsun ingalap denira sang Amurwabhumi”. Lingira Nusapati: “Kalingane, ibu, dudu bapaningsun sang Amurwabhumi, punapa ta ibu pademira bapa”. “Sang Amurwabhumi, kaki, amateni”. Meneng sira ken Dedes, arupa kaluputan dening awerta sajati ring siranakira. Lingira Numsapati: “Ibu, woten duhungira bapa antukipun Gandring akarya, ingsun-tedanipun ibu”. Sinungaken denira ken Dedes. Sang Anusapati amit mantuk maring kamegetanira. Wonten ta pangalasanira ring Batil, inundang denira Nusapati kinon amatenana ken Angrok, sinung duhung antukipun Gandring akrya, nggenipun amatenana ring sang Amurwabhumi, ingebang wong Batil denira Nusapati. Mangkat wong Batil maring dalem kadaton, kapanggih sang Amurwabhumi sedengira anadah, teher sinuduk sira deing wong Batil. Duk sira kacurna Werhaspati Pon ing Landep; masanira anadah sande jabung, sambun surup prabangkara amasang sanda. Sambuning lina sang Amurwabhumi, malayu wong Batil, angungsi sang Anusapati, matur wong Batil: “Sampun moktah sira rama-pakanira den-manira“. Neher sinuduk wong Batil denira Nusapati. Ujaring wong Tumapel: “Ah bhatara sirengamuk dening pangalasaning Batil, sira Nusapati angembari amuk”. Ri linanira sang Amurwabhumi i çaka 1169. Sira dhinarmeng Kagenengan.

Bab II

Sampun mangkana sang Anusapati anggantyani añjeneng ratu, duk sang Anusapati angadeg ratu I çaka 1170. Alama kawerta ring raden Tohjaya, sira anakira ken Angrok saking rabi anom, nama sang apañji Tohjaya, ya ta angrengö sapolahiranusapati angupahaken ing sang Amurwabhumi, moktah dening wong Batil. Sang apañji Tohjaya tan suka moktahning sira ramanira, akirakira amet pamales, margahaning kapatinira sang Anusapati. Wruh sang Anusapati [ 16 ]yan kinire denirapañji Tohjaya, yatna sang Anusapati, pagulinganira binalungbang, ring pamengkang wong angayengi, pikandel atata. Huwus alama marek sang apañji Tohjaya amawa sawung sira, mareng bhataranusapati. Lingirapan ji Tohjaya: „Kaka, wonten kerisira bapa, antukipun Gandring akarya, ingsun-tedanipun ing sira”. Tuhu yan samasanira bhataranusapati. . Sinungaken duhung antukipun Gandring akarya denira sang Anusapati, tinanggapan denirapañji Tohjaya, sinungkelang, tumuli duhungria kang ingangge ringuni, sinungakning wongira. Lingirapañji Tohjaya: „Duweg, kaka, ta-bongbong”. Sumahur sang Anusapati: „Lah, yayi”. Tumuli aken angambila sawung ring juru kurung. Lingiranusapati: „Lah, yayi, ta-adunipun pisan”. „Singgih”, lingirapañji Tohjaya. Sama anajeni dawak, sama akembar, katungkul sang Anusapati. Tuhu yan sedeng antakanira, kemper pijer angadoken sawungira, sinuduk denirapañji Tohjaya. Lina sang Anusapati i çaka 1171. Dhinarma sira ring Kidal.

Bab III

Gumanti sirapañji Tohjaya añjeneng ratu ring Tumapel. Hana ta putranira sang Anusapati, aran sira Rangga wuni, kapernah kaponakan denirapañji Tohjaya. Sira Mahisa wong ateleng, sanakirapañji Tohjaya tunggaling bapa saos ibu, aputra ring sira Mahisa campaka, kapernah pahulunan denirapañji Tohjaya. Duwegirapañji Tohjaya ingastren, pinareking mantri samadaya, makanguni sira Pranaraja. Marek sira Rangga wuni adulur lawan sira Kebo campaka. Lingirapañji Tohjaya: „E mantri samadaya, makadi Pranaraja, delengen iki kaponakaningong, kamakara rupane lawan pangadege. Paran rupane musuhingong ring nusantara, dene wong roro iki, angapa denira, Pranaraja”. Asahur sembah sira Pranaraja matur: „Singgih, pukulun, andika, paduka bhatara, apekikpekik ing rupa, sama wani sira kalih, anghing pukulun, upamanira kadi wuwudun munggwing nabhi, tan wurung sira amatyani ri puhara”. Meneng talampakanira bhatara, sangçaya karasa aturia Pranaraja runtik sang apañji Tohjaya. Teher angundang ing sira Lembu ampal, kinon anghilangakena ring raden kalih. Andikanirapañji Tohjaya ring sira Lembu ampal: „Mon luput denira angilangaken ing ksatriya roro iku, ko ndak-ilangaken”. Duk sirapañji Tohjaya akon angilangaken ring raden kalih ring sira Lembu ampal, wonten sang brahmana sedeng anangkapaneni ring sirapañji Tohjaya, denira danghyang angrengö yan raden kalih kinen ilangakena. Awelas sang brahmana ring raden kalih, awarah „yan sira Lembu ampal kang kinon angilangakena, yen luputa kalih, kaki, sira puniki denipun Lembu ampal, pun Lembu ampal gumanti ingilangaken denira çri maharaja”. Lingira rahaden kalih: „Sira danghyang tambonten ta wonten dosaningsun”. Sahurira sang [ 17 ]brahmana: „Aron ta sira kaki asenetana rumuhun”. Pinariringaken manawi [17] brahmananira adwa, ya ta rahaden sama maring sirapañji Patipati. Andikanira raden: „Pañji Patipati ingsun asenetan ring umahira, anengguh ingsun harep ilangakena bhatara, yen ingsun atut harep ilangakena, nora dosaningsun”. Pinarurungoken denirapañji Patipati: „Rahaden atut, yen pakanira ingilangaken pun Lembu ampal sinalahan”. Mangkin enak denirasenetan kalih, rinuruh sira rahaden kalih tan kampanggih. Pinarurungoken tan kaparungon panarira. Ya ta sinenggeh sira Lembu ampal sakarayita lawan raden kalih denira bhatara. Samangka sira Lembu ampal ingilangaken, malayu tasenetan ing tatangganirapañji Patipati. Angrungu sira Lembu ampal yen raden kalih hana ring sirapañji Patipati. Ya ta sira Lembu ampal marek ing raden kalih, aturira Lembu ampal ing raden kalih: „Manira angungsi ring pakanira pukulun, dosa-manira kinen angilangakena ring pakanira denira bhatara. Mangkin ta manira aneda cinoran manawi manira tan kandel den pakanira, enakan manira angawula ring jeng pakanira”. Sampune cinoran awatara kalih dina, sira Lembu ampal marek ing raden kalih, matur ing raden: „Punapa wekas pakanira rahaden, tan wonten puharanirasenetan, manira anuduka wong Rajasa mene, sedengipun ababañu”. Tatkala sore, anuduk wong Rajasa sira Lembu ampal, ingaloken malayu maring Sinelir. Ujaring wong Rajasa: „Wong Sinelir anuduk wong Rajasa”. Watara kalih dina wong Sinelir sinuduk dening Lembu ampal, binuru malayu maring Rajasa. Ujaring wong Sinelir: „Wong Rajasa anuduk ing wong Sinelir”. Wekasan atutukaran wong Rajasa lawan pangalasaning Sinelir, rame alolongan, sinapih saking dalem tan ahidep. Runtik sirapañji Tohjaya, ingilangaken kalih batur pisan. Angrungu sira Lembu ampal yen wong kalih batur ingilangaken, mara sireng wong Rajasa sira Lembu ampal. Lingira Lembu ampal: „Yen sira ingilangaken angungsia ring raden kalih sira, apan sama hana rahaden ”. Sangguping wong Rajasa: „Parekakena ugi, ki Lembu ampal, wong batur puniki”. Bhinakta pinituhaning wong Rajasa, marek ing raden kalih. Aturing wong Rasaja: „Pukulun pakanira sakitaha kawula ing Rajasa, sahandika-pakanira, pakanira-corana, manawi tan tuhu pangawulanipun, pahea rika denipun angawula”. Mangkana wong Sinelir, sama ingundang pinituhanipun, tunggal sanggupipun lawan wong Rasaja, tur pinatut kalih batur sampun kacoran, winekas: „Mene sore pada merenea, tur amawaha sahayanira sowang sowang, pada ambarananga maring kadaton”. Sama amit mantuk wong Sinelir lawan wong Rajasa. Katekan sore masa sama rawuh kalih batur amawa sahaya, sama marek ing ayunira rahaden kalih, sama wano ; anuli mangkat ambaranang mareng jero kadaton. Mogha kagyat sirapañji Tohjaya, malajeng kapisah, tinumbak tan kapisanan. Marining geger, rinuruh dening kawulanira, pinikul pinalayoken maring Katang lumbang. Kang [ 18 ]amikul kasingse gadage, katon pamungkure. Lingirapañji Tohjaya ri kang [18] amikul: „Beciki gadagta katon pamungkure”. Sangkaning tan awet ratu dene silit iku. Rawuhireng Lumbang katang, mokta sira. Anuli dhinarmeng Katang lumbang. Linanira i çaka 1172.

