Sawise Telung Taun

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Panjurung

[ 64 ]SAWISE TELUNG TAUN

Rengganis

Telung taun ora mudhik jebul akeh banget owah-owahan ing desa kelairanku kuwi. Owah-owahan iki dakrasakake nalika wiwit mlebu kutha. Pembangunan ing desa kelairanku katon maju. Dalan-dalan katon mulus wis padha diaspal. Kendharaan pating sliring, reja banget: Malah saka kutha tekan desaku iki wis dibukak; trayek kendharaan umum, arupa angkutan pedhesaan. Lan sawayah-wayah pengin menyang kutha gampang Lan saiki wis ora ana bedane karo desa-desa liya kang luwih

maju. Listrik lan PAM uga wis mlebu desa. Pomahan pendhudhuk ing | sakiwa tengene dalan bangunane anyar-anyar kanthi modhel spanyolan. |

Omah sing tingkat ya wis ana. Semono uga antene parabola uga ana sing wis duwe. Apa maneh antene TV biasa, wis tanpa wilangan. Aku rasane gedheg-gedheg nrenyuhi pesate perkembangan ing desa kelairanku iki.

Pranyata ing wektu kang mung telung taun wis klakon nyulap desa sing |

maune kekiwa, saiki wis dadi desa modheren apa-apa sarwa tumata.

Era modhernisasi lan informasi bener-bener wis sumusup ing kene. Sing kena diarani ora owah utawa ora ana perubahan yaiku

kahanane Simbah. Dhasar manggone rada mlebu, omahe panggah lawas,

modhel joglo latar jembar. Barang anyar sing katon saka njaba mung |

pipa kabel listrik lan antene TV biasa. Simbahku klebu priyayi sugih, Kejaba dalem joglo lan latar jembar uga pekarangane amba saarat-arat. Pekarangane sisih lor lan wetan kebak tanduran gedhang, dene sing sisih kidul kulon isi tanduran kopi, liyane ditanduri woh-wohan. Sawahe amba, nganti diburuhake utawa disambatake bau liya. Gek mangka putrane mung papat. Saiki wis padha mapan kabeh. Bapakku, putrane sing mbarep, sing dadi pamong desa putrane cacahe enem. Putra enem mau wis padha mencar kabeh golek pangan dhewe-dhewe. Putrane Bapak sing WIS padha mentas kabeh lan padha mencar ana ing kutha lan suwe banget ora tahu mulih yaiku putra nomer siji sing neng Timor-Timur lan putra nomer lima, ya aku dhewe, sing mulang neng SMP Pangudi Luhur, Yogyakarta. Sasuwene aku ora tau mulih, Simbah Kakung lan Simbah Putri nampa tekaku kanthi kabungahan. Telung taun ora ketemu. Aku

64 [ 65 ]dirangkul lan diambungi kaya bocah cilik.wae.

“Dakkira kowe nek wis lali karo Simbahmu iki ta, Nok? La....! mosok saploke kerja nganti kuliah ana ing Ngayojakarta kok ora tau tilik Simbahmu.” ujare Simbah Putri.

“Ah, inggih boten kesupen, mBah. Kula panggah emut menawi tasih gadhah Simbah wonten ing dhusun. Namung kemawon badhe tuwi dereng wonten wekdal. Pedamelan kula kathah sanget lan boten saget dipun tilar.”

“Ko....ko....we saiki nyambut gawe ana ing ngendi ta, Nok? Lan saiki nyambut gawemu dadi apa?” Simbah Kakung melu nrambuli.

“Kula sak niki kerja wonten ing Yogya dados pembantunipun lare-lare menika, mBah.”

“Apa kuwi, Nok, jenenge?”

“Inggih menika guru, mBah.”

“Woo...! iya ta, Nok, kowe saiki dadi guru!” Simbah Putri manthuk-manthuk.

“Inggih, mBah.”

