Kaca:Verhandelingen van het Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, XLIX.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

apuhara kasikep, sira kapañjara dening wong Tatar. Raden Wijaya agelis mañjing ing jero kadatoning Daha, amalayoken ing raden yayistri sira sang anom. Anuli bhinakta maring Majapahit, satekanira ring Majhapahit teka wong Tatar amalaku rajaputri, apan sanggupira Wiraraja, yan huwus kalah ring Daha, angaturakena putri kang saking Tumapel kalih pisan. Ya ta kemengan sang mantra kabeh, angulati sanggupa manih. Angucap sira Sora: “Lah isun uga si angamukana ring wong Tatar yen maririki”. Sumahur sang arya Wiraraja: “Singgih, kaki Sora, hana upayanisun manih”. Mangkin ta angulati sanggupa. Punika kang pinagunemakening mantri. Sanggupira Sora: “Pira antukaning angamukana wong Tatar”. Ring sore masa yan lingsir kulon wong Tatar teka amalaku rajaputri. Sahurira Wiraraja: “Sawong Tatar, hayo uga sira age-age, sang rajaputri lagi prihatin, apan kawus tumon ing sañjata duk kalahing Tumapel, makadi duk kalahing Daha, awedi temen yen aninghali sarwa lalandep; embesuk ta sinrahaken ing sira, winadahan pasagi pinikul ingupacara ring wastra, ingateraken maring parahunira; sangkaning winadahan pasagi denira alumuh tumona ring lalandep, kalawan ta kang ananggapi ring sang rajaputri, aja wong Tatar kang alaalane, wong kang becike, ajamawa sahaya, apan sanggupira sang rajaputri yen tumona ring sarwa lalandep, yadyan tekaha ring parahu, alabuh er sira; nora ta para hilang denira atoh pati yan sang rajaputri alabuha toya”. Ahidep wong Tatar ingapus. Ujaring wong Tatar: “Abener dahat sabdanira puniku.” Tekaning samaya aserah rajaputri, dateng agebagan kang wong Tatar amalaku rajaputri, sama tan amawa lalandep. Teka ring jeroning lawang Bhayangkara, wong Tatar ingineban lawang kinuñcen ing jaba ring jero. Krisira Sora den-wulang ing pupune. Samangka den-amuk wong Tatar, denira Sora, telas padem. Sira Rangga lawe angamuki kang ing jabaning panangkilan, tinut tekeng dunungane malayu maring sohaning Canggu, tinut pinaten.

Akara sapuluh dina teka kang andon saking Malayu, olih putri roro, kang sawiji ginawe binihaji denira raden Wijaya, aran raden Dara petak; kang atuha aran Dara jingga, alaki dewa apuputra ratu ring Malayu, aran tuhan Janaka, kasirkasir çri Marmadewa, bhiseka siraji Mantrolot. Tunggal pamalayu lan patumapel i çaka resi-sanga-samadhi, 1197. Pangadeg aji Katong ratu ring Daha i çaka naga-muka-dara-tunggal, 1198. Teka ring Jung galuh aji Katong angapus kidung Wukir polaman, wusing angapus kidung moksa.

Bab VII

Samangka raden Wijaya añjeneng prabhu i çaka rasa-rupa-dwi-çitangçu, 1216. Wekasan patutan lawan raden Dara petak putra lanang, kaksatriyanira raden Kala gemet. Kuneng putranira bhatra Çiwabuddha stri kalih siki, kang cinayaken ing wong Tatar, ingalap kalih denira raden Wijaya, sira sang atuha añjeneng ring Kahuripan, sira sang anom añjenen ging Daha. Abhisakanira raden Wijaya duk