Bab IV

Tumuli sira Rangga wuni angadeg ratu. Kadi naga roro saleng lawan sira Mahisa campaka. Sira Rangga wuni abhiseka Wisnuwarddhana karatunira, sira Mahisa campaka dadi ratu angabhaya, abhiseka bhatâa Narasinga. Atyanta patutira, tan hana wiwal. Bhatâra Wisnuwardhana angadegaken kuta ring Canggu lor, i çaka 1193. Mangkat sira amerep ing Mahibit, angilangaken sang Lingganing pati. Sangkaning Mahibit alah, linebon wong aran sira Mahisa bungalan. Pañjenengira çrî Rangga wuni ratu tahun 14, moktanira 1194, dhinarma sira ring Jajagu. Sira Mahisa campaka mokta, dhinarma ring Kumeper, pamelesatanira ring Wudi kuñcir.

Bab V

Çri Rangga wuni atinggal putra lanang, aran çri Kertanagara; sira Mahisa campaka atinggal putra lanang, aran raden Wijaya. Siraji Kertanagara sira añjeneng prabhu, abhiseka bhatara Çiwabuddha. Hana ta wongira, babatanganira buyuting Nangka, aran Bañak wide, sinungan pasenggahan arya Wiraraja, arupa tan kandel denira, dinohaken, kinon adhipatia ring Sungeneb, anger ing Madura wetan. Hana ta patihira nduk mahu añjeneng prabhu, puspapata sira mpu Raganatha, nityasa angaturi rahayuaning tuhan, tan kedep denira çri Kertanagara; sangkanira mpu Raganatha asalah linggih mantu apatih, ginanten denira Kebo tengah sang apañjy Aragani. Sira mpu Raganatha gumanti dadi adhyaksa ri Tumapel. Sanpañjeneng çri Kertanagara angilangaken kalana aran Bhaya. Huwusing kalana mati, angutus ing kawulanira, andona maring Malayu. Samangka akedik kari wong Tumapel, akeh kang katuduh maring Malayu. Sirapañjy Aragani angateraken, mangsul ing Tuban, teka ring Tumapel sang apañjy Aragani angaturi tadahan pratidina, akasukan siraji Kertanagara. Hana ta pasawalanira lawan siraji Jaya katong ratu ring Daha, pinakamusuhira siraji Kertanagara, kemper pangaladeçaning çatru, tan enget yan dosanira. Sira Bañak wide atuwuh patang puluh tiga duk pamalaya, amitra lawan siraji Jaya katong, asurawean akenkenan saking Madura sira Bañak wide apasenggahan arya Wiraraja; mangkana siraji Jaya katong autusan maring Madura. Sira Wiraraja akirim surat dateng i siraji Jaya katong. Unining sawalan:“Pukulun, patik aji matur ing paduka aji anenggeh paduka aji ayun abuburu maring tegal lama, mangke ta paduka aji abuburua, duweg kaladeçanipun tambonten wonten baya, tambonten macanipun, tambonten bantengipun, muwah ulanipun, rinipun, wonten macanipun anging guguh“. Sang apatih [ 19 ]tuha sira mpu Raganatha kang ingaran macan guguh, apan sampun atuha. Samangka siraji Jaya katong mangkat amerep ing Tumapel. Sañjata kang saka loring Tumapel wong Daha kang alaala, tunggul kalawan tatabuhan penuh, rusak deça saka loring Tumapel, akeh atawan kanin kang amamerangaken. Sañjata Daha kang amarga lor mandeg ing Memeling. Sira bhatara Çiwabuddha pijer anadah sajöng, ingaturan yan pinerep saking Daha, apahido sira, lagi amijilaken andika: “Kadi pira siraji Jaya katong mongkonoa ring isun, apan sira huwus apakenak lawan isun“. Duk angaturaken kang atawan kanin, samangka sira mintuhu. Samangka raden Wijaya tinuduh amaguta sañjata kang saka loring Tumapel ingiring denira arya dikara sira Bañak kapuk, sira Rangga lawe, sira Pedang, sira Sora, sira Dangdi, sira Gajah pagon, anakira Wiraraja aran sira Nambi, sira Peteng, sira Wirot, sañjata abecikbecik, kang anangkis sañjata Daha bubuhan lor, sama amuk, rampak, kapalayu wong Daha kang metu saka lor, tinut binuru denira raden Wijaya. Dadi tumedun sañjata agung saking Daha kang saking pinggir Aksa anujw ing Lawor, tan wineh humunga, tan amawa tunggul nguniweh tatabuhan, teka ring Siddhabhawana añjugjug ring Singhasari pisan. Patih ring Daha sira Kebo mundarang, sira Pudot, sira Bowong pinakadining sañjata Daha saka kidul. Sedengira bhatara Çiwabuddha anadah sajöng lawan apatih, nduk sira kaparajaya sama sira angemasi, sira Kebo tengah apulih, mati ring Manguntur.