“Simbah saiki lagi ngerti yen kowe dadi guru. Simbah ki biyen ya tau dadi guru, Nok. Ning gurune wong-wong sing padha serakah njaluk kepinteran, yaiku sing kepingin padha munggah pangkat, sing kepingin golek jodho, golek nomer, kepingin Supaya anggone bebakulan laris, kepingin supaya sugih, lan sapiturute.”

“Laiki mau guru sing diarani Simbahmu Kakung, alias dhukun,” banjur Simbah Putri gemujeng cekakaan ngiras nggoceki susur mbako.

“Owalah, Nok, pancen Simbah ki wis tuwa, pengalamane kurang, | nganti sasar susur anggone omongan. Ya dingapura Nok, Simbah anggone omongan wis klera-kleru. Simbah ki wis ompong, kupinge rada budheg, "dadiya ora pati nggatekake.” Simbah Kakung mangsuli.

“Kowe mau dadi guru nang endi, Nok? Simbah kok durung cetha.” “Wonten SMP Pangudi Luhur. Kalih nyambi kuliah kok, mBah Putri.” | “0... walah dadi kowe kerja ngiras karo kuliah, ta?” | “Inggih, mBah.”

“La terus kepiye kowe wis keluarga lan wis duwe anak isih kerja nyambi kuliah. Terus mengko anakmu sing ngurusi sapa?” Simbah Putri

KA

65 [ 66 ]katon kuwatir. “Sampun mBah, boten sah dipenggalih nemen. Bab niku kula rak sampun saget mikir, saget nglampahi lan saget mbagi wekdal. Menawi anak kula sampun wonten sing ngopeni, inggih menika pembantu.” “Ya wis yen ngono, Simbah paring pandonga, muga-muga wae | anggonmu golek pangan diparingi lancar, anggonmu kuliah bisa kasil, lan | sapiturute. Yen kowe ketok kasil ki Simbah ya melu seneng, Nok?” Simbah” : Kakung melu ndedonga. “Nggih, mBah, matur nuwun.” “Lan uga Simbah weling anakmu diurusi temenan lan kudi f kogatekake mangane. Aja mung dipercayakake pembantu. Sebab/ pembantu saiki ora bisa dipercaya. Apa maneh ngurusi bocah, katresnane mesthi kurang. Seje yen anak mau diopeni dhewe. Iki mau lagi bab anak yen kotinggal kerja lan kuliah sing ngurusi pembantu. La, bojomu terus| sing ngurusi sapa, Nok? Yen kok tinggal sibuk kerja, sibuk kuliah ora ana | sing nggatekake. La mengko yen bojomu kangen terus kepriye? Apa terus pembantumu sing arep ngladeni. Rak ora?” | “Inggih sing ngladosi kula, mBah, sanés pembantu. Namung inggih wekdalipun namung sekedhik-sekedhik.” 5 “Wadhuh, Nok? Bojomu ki aja kotinggal terus. Simbah ki senajan | tuwa nanging tetep sujana lan ngerti kahanan. Apa maneh yen | pembantumu ayu. Mesti wae wong lanang kuwi ora kuwat lan godhane ) abot banget. Coba pikiren, Nok,” Simbahe Putri nerangake, “Simbah ora ngalang-alangi nanging akeh banget kedadean sing wis kelakon. Contone | Sing wadon kerja sing kakung wiraswasta dodolan neng ngomah, 4 wusanane pembantune didhemeni.”

Keprungu tembunge Simbah, aku banjur dheleg-dheleg ngalamun | sinambi sendhean ana ing lawang. Apa ya bener mangkono tumindake bojoku? Ah, ora mungkin, swarane batinku mbantah. Sawise Simbah | Kakung lan Simbah Putri wis akeh banget anggone ngendika, banjur mlebu ana ing kamar kepingin ngaso sedhela.

