Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

anuju ring sira Mahisa rubuh, wekasan kapalayu sang mantri Daha dening wongira raden Wijaya, tan hananing apulih, anuli awusan. Samangka raden Wijaya sapeksa yan kasoran mantri Daha dening wongira. Tumuli akirim andika ring sira Wiraraja, tumuli sira Wiraraja awekas atur akon anedaha alasing wong Trik. Suka siraji Katong. Ya ta mulaning anaruka alasing wong Trik. Duk mahu tinaruka dening Madura, hana wong alapa kurang sangunipun ababad, amangan maja, kapahiten, sama depun-buñcal antukipun aruru maja punika, kasub yan wonten wohing maja dahat apahit rasanipun, singgih ta ingaran ing Majapahit.

Sampun kawilang satingkah-polahing Daha denira raden. Ring Majapahit sampun arupa deça. Wongira Wiraraja asurawean maring Daha, aparantunan ing Majhapahit. Sira Wiraraja awekas atur ing raden, polahira amita ring siraji Katong. Samangka raden Wijaya amit anghera ring Majhapahit. Suka siraji Katong katungkul dening sih, lawan bisanira raden asewaka, kadi tuhu. Sasampunira raden Wijaya angher ing Majapahit, asung sapeksa ring sira Wiraraja yan sampun kawawa sang mantra ring Daha denira, dening sakawulanira. Raden Wijaya angajak ing sira Wiraraja amerepeng Daha. Sira Wiraraja anayuti, angucap ing utusan: “Aja geru, hana upayanisun manih, matura sira ki pangalasanira ring sira pangeran, isun amitra lawan sang ratu ring Tatar, isun-tawanane rajaputri, sira ta kaki pangalasanira, muliha mangke iki maring Majhapahit. Sapungkurira sun akirim surat maring Tatar, apan parahu saking Tatar mangke hana adagang merene. Hana parahunisun, sun-kon milua maring Tatar, angajak amerep ing Daha; lamun huwus kalah sang ratu ring Daha, hana rajaputri ring Tumapel hayu, sanusa Jawa tan hanamadani, irika akua ring ratu Tatar, iku pangapusisun ing ratu Tatar. Aturanira ring sira pangeran, malar tututa milu angalahaken Daha”. Mulih pangalasanira maring Majhapahit. Raden Wijaya suka ingaturan sawewekasira Wiraraja. Sapungkuring pangalasan, sira Wiraraja akonkonan maring Tatar. Sira Wiraraja angalih maring Majhapahit sagerha anggawa paprang saking Madura, sakehing wong Madura kang abecikbecik ginawa saha sañjata. Satekaning utusan saking Tatar amerep ing Daha. Sañjata saking Tatar ametoni saka lor, sañjata saking Madura lawan kang saking Majapahit metu saka wetan. Epuh siraji Katong, tan wruh kang jaganen. Ya ta binotan saka lor dening wong Tatar. Sira Kebo mundarang, sira Panglet, sira Mahisa rubuh, ajaga sañjata kang saka wetan. Sira Panglet mati denira Sora, sira Kebo rubuh mati denira Nambi, sira Kebo mundarang apagut lawan sira Rangga lawe, kapalayu sira Kebo mundarang, katututan ing lurah Trinipanti, mati denira Rangga lawe. Angucap sira Kebo mundarang ring sira Rangga lawe: “Ki Rangga lawe, hana anakingsun wadon, den-alapa dene ki Sora, gañjarane wani”. Siraji Jaya katong anempuh mangalor asikep dadap karebut dening wong Tatar,