Bab VI

Raden Wijaya sira tinuturaken magalor, ingaturan yan bhatara Çiwabuddha mokta dening sañjata Daha anduni saka kidul, pun patih tuha sampun angemasi, sama umiringi talampakanira bhatara. Samangka raden Wijaya mangsul, sakawulanira sama apapalayon maring Tumapel. Tekanira ring Tumapel amapulihaken tanpantuk, gumanti sira kabalik, binuru tinut denipun Kebo mundarang, sumengka raden Wijaya angungsi ri sawah miring, paksanipun Kebo mundarang anduka ring Buntal. Raden Wijaya amañcal sisingkalaning amuluku, dadanipun Kebo mundarang tekeng mukanipun kebek enduk, mundur tur angucap: “Aduh tuhu yan dewa si pakanira raden”. Samangka raden Wijaya adum lañcingan giringsing ring kawulanira sawiji sowang, ayun sira angamuka. Kang dinuman sira Sora, sira Rangga lawe, sira Pedang, sira Dangdi, sira Gajah. Sira Sora anempuh, akeh longing wong Daha. Aturira Sora: “Mangke pangeran pakanira anempuha, kaladeçanipun mangke”. Anempuh raden Wijaya. Mangkin akeh longing wong Daha, tur mundur kalangan wengi, tumuli akuwu. Sedeng sireping wong tinut ingamuk manih denira raden Wijaya, samangka bubar wong Daha, akeh wong kena ring tumbaking sama-rowangipun aridu wong palajenging wong Daha. Wonten ta putrinira bhatara Çiwabuddha sama istri kalih siki, jaga panggihakena lawan [ 20 ]raden Wijaya denira bhatara Çiwabuddha, kalih sira kajarah dening wong Daha; rahaden istri sira sang anom apisah lawan sira sang panuha tan tunggal paranira malajeng. Weting Daha ta ridu dening pangamukira raden Wijaya. Kalaning wengi, wonten ta balemaning wong Daha murub ageng urubipun. Kapanggih raden istri panuwa irika, katinghalan sira denira raden Wijaya, enget yen raden yayistri panuha. Mangkin ta denira sambut denira raden Wijaya, tur angandika ring sira Sora: “Sora, lah ta”, angungsed, “angamuk maneh, malar katemua yayi sira sang anom”. Matur sira Sora: “Sampun dewa, apan si(ra) rayi pakanira panuha sampun kapanggih; pira si katahing kawula-pakanira puniki”. Sahuring raden Wijaya: “Iya denira iku”. Samangka sira Sora matur maneh: “Duweg, pukulun pakanira mundura, apan yan amaksakena angamuk sirantuka, leheng, lamun sira rayi-pakanira anom kapanggih, yen tan kapanggih kadi lalaron anggepok damar”. Samangka sira mundur, raden yayistri sira ingemban, saratri sira lumaku mangalor, esuk sira tinututan dening wong Daha, katututan sira kiduling Talaga pager. Wongira sama aganti angareni aprang angandeng ing wong Daha. Sira Gajah pagon katumbak pupune trus, anghing kawasa lumaku. Andikanira raden Wijaya: “Gajah pagon kawaça sira lumaku, lamun tan kawaça, lah pada angamuk”. “Kawaça manira, pangeran, anging alonlonan”. Wong Daha tan patya denipun anut ing sira, awekasan mangsul ing Talaga pager. Raden Wijaya angayam alas lawan kawulanira sakehing angiring, sama aganti angemban ing raden yayistri; wekasan kawulanira abhawarasa, anggunita tingkahanira raden Wijaya. Sampun putusing çabda, sama akembalan atur: “Pukulun, aturing kawula-pakanira samadaya, punapa ta wekas-pakanira puniki, kang angayam alas, kahayuning kawula-pakanira samadaya apened yan pakanira datenga ring Madura wetan; pakanira angungsia ri pun Wiraraja, malar kenaha pakanira-paraçraya, kadi pira tanpawilasaha, apan marganipun agung denira sira rama-pakanira sira sang moktah”. Lingira raden: “Iya iku lamun awilaça, mon tan awilaça, akeh deningsun awirang”. Sahurira Sora, sira Rangga lawe, sira Nambi, sama akedö sahur manuk: “Pukulun, kadi pira pun Wiraraja palingaha pangeran”. Ya ta sangkanira raden ahidep ing aturing kawulanira. Sah sira saking jero alas, teka ring Pandakan, maring buyuting Pandakan aran Macan kuping. Rahaden Wijaya sira amalampah ingaturan sedengan, ingaturan tinadah toyanipun, duk bineñcah esi sekul putih. Agawok kang tumon. Ujaring wong: “Pelang dahat, apan tan hana duwegan a-isi sekul”. Sira Gajah pagon tan kawaça lumaku; andikanira raden Wijaya: “Buyuting Pandakan, ingsun atuwawa wong sawiji, Gajah pagon tan bias lumaku, didine ring sira”. Ujaring wong Pandakan: “Duh gawe ala si pukulun, yen kapanggiha iriki pun Gajah pagon, masa wontena kawula [ 21 ]samering Pandakan, kahayuning kawula didinipun wonten ing kubon alas, pangaritaritan alalang, binengang ing tengah, pinakaryaken gubug, asepi tan wonten kawula sapeksa, kawula Pandakan asunga tedanipun nangken dina”. Kantun sira Gajah pagon. Raden Wijaya anuli maring Datar amemengi. Tekeng Datar anulumpak ing parahu. Sañjata Daha mantuk. Raden yayistri sira sang anom tulus kajarah maring Daha, katur ing siraji Jaya katong. Suka ingaturan moktanira bhatara Çiwabuddha. Raden Wijaya anabrang mangalor, tumurun sira saking parahu, kawengen ing tengahing sawah ring deça paminggiring Sungeneb. Angrereb ing sawah lalahan mentas ginaru, galengipun anipis. Samangka ta sira Sora aturu kumureb, lininggihan denira raden Wijaya lawan raden yayistri. Ring eñjang sira lumaju maring Sungeneb, areren ing bale pañjang. Wongira kinen atitilika, yen wonten sira Wiraraja sineba. Mangsul kang atilik apan sira Wiraraja wonten sineba. Mangkat rahaden Wijaya maring pasebanira Wiraraja. Sadatengira raden ing paseban, sira raden Wijaya tininghalan denira Wiraraja, kaget sira Wiraraja tumon ing rahaden, tumurun sira Wiraraja tur anuli mantuk, dateng ing pagerhan, aluwaran sineba. Kanggek twasira raden Wijaya, angandika ring sira Sora, sira Rangga lawe: “Lah paran si ujarisun, akeh denisun awirang, baya luhung isun angemasana pati duk angamuk ika”. Anuli sira dateng ing bale pañjang, wekasan dateng sira Wiraraja marek arantaban sagerha, makadi pinatihira, prasama anampa sedah woh. Aturira Rangga lawe: “Pukulun, dede ta pun Wiraraja punika mangkin marek”. Samangka iccha twasira raden. Ken pinatih angaturi sedah ring raden yayistri, sira Wiraraja angaturi sedah ring raden lanang. Sira Wiraraja angaturi dumununga ring gerha kadipaten. Raden yayistri anitihi gilingan, rabinira Wiraraja kabeh sami adarat, angiring ing raden istri, sira Wiraraja angiring ing raden Wijaya. Teka ring kadipaten anuli miñjero, dinunungaken ing paturonira Wiraraja. Raden Wiraraja pinarek ing wijil pingrwa denira Wiraraja sambi atutur kamoktanira bhatara sang lumah ring panadahan sajeng, malih atutur pangamukira ring wong Daha. Matur sira Wiraraja: “Mangke si rahaden punapa kayun-pakanira”. Sumahur sira rahaden Wijaya: “Isun amalaku sinakuta ring sira, yen hana pawilaçanira”. Aturira Wiraraja: “Sampun pakanira walang ati, anghing depun-alon ugi”. Tur sira Wiraraja angaturi lumajua mantuk maring dalem. Samangka sira Wiraraja angaturi wastra sabuk siñjang, sama tinampa dening rabinira, makadi ken pinatih. Andikanira raden: “Bapa Wiraraja, tan sipi gunge hutangisun ing sira, mun katekan sadhyanisun, isun-parone tembe bhumi Jawa, sira amuktia sapalih, isun kang sapalih”. Aturira Wiraraja: “Sawadinipun, pukulun, lamun pakanira jumenenga ugi”. Mangkana samayanira raden kalawan sira Wiraraja. Atyanta pangupakaranira Wiraraja ring raden, pratidina angaturi tadah, tan ucapakena denira angaturi [ 22 ]tadah sajeng. Alama raden Wijaya haneng Sungeneb. Irika ta sang arya Wiraraja matur: “Pangeran, manira angambil upaya, pakanira sewakaha ugi ring siraji Jaya katong, pakanira apiapia aneda ingapura, abhasa anungkul; lamun ugi siraji Jaya katong ayun pakanira-sewaka, pakanira angera ring Daha sakarengan, lamun pakanira arupa ingandel, wonten ta alasing wong Trik pakanira-tedaha ring siraji Jaya katong, pakanira-tarukaha, kawula Madura kang ababad anaruka, apedek parantunaning kawula Madura marek ing pakanira. Don-pakanira asewaka punika ta pakanira-ingetakena wongira siraji Jaya katong kang tuhu, kang wani, kang jejerih, kang bisa makadi buddhinipun Kebo mundarang, pakanira-kawruhana, sampun katepas kabeh, pakanira amita anghera ring antuking kawula Madura anaruka alasing wong Trik; pakantukipun ta manih manawi wonten kawula-pakanira kang saking Tumapel, mantuk manih marek ing pakanira, pakanira-tanggapana, yadyan kawula saking Daha ayun angungsi ring pakanira, pakanira kekehana, yan sampun kawawa sañjata Daha den-pakanira. Mangke manira akirim atur ing siraji Jaya katong”. Mangkat kang kinon angaturakena sawalan, anabrang mangidul, tekeng Daha marek ing siraji Katong, angaturaken surat. Unining surat: “Pukulun, atur patik aji, denira sira potraka paduka aji, aneda ingapura, ayun anungkul ing paduka aji; punika ta depun-kawruhanandika paduka aji, yan suka lawan tan suka”. Andikaniraji Katong: “Paran tan sukahaningong yan kaki arsa Wijaya ahidepa iringong”, tur kinon muliha kang utusan, amawandikanira. Satekaning utusan asrah andika; sampun winaca ring ayunira raden, ring ayunira Wiraraja. Suka sira Wiraraja. Samangka raden Wijaya mantuk maring Jawa, ingiring dening kawulanira, ingateraken dening wong Madura, sira Wiraraja angateraken mangsul ing Terung. Tekeng Daha enak denira asewaka ring siraji Katong, kinasihan. Datengira ring Daha amenangi Galungan, wongira kinon asasaramaha saking dalem, henti gawoking sang mantri ring Daha tumon, rehing sama abecikbecik, kang pinakadi sira Sora, sira Rangga lawe, sira Nambi, sira Pedang, sira Dangdi, sama malayu ring pasasaramaning Manguntur ing Daha. Gumanti mantri ring Daha malayu, kang pinakadi prajurit aran sira Panglet, lawan sira Mahisa rubuh, sira patih Kebo mundarang, katelu pada kasoran palayunipun denira Rangga lawe lawan sira Sora. Alama siraji Katong angenaken susudukan: “Kaki arsa Wijaya, lah reke sirasusudukana, isun ayun aniningalana, mantrinisun pinakalawanira”. Aturira raden: “Singgih pukulun”. Atangkep kang susudukan, antyanta ramening tatabuhan, kang aniningal penuh tanpaligaran, asri kapalajeng wongiraji Katong. Andikaniraji Katong: “Aturana kaki arsa Wijaya, aja milu, sapa ta wong wani alawan gustine”. Awusan sira rahaden, mangkin tapapak patangkeping susudukan amburu-binuru; wekasan sira Sora anuju ring sira patih Kebo mundarang, sira Rangga lawe anuju ring sira Panglet, sira Nambi [ 23 ]anuju ring sira Mahisa rubuh, wekasan kapalayu sang mantri Daha dening wongira raden Wijaya, tan hananing apulih, anuli awusan. Samangka raden Wijaya sapeksa yan kasoran mantri Daha dening wongira. Tumuli akirim andika ring sira Wiraraja, tumuli sira Wiraraja awekas atur akon anedaha alasing wong Trik. Suka siraji Katong. Ya ta mulaning anaruka alasing wong Trik. Duk mahu tinaruka dening Madura, hana wong alapa kurang sangunipun ababad, amangan maja, kapahiten, sama depun-buñcal antukipun aruru maja punika, kasub yan wonten wohing maja dahat apahit rasanipun, singgih ta ingaran ing Majapahit.

Sampun kawilang satingkah-polahing Daha denira raden. Ring Majapahit sampun arupa deça. Wongira Wiraraja asurawean maring Daha, aparantunan ing Majhapahit. Sira Wiraraja awekas atur ing raden, polahira amita ring siraji Katong. Samangka raden Wijaya amit anghera ring Majhapahit. Suka siraji Katong katungkul dening sih, lawan bisanira raden asewaka, kadi tuhu. Sasampunira raden Wijaya angher ing Majapahit, asung sapeksa ring sira Wiraraja yan sampun kawawa sang mantra ring Daha denira, dening sakawulanira. Raden Wijaya angajak ing sira Wiraraja amerepeng Daha. Sira Wiraraja anayuti, angucap ing utusan: “Aja geru, hana upayanisun manih, matura sira ki pangalasanira ring sira pangeran, isun amitra lawan sang ratu ring Tatar, isun-tawanane rajaputri, sira ta kaki pangalasanira, muliha mangke iki maring Majhapahit. Sapungkurira sun akirim surat maring Tatar, apan parahu saking Tatar mangke hana adagang merene. Hana parahunisun, sun-kon milua maring Tatar, angajak amerep ing Daha; lamun huwus kalah sang ratu ring Daha, hana rajaputri ring Tumapel hayu, sanusa Jawa tan hanamadani, irika akua ring ratu Tatar, iku pangapusisun ing ratu Tatar. Aturanira ring sira pangeran, malar tututa milu angalahaken Daha”. Mulih pangalasanira maring Majhapahit. Raden Wijaya suka ingaturan sawewekasira Wiraraja. Sapungkuring pangalasan, sira Wiraraja akonkonan maring Tatar. Sira Wiraraja angalih maring Majhapahit sagerha anggawa paprang saking Madura, sakehing wong Madura kang abecikbecik ginawa saha sañjata. Satekaning utusan saking Tatar amerep ing Daha. Sañjata saking Tatar ametoni saka lor, sañjata saking Madura lawan kang saking Majapahit metu saka wetan. Epuh siraji Katong, tan wruh kang jaganen. Ya ta binotan saka lor dening wong Tatar. Sira Kebo mundarang, sira Panglet, sira Mahisa rubuh, ajaga sañjata kang saka wetan. Sira Panglet mati denira Sora, sira Kebo rubuh mati denira Nambi, sira Kebo mundarang apagut lawan sira Rangga lawe, kapalayu sira Kebo mundarang, katututan ing lurah Trinipanti, mati denira Rangga lawe. Angucap sira Kebo mundarang ring sira Rangga lawe: “Ki Rangga lawe, hana anakingsun wadon, den-alapa dene ki Sora, gañjarane wani”. Siraji Jaya katong anempuh mangalor asikep dadap karebut dening wong Tatar, [ 24 ]apuhara kasikep, sira kapañjara dening wong Tatar. Raden Wijaya agelis mañjing ing jero kadatoning Daha, amalayoken ing raden yayistri sira sang anom. Anuli bhinakta maring Majapahit, satekanira ring Majhapahit teka wong Tatar amalaku rajaputri, apan sanggupira Wiraraja, yan huwus kalah ring Daha, angaturakena putri kang saking Tumapel kalih pisan. Ya ta kemengan sang mantra kabeh, angulati sanggupa manih. Angucap sira Sora: “Lah isun uga si angamukana ring wong Tatar yen maririki”. Sumahur sang arya Wiraraja: “Singgih, kaki Sora, hana upayanisun manih”. Mangkin ta angulati sanggupa. Punika kang pinagunemakening mantri. Sanggupira Sora: “Pira antukaning angamukana wong Tatar”. Ring sore masa yan lingsir kulon wong Tatar teka amalaku rajaputri. Sahurira Wiraraja: “Sawong Tatar, hayo uga sira age-age, sang rajaputri lagi prihatin, apan kawus tumon ing sañjata duk kalahing Tumapel, makadi duk kalahing Daha, awedi temen yen aninghali sarwa lalandep; embesuk ta sinrahaken ing sira, winadahan pasagi pinikul ingupacara ring wastra, ingateraken maring parahunira; sangkaning winadahan pasagi denira alumuh tumona ring lalandep, kalawan ta kang ananggapi ring sang rajaputri, aja wong Tatar kang alaalane, wong kang becike, ajamawa sahaya, apan sanggupira sang rajaputri yen tumona ring sarwa lalandep, yadyan tekaha ring parahu, alabuh er sira; nora ta para hilang denira atoh pati yan sang rajaputri alabuha toya”. Ahidep wong Tatar ingapus. Ujaring wong Tatar: “Abener dahat sabdanira puniku.” Tekaning samaya aserah rajaputri, dateng agebagan kang wong Tatar amalaku rajaputri, sama tan amawa lalandep. Teka ring jeroning lawang Bhayangkara, wong Tatar ingineban lawang kinuñcen ing jaba ring jero. Krisira Sora den-wulang ing pupune. Samangka den-amuk wong Tatar, denira Sora, telas padem. Sira Rangga lawe angamuki kang ing jabaning panangkilan, tinut tekeng dunungane malayu maring sohaning Canggu, tinut pinaten.

Akara sapuluh dina teka kang andon saking Malayu, olih putri roro, kang sawiji ginawe binihaji denira raden Wijaya, aran raden Dara petak; kang atuha aran Dara jingga, alaki dewa apuputra ratu ring Malayu, aran tuhan Janaka, kasirkasir çri Marmadewa, bhiseka siraji Mantrolot. Tunggal pamalayu lan patumapel i çaka resi-sanga-samadhi, 1197. Pangadeg aji Katong ratu ring Daha i çaka naga-muka-dara-tunggal, 1198. Teka ring Jung galuh aji Katong angapus kidung Wukir polaman, wusing angapus kidung moksa.

Bab VII

Samangka raden Wijaya añjeneng prabhu i çaka rasa-rupa-dwi-çitangçu, 1216. Wekasan patutan lawan raden Dara petak putra lanang, kaksatriyanira raden Kala gemet. Kuneng putranira bhatra Çiwabuddha stri kalih siki, kang cinayaken ing wong Tatar, ingalap kalih denira raden Wijaya, sira sang atuha añjeneng ring Kahuripan, sira sang anom añjenen ging Daha. Abhisakanira raden Wijaya duk [ 25 ]prabhu çri Kertarajasa. Tahun pañjenengira, oremira awihen. Mokta sira, dhinarma ring Antapura, moktanira i çaka 1257.

Bab VIII

Gumanti raden Kala gemet angadeg prabhu, abhiseka bhatara Jayanagara. Çri Çiwabuddha dhinarma ring Tumapel, bhisekaning dharma ring Purwapatapan. Helet pitu-welas tahun adeging dharma lawan paranggalawe. Sira Rangga lawe arep adegakena patih wurung, margane andaga maring Tuban sira Rangga lawe tur angapusi rorowang. Wus kapusan wong Tuban sagunung lor, samahidep ing sira Rangga lawe. Araning kang ahidep pañji Marajaya, ra Jaran waha, ra arya Siddhi, ra Lintang, ra Tosan, ra Galatik, ra Tati rowangira Rangga lawe andaga. Sangkaning lungha saking Majhapahit arebut lungguh, sira Mahapati amiçunaken aderwe dandan ujarira Rangga lawe: „Aja kehing ucap, hana ring Parthayajña papaning jejerih”. Karungu ring Majhapahit yen sira Rangga lawe andaga. Sira Mahapati angaturaken. Runtik siraji Jayanagara. Sarowangira Rangga lawe andaga mati, anghing ra Galatik ahurip, kinon malika denira Mahapati. Paranggalawe i çaka kuda-bhumi-paksaning-wong, 1217. Sira Wiraraja amit angulihi ing Lamajang tigang juru, apan pasamayanira raden Wijaya amalihana Jawa, kanugrahan lurah Lamajang lor kidul lawan tigang juru. Huwus alawas kabhukti denira Wirajaja. Sira Nambi kari apatih, sira Sora demung, sira Tipar tumenggung. Sor tumenggung dening demung samangka. Sira Wiraraja tan mulih maring Majhapahit, tan ayun angawolu. Helet tigang tahun paranggalawe lawan pasora. Pinisunaken sira Sora denira Mahapati, sira Sora ingilangaken mati denira Kebo anabrang, i çaka baba-tangan-wong, 1222. Sira Nambi pinisunaken denira Mahapati, tan kinatonaken perange, olih kaladeça, amit atilik ing sira Wiraraja agering alara. Çri Jayanagara suka, anghing tan sinung alawasa. Sira Nambi tan teka manih, meneng ring Lembah, agawe kuta atingkah sañjata. Sira Wiraraja mati. Siraji Jayanagara añjeneng prabhu rong tahun. Guntur palungge i çaka api-api-tangan-tunggal, 1233. Tumuli pajurudemung, helet rong tahu lan pasora. Patine juru demung i çaka arta-guna-paksaning-wong, 1235. Tumuli pagajahbiru i çaka rasa-guna-paksa-wong, 1236. Tumuli pamandana. Mangkat angawaki siraji Jayanagara angilangaken wong Mandana wulan karo. Anuli mangetan, sira Nambi ingilangaken. Winarah sira Nambi yen wus mati juru demung, patih emban, tumenggung Jaran lejong, mantri parakrama, sampun samangemasi, maty anempuh. Angucap sira Nambi: „Kang Samara, ki Derpana, ki Tenguh, pamañ Jaran bangkal, ki Wirot, ra Windan, ra Jangkung, yen tandingen nora sor wong wetan iki, mali wus rusak, sapa si galihe kulon, [ 26 ]Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang, nora ingsun awedi, don-salakseng harep ing wuri, kongsi uga denisun saksat aprang ing Bubat. ” Tekane wong Majapahit, pangidulira Nambi, rusaking Ganding, kajarah praçastine, sira Nambi tinut sinelesek, tumandang sira Derpana, sira Samara, sira Wirot, sira Made, sira Windan, sira Jangkung, sira Teguh, makadi sang arya Nambi adining anempuh ; dahut wong Majapahit, noranapulih. Sira Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang sama amagut ing sira Nambi mati, sarowangira Namby anempuh angemasi, Rabut buhayabang tikel, dahut payung wong wetan, kalah deça Lamajang i çaka naganahut-wulan, 1238. Tunggal pawagal lan pamandana. Helet rong tahun pawagal lan palasem. Sira Semi ingilangaken mati i soring rangdu i çaka nora-weda-paksa-wong, 1240. Tumuli rakuti. Hana dharmaputra aji, pangalasan wineh suka, wong 7, aran Kuti. Ra Pangça, ra Wedeng, ra Yuyu, ra Tañca, ra Bañak, ra Kuti lawan ra Semi mati ingilangaken, pinisunaken denira Mahapati. Samangka kawaspadan sira Mahapati yan rajapisuna, ya tan sinikep, winunuh cinelengceleng, dosane angadu pisuna. Duk durung mati ra Kuti, harep angawaken abhatara maring Badander. Sah ring wengi tan ananing wruh, anghing wong Bhayangkara angiring, sakehe kang katuju akemit duk abhatara lungha, hana wong lima welas. Sira Gajah mada ambekel ing Bhayangkara samangka, katuju kemitane, sangkane angiring bhatara duk mimba. Alawas sira haneng Badander. Hana pangalasan amit mulih, tan winehan denira Gajah mada, polahing kawula angiring akedik, amaksaken mulih. Sinuduk denira Gajah mada, done manawa hana awawarah yen abhatara dumunung ring umahipun buyuting Badander, manawa ra Kuti wruh. Akara sapasar amit sira Gajah mada maring Majhapahit. Teka ring Majhapahit, sira Gajah mada tinakontakonan de sang amañcanagara ring pernahira bhatara, awarah yen huwus kasambut dening rowange ra Kuti. Samanangis kang winarah. Angucap sira Gajah mada: „Menenga, nora sira harep-harep apangerana ring ra Kuti”. Sumahur kang inujaran: „Angapa ujarira iku, iya dudu pangeran dewek”. Wekasan sira Gajah mada awarah yen abhatara haneng Badander. Samangka sira Gajah mada ayom lawan sang mantri, sama asanggup amatenana ring ra Kuti, ingilangaken mati ra Kuti. Mantuk abhatara saking Badander, kari abuyut tur sub ing dangu. Saulihira bhatara sira Gajah mada mari ambekel ing wong Bhayangkara, ring rong wulan amukti palapa, ingalihaken apatih ring Kahuripan, apatih rong tahun. Sang arya Tilam apatih ring Daha mati, gumanti sira Gajah mada, tinerapaken apatih ring Daha, atut sirapatih amangkubhumi sang arya Tadah, kang angrojongi sira Gajah mada patih ring Daha. [ 27 ]