Wayah sore sing daleme Simbah dadi regeng amarga tangga | teparo pada mara mertakake lan kepingin ngerteni kahananku urip ana ing kutha. Tujune aku nggawa oleh-oleh rada akeh, arupa roti blek-blekan. Banjur rotine tak suguhake. Simbah sing lagi ngaso mau banjur nuju ing

66 [ 67 ]pawon gage prentah marang Yu Inem supaya enggal masak, gawe sega liwet, lan gawe gudhangan. Sega liwet lan gudangan sing dimasak Yu Inem mau karemanku. Sajake Simbah isih apal apa sing dadi karemanku jaman aku isih dadi siji karo Simbah.

Ngarepake magrib tamu-tamu sing padha mara mau banjur bubar, aku keri ijen lungguh ana ing kursi karo maspadakake isen-isen isine omah. Sasat omahe Simbah ora ana owah-owahan babar pisan. Lemari, bupet, meja, kursi, lan perabotan liyane panggah wae. Perabotan lawas sing dhek telung taun kepungkur isih ana. Barang sing katon anyar mung lampu listrik lan TV ireng putih ukuran 17 inchi kang temumpang ana ing bupet kuwi. Sawise aku lungguh ing kursi maspadakake isen-isen isine omah mau.

“Nok, gek ndang adus, njur sembahyang. Isih sregep sembahyang ta, kowe?” ujare Simbah Putri sing ngerti-ngerti wis ana sandhingku.

“Tasih, Mbah?”

“Nah, bar kuwi banjur mangan sega liwet lan gudhangan sing wis cemawis ana ing meja.”

Aku menyat seka kursi, ndhudhah tas njupuk-andhuk lan sikat nuli bablas menyang jedhing. Jedhinge wis kebak. Sajake Yu Inem sing ngebaki. Aku adus jebar-jebur lan awakku krasa seger. Wiwit aku isih neng kutha aku ora bisa adus jebar-jebur kaya kuwi. awit banyune kudu ngirit. Rampung adus, sembahyang, mangan bebarengan, banjur ngobrol maneh.

“mBah Kung, dhusun ngriki saniki pun majeng saestu, nggih? Bangunan griya boten purun kalah kalian kutha,” aku ngacarani rembug.

“La ya kuwi ta, Nok, owah-owahan iki saploke ana listrik iki. Pancen ya nyenengake. Neng anu, Nok, wong-wong kuwi sok tanpa pretungan,” tumanggape Simbah Kakung;

“Lho... kados pundi ta, mBah?” Aku miterang.

“Ya saking kepingine bisa gawe omah modhel spanyolan kaya duweke tanggane, ana sing direwangi adol sawah. Sing kepingin duwe motor lan TV, sapine lan wedhuse padha rame-rame didol. Hara rak tanpa pretungan, ta.”

“0... nggih ta, mBah?”

Jagongan karo Simbah ngrembug bab owah-owahan ana ing desa

67 [ 68 ]iki nganti jam sepuluh bengi. Upama aku ora sambat ngantuk ngono bisa uga isih terus. Sanajan wis sepuh, nanging Simbah Kakung lan Putri iku jan betah melek. Aku enggal mapan turu, hawa padhesan kang atis nyebabake aku enggal pules.

Esuke bubar sarapan, aku pamit Simbah nedya dolah neng omahe

tilas kancaku biyen. Sing dijujug omahe mBak Karti kang klebu kanca kenthel najan kaceke umur akeh. Nalika aku isih sekolah SPG, mBak Karti wis dhines dadi guru TK. Nalika semono dheweke isih dadi Siji karo wong tuwane. Dene saiki wis omah-omah dhewe lan wis duwe anak telu. Malah ngendikane Simbah saiki wis dadi kepala sekolah.

“mBak, saiki wis dadi kepala sekolah, ta?” pitakonku.

“Tya, Dhik, wis setaun iki. Bisane kaangkat dadi kepala sekolah ya butuhake perjuwangan berat,” kandhane.

“Lho, priye, ta?”

“Lha, jane rak durung wayahe. Jeneh masa kerjaku lagi telulas taun. Tingkat loro wae aku durung mundhak. Apa maneh kanca saangkatanku ya durung ana sing dadi kepala sekolah. Ning aku pancen berambisi. Embuh kepiye carane, kudu daