Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang, nora ingsun awedi, don-salakseng harep ing wuri, kongsi uga denisun saksat aprang ing Bubat. ” Tekane wong Majapahit, pangidulira Nambi, rusaking Ganding, kajarah praçastine, sira Nambi tinut sinelesek, tumandang sira Derpana, sira Samara, sira Wirot, sira Made, sira Windan, sira Jangkung, sira Teguh, makadi sang arya Nambi adining anempuh ; dahut wong Majapahit, noranapulih. Sira Jabung terewes, Lembu peteng, Ikalikalan bang sama amagut ing sira Nambi mati, sarowangira Namby anempuh angemasi, Rabut buhayabang tikel, dahut payung wong wetan, kalah deça Lamajang i çaka naganahut-wulan, 1238. Tunggal pawagal lan pamandana. Helet rong tahun pawagal lan palasem. Sira Semi ingilangaken mati i soring rangdu i çaka nora-weda-paksa-wong, 1240. Tumuli rakuti. Hana dharmaputra aji, pangalasan wineh suka, wong 7, aran Kuti. Ra Pangça, ra Wedeng, ra Yuyu, ra Tañca, ra Bañak, ra Kuti lawan ra Semi mati ingilangaken, pinisunaken denira Mahapati. Samangka kawaspadan sira Mahapati yan rajapisuna, ya tan sinikep, winunuh cinelengceleng, dosane angadu pisuna. Duk durung mati ra Kuti, harep angawaken abhatara maring Badander. Sah ring wengi tan ananing wruh, anghing wong Bhayangkara angiring, sakehe kang katuju akemit duk abhatara lungha, hana wong lima welas. Sira Gajah mada ambekel ing Bhayangkara samangka, katuju kemitane, sangkane angiring bhatara duk mimba. Alawas sira haneng Badander. Hana pangalasan amit mulih, tan winehan denira Gajah mada, polahing kawula angiring akedik, amaksaken mulih. Sinuduk denira Gajah mada, done manawa hana awawarah yen abhatara dumunung ring umahipun buyuting Badander, manawa ra Kuti wruh. Akara sapasar amit sira Gajah mada maring Majhapahit. Teka ring Majhapahit, sira Gajah mada tinakontakonan de sang amañcanagara ring pernahira bhatara, awarah yen huwus kasambut dening rowange ra Kuti. Samanangis kang winarah. Angucap sira Gajah mada: „Menenga, nora sira harep-harep apangerana ring ra Kuti”. Sumahur kang inujaran: „Angapa ujarira iku, iya dudu pangeran dewek”. Wekasan sira Gajah mada awarah yen abhatara haneng Badander. Samangka sira Gajah mada ayom lawan sang mantri, sama asanggup amatenana ring ra Kuti, ingilangaken mati ra Kuti. Mantuk abhatara saking Badander, kari abuyut tur sub ing dangu. Saulihira bhatara sira Gajah mada mari ambekel ing wong Bhayangkara, ring rong wulan amukti palapa, ingalihaken apatih ring Kahuripan, apatih rong tahun. Sang arya Tilam apatih ring Daha mati, gumanti sira Gajah mada, tinerapaken apatih ring Daha, atut sirapatih amangkubhumi sang arya Tadah, kang angrojongi sira Gajah mada patih ring Daha.