Siraji Jayanagara asanak istri kakalih, saos ibu, sami tan sinung akramaha ri len, ayun alapen piyambek. Samangka ksatriya tan hana maring Majhapahit, sing katon ingilangaken, manawa harep ing arinira. Sira paraksatriya angekeb ahetetan. Somahira Tañca aparungon ingalan denira bhatara, sira Tañca ingadoken denira Gajah mada. Katuju bhatara Jayanagara bubuhen tan kawasa mijil. Sira Tañca kinon anajia, marek maring pagulingan. Tinaji denira Tañca pisan pingro tan tedas, den-aturi bhatara asalaha kemitan, asalaha kemitan sandingiraguling, tinaji denira Tañca tedas, linud sinuduk denira Tañca, mokta sira ring pagulingan. Sira Tañca ginelis pinaten denira Gajah mada, mati sira Tañca. Let sangang tahun pakuti lawan pata&ntlide;ca, i çaka bhasmi-bhuta-nangani-ratu, 1250. Sira ta dhinarmeng Kapopongan, bhiseka ring Çrnggapura pratista ring Antawulan.

Samangka sira paraksatriya angambah Majhapahit. Samangka raden Cakradhara kalaping swayambara pinakalakinira bhreng Kahuripan. Raden Kuda merta angambil bhreng Daha. Raden Kuda merta añjeneng ring Wengker, bhreng Pramiçwara ring Pamotan, bhiseka çri Wijayarajasa. Hana ta patutan raden Cakradhara añjeneng ring Tumapel, bhiseka çri Kertawardhana.

Bab IX

Bhreng Kahuripan istri prabhu i çaka çunya-wisaya- paksa-bhumi, 1250.

Bhreng Kahuripan aputra titiga, mijil bhatara prabhu, kasirkasirira çri Hayam wuruk, raden Tetep, jujulukira yen anapuk sira dalang Tritaraju, lamun amadoni sira Pager antimun, lamun awayang bañol sira Gagak katawang, yan ring kaçewan sira mpu Janeçwara, bhisekanira çri Rajasanagara, kaprabhunira bhra sang Hyang wekasing sukha; arinira stri kalap denira raden Larang, pangadeganira bhreng Matahun, tan apuputra; sira sang pamungsu bhreng Pajang ingalap denira raden Sumana, pangadeganira bhreng Paguhan, amisan kalawan bhreng Kahuripan, stri bhra Gundal sang dhinarma ring Sajabung, dharmabhiseka ring Bajrajinaparimitapura.

Tumuli pasadeng. Sira Tadah patih amangkubhumi agering sakarengan tan kawaaça marek, anguswaken marek ring talampakanira bhatara asaha mangkubhumi, tan tinanggapan denira bhre Koripan, mantuk sang arya Tadah, angundang ring sira Gajah mada, ararasan ing made. Sira Gajah mada kinen amatiha ring Majhapahit, tan mangkubhumi: „ Isun angrojongi sadudunira”. Kecapira Gajah mada: „ Alemeh siranakira, yen apatiha mangke. Lamun sampun saking Sadeng agelem apatiha, lamun kahapuraha tiwas, bisaning ranakira” . „ Lah kaki sakewuhira sunrojong, sadudunira” . Samangka agung hatinira Gajah mada, angrungu sanggupira sang arya Tadah. Mangkin mangkat [ 28 ]maring Sadeng. Sang mantri araraman pinadaya, makadi sang apatih amangkubhumi pinadaya, yen sira Kembar angruhuni angepang ring Sadeng. Serngen sang amangkubhumi, apotusan ing sang mantri jaba; kang mangkat wong limang bekelan, anglilima sowang. Kapanggih sira Kembar ring alas, angadeg ing kayu rubuh, angandulandul, kayanunggang undakan tur anglimbeken cameti dateng kang dateng kang kinon amalinggiha sira Kembar. Wanten wekasira sang mantri samadaya, makadi kaki gusti apatih amangkubhumi, aken amalinggiha ring sira punareke sangkanira rumuhun angepang ing wong Sadeng. Deñ - cameti rahine kang kinon amalinggiha, Iuput alingan kayu, tur sira Kembar angucap: „ Norana den - hidep dening si Kembar iki, yen ing paprangan norahidep ing pangeranmu iku” . Lungha kang kinon amalinggiha, awerta saujarira Kembar. Meneng sira Gajah mada, teka winahonan kinepang wong Sadeng. Tuhan Wuruju dewaputra saking Pamelekahan, lamun añjeplakaken pepecut, karungu ring antariksa. Kaget wong Majhapahit. Kañcit teka sang sinuhun angalahaken Sadeng. [Helet tigang tahun] patañca lawan pasadeng i çaka kaya - bhuta - non - daging, 1253. Tumuli guntur pabañu - pindah i çaka 1256. Teka saking Sadeng sira Kembar ambekel ing mantry araraman, sira Gajah mada angabehi, sira Jaran bhaya, sira Jalu, sira demang Bucang, sira Gagak minge, sira Jenar, sirarya Rahu, sama antuk linggih, si Lembu peteng tumenggung.

Sira Gajah madapatih amangkubhumi tan ayun amuktia palapa, sira Gajah mada: „ Lamun huwus kalah nusantara isun amukti palapa, amun kalah ring Gurun, ring Seran, Tañjung pura, ring Haru, ring Pahang , Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa” . Sira sang mantri samalungguh ring panangkilan pepek. Sira Kembar apameleh, ring sira Gajah mada, anuli ingumanuman, sira Bañak kang amuluhi milu apameleh, sira Jabung terewes, sira Lembu peteng gumuyu. Tumurun sira Gajah mada matur ing talampakan bhatara ring Koripan, runtik sira katadahan kabuluhan denira arya Tagah. Akweh dosanira Kembar, sira Warak ingilangaken, tan ucapen sira Kembar, sami mati.

Bab X

Tumuli pasunda-bubat. Bhre prabhu ayun ing putri ring Sunda. Patih Madu ingutus angundangeng wong Sunda, ahidep wong Sunda yan awawarangana. Teka ratu Sunda maring Majhapahit, sang ratu Maharaja, tanpangaturaken putri. Wong Sunda kudu awiramena, tingkah ing jurungen. Sira patihing Majhapahit tanpayun yen wiwahanen, reh sira rajaputri makaturatura. Wong Sunda tanpasung. Sira Gajah mada matur polahing wong Sunda. Bhra prameçwareng Wengker sirasanggup: "Sampun walang ati, kakâji, ingsun-lawanane apagut". Sira Gajah mada matur polahing wong Sunda. Tumuli apangarah wong Majhapahit angepang wong Sunda. Wong Sunda harep angaturakena rajaputri, tan [ 29 ]sinungan dening menak, asanggup matieng Bubat tan harep anungkul, manggetoha getih. Sangguping menak agawe pangrus, adining Sundanggergut, Larang agung, tuhan Sohan, tuhan Gempong, pañji Melong, urang sangkaring Tobong barang, Rangga cahot, tuhan Usus, tuhan Sohan, urang pangulu, urang saya, Rangga kaweni, urang siring, Satrajali, Jagat saya, sakwehing wado Sunda pareng asurak. Pinagut ing uni dening reyong, ghûrnitaning surak kadi guntur. Sang prabhu Maharaja wus angemasi karuhun, mati lan tuhan Usus. Bhra parameçwara sira maring Bubat, tan sapeksa yan wong Sunda akeh kari, tur adinya menak anempuh. Mangidul wong Sunda, rusak wong Majapahit. Kang anangkis sañjata amapulihaken sirarya Sentong, patih Gowi, patih Marga lewih, patih Teteg, Jaran bhaya. Sakeh sang mantry araraman aprang saking kuda, katitihan wong Sunda, anempuh mangidul mangulon anuju, nggonira Gajah mada, sing tekareping padati wong Sunda mati, kadi sagara getih gunung wangke, bhrasta wong Sunda tan hana kari, i çaka sanga-turangga-paksawani, 1279. Tunggalan padompo pasunda. Samangka sira Gajah mada mukti palapa. Sawelas tahun amangkubhumi.

Patining putri Sunda bhatara prabhu angalap putri bhra Prameçwara, sira Paduka çori, apatutan stri bhre Lasem sang ayu; putra lan rabihaji mijil bhre Wirabhumi, ingaku putra denira bhre Daha:

Bhre Pajang apuputra titiga, mijil bhra Hyang wiçesa, kaksatriyanira raden Gagak sali, karatunira aji Wikrama, sira sang angambil bhre Lasem sira sang ahayu, aputra mijil bhre Hyang wekasing suka; putra manih stri bhre Lasem sang alemu kalap denira bhre Wirabhumi; putra manih stri bhre Kahuripan. Hana putranira bhre Tumapel, duk ksatriya raden Sotor, hino ring Koripan, angalih hinweng Daha, anuli hino ring Majhapahit, aputra sira mijil raden Sumirat, angalap bhre Kahuripan, pangadegan bhre Pandan salas.

Tumuli paçraddhanagung i çaka pat-ula-ro-tunggal, 1284.

Sang apatih Gajah mada atelasan i çaka gagana-muka-matendu, 1290. Telung tahun noranangganteny apatih. Sira Gajah enggon apatih i çaka gunasanga-paksaning-wong, 1293.

Bhre Daha mokta, dhinarmeng Adilangu, dharmabhiseka ring adri PurwawiçeSa. Bhre Kahuripan mokta dhinarmeng Panggih dharmabhiseka ring giri Pantarapurwa.

Tumuli hana gunung añar i çaka naga-leng-karnaning-wong, 1298.

Tumuli guntur pamadasiha i çaka resi-çunya-guna-tunggal, 1307. [ 30 ]Bhre Tumapel mokta sang mokta ring Çunyalaya i çaka matangga-çu-nya-kayeku, 1308, dhinarmeng Japan, dharmabhiseka ring Sarwajñapura.

Bhra Hyang wiçesapuputra mijil bhre Tumapel; putrestri mijil bhre prabhu stri, ,bhiseka dewi Suhita; manih putra pamungsu jalu bhre Tumapel çri Kertawijaya. Bhre Pandan salas aputra mijil bhre Koripan, bhra Hyang parameçwara, siraji Ratnapangkaja bhisekanira, angalap bhra prabhu istri, tan apuputra sira; manih putranira mijil stri bhre Lasem, kalap denira bhre Tumapel; putra manih mijil bhre Daha, kambil denira bhre Tumapel, sama pamungsu. Bhre Wirabhumi aputra jalu mijil bhre Pakembangan, mokta nduking abuburon; putra manih stri bhre Mataram, kalap denira bhra Hyang wiçesa; putra manih bhre Lasem, kalap denira bhre Tumapel; putra manih stri bhre Matahun. Bhre Tumapel aputra jalu añjeneng ring Wengker angambil bhre ing Matahun; aputra manih bhre Paguhan; putra lan rabi anom bhre Jagaraga; kalap denira bhra Parameçwara tan apuputra; manih bhre Tañjung pura, kalap denira bhre Paguhan tan apuputra; manih bhre Pajang, kalap denira bhre Paguhan kâlapdo tan apuputra; bhre Keling angalap ring, bhreng Kembang jenar. Bhre Wengker apuputra bhre Kahalan. Bhre Paguhan apuputra lawan rabi ksatriya mijil bhre Singapura, kambil denira bhre Padan salas.

Bhra Prameçwara Pamotan i mokta i çaka gagana-rûpânahut-wulan, 1310, sira sang dhinarmeng Mañar, dharmabhiseka ring Wisnubhawanapura. Bhra Matahun mokta, dhinarma ring Tigawangi, dharmabhiseka ring Kusumapura. Sira Paduka Sori mokta. Bhreng Pajang mokta dhinarmeng Embul, dharmabhiseka ring Girindrapura. Bhre Paguhan mokta dhinarmeng Lo beñcal, dharmabhiseka ring Parwatigapura. Bhra Hyang wekasing suka mokta, i çaka medini-rûparameku, 1311.

Bab XI

Bhra Hyang wiçesa prabhu.

Tumuli guntur Prang bakat i çaka mukaning-wong-kaya-naga, 1317.

Tumuli sira Gajah enggon mati i çaka çunya-paksa-kaya-janma, 1320. Pitu likur tahun apatih.

Bhra Hyang wekasing suka aken apatiha ing sira Gajah maguri. Bhra Hyang wekasing suka mokta, sang mokta ring Indrabhawana, i çaka janma-netragni-sitangsu, 1321, sang dhinarmeng Tajung, bhisekaning dharma ring Paramasukapura.

Bhra Hyang wiçesa sira bhagawan i çaka netra-paksagni-sitangsu, 1322.

Bab XII

Bhatarestri prabhu.

Bhre Lasem mokta ring Kawidyadharen, dhinarmeng Pabangan, dharmabhiseka ring Laksmipura. Bhre Kahuripan mokta. Bhre Lasem sira sang alemu [ 31 ]mokta. Bhre Pandan salas mokta, dhinarmeng Jinggan, dharmabhiseka ring çri Wisnupura.

Bhra Hyang wiçesa apupurikan lawan bhra Wirabhumi. Dadi denira dampul, abelah mati siradampul i çaka 1323.

Helet tigang tahun tumuli dadi manih kang paregreg. Sama apangarah, bhre Tumapel, bhra Hyang Parameçwara, sami ingaturan. “Sapa kang sun-ilonana”. Dadi kang yuddha, kalah kadaton kulon, kapesan bhra Hyang wiçesa. Runtik sira ayun lungaha. Ingaturan bhre Tumapel, bhra Parameçwara: “Sampun age lungha, isun-lawanane”. Suka bhra Hyang wiçesa, apangarah ingadegan denira bhre Tumapel, denira bhre Parameçwara. Kalah kadaton wetan. Bhre Daha ingemban denira bhra Hyang wiçesa, bhinakta mangilen. Bhra Wirabhumi lungha ring wengi, tumulumpak ing parahu, tinut denira raden Gajah bhiseka ratu angabhaya, bhra Narapati. Katututan ing parahu, minoktan tur pinök bhinakta dateng ing Majapahit, dhinarma ta sira ring Lung, dharmabhiseka ring Goriçapura, i çaka duk paregreg agung naga-laranahut-wulan, 1328.

Patang tahun atelasan sira Gajah manguri, i çaka paksa-guna-kaya-wong, 1332. Ro welas tahun sira Gaja lembana patih.

Tumuli guntur pajulung-pujut, i çaka kaya-weda-gunaning-wong, 1343.

Atelasan sira Gajah lembana i çaka pawanagni-kaya-bhumi, 1335. Tigang tahun apatih tuhan Kanaka.

Bhre Daha mokta. Bhre Matahun mokta. Bhre Mataram mokta. Tumuli palantaran agung i çaka liman-kayangambah-lemah, 1338.

Tumuli pahilan agung i çaka naga-yuganahut-wong, 1348.

Bhre Tumapel mokta i çaka sang-yuga-kaya-wong, 1349, dhinarmeng Lo kerep, dharmabhiseka ring Amarasabha. Bhre Wengker mokta dhinarmeng Sumengka. Bhra Hyang wiçesa mokta dhinarmeng Lalangon, bhisekaning dharma ring Paramawiçesapura.

Bhra prabhu stri mokta i çaka rupanilagni-sitangçu, 1351.

Bab XIII

Sira tuhan Kanaka atelasan i çaka paksawihat-gunaning-wong, 1363. Pitu welas tahun apatih.

Bhre Lasem mokta ring Jinggan. Bhre Pandan salas mokta. Raden Jagulu.

Raden Gajah ingilangaken pinadosa ameki bhre Wirabumi i çaka bhutamanah-antelu-tunggal, 1355.

Bhre Daha duk añjeneng ratu i çaka manawa-pañcagni-wulan, 1359.

Bhre Parameçwara mokta, sang mokta ring Wisnubhawana i çaka nagaganagni-sitangçu, 1368, dhinarmeng Singhajaya. Bhre Keling mokta, dhinarmeng Apaapa. Bhre prabhu stri mokta i çaka nawa-rasagni-çitangçu, 1369, tunggal dhinarmeng Singhajaya. [ 32 ]Bab XIV

Tumuli bhre Tumapel angganteni prabhu.

Bhre Paguhan angilangaken, wong Tidunggalating, katur ing Majapahit.

Tumuli palindu i çaka paksa-gananahut-wulan, 1362.

Bhre Paguhan sira sang mokta ring Canggu dhinarmeng Sabyantara. Bhra Hyang mokta dhinarme Puri. Bhre Jagaraga mokta. Bhre Kabalan mokta dhinarmeng Sumengka tunggal dhinarma. Bhre Pajang mokta tunggal dhinarmeng Sabyantara.

Tumuli guntur pakuningan i çaka welut-wiku-anahut-wulan, 137. Bhre prabhu mokta i çaka bahni-parwata-kayeku, 1373, bhisekaning dharmma ring Kertawijayapura.

Bab XV

Bhre Pamotan añjeneng ing Keling, Kahuripan, abhisekanira çri Rajasawarddhana. Mokta sang Sinagara, dhinarma ring Sepang i çaka wisaya-kudanahut-wong, 1375.

Bab XVI

Telung tahun tan hana prabhu.


Bab XVII

Tumuli bhre Wengker prabhu, bhisekanira bhra Hyang purwawiçesa, i çaka brahmana-saptagnyanahut-wulan, 1378.

Tumuli guntur palandep i çaka pat-ula-telung-wit, 1384.

Bhre Daha mokta i çaka gana-brahmanagni-tunggal, 1386. Bhra Hyang purwawiçesa mokta, dhinarma ring Puri, i çaka brahmana-nagagni-çitangçu, 1388. Tumuli bhre Jagaraga mokta.

Bab XVIII

Bhre Pandan salas añjeneng ing Tumapel, anuli prabhu i çaka brahmana-naga-kaya-tunggal, 1388, prabhu rong tahun. Tumuli sah saking kadaton. Putranira sang Sinagara, bhre Koripan, bhre Mataram, bhre Pamotan, pamungsu bhre Kertabhumi, kapernah paman, bhre prabhu sang mokta ring kadaton i çaka çunya-nora-yuganing-wong, 1400.

Tumuli guntur pawatu-gunung i çaka kayambara-sagareku, 1403.



Iti Pararaton.

Telas sinurat ing Iccasada ring Çela penek, i çaka wisaya-guna-bayuning-wong, 1535. Ngkana kowusanira sinerat dina, Pa., Sa., Warigadyan, masa krysnapasa dwitiyaning karwa. Sampun tan kapaharjaha de sang çuddhamaca. Tunalewihing sastra durbhiksa tan open kwehaning naça, mapan olihing arddha punggung mahw asisinahu. Om dirgghayur astu, tathastu, astu, om çubham astu kintu sang anurat.


Delengen uga[besut]

Sumber[besut]

Saka http://www1.uni-hamburg.de/java-history/JavaPararaton.html via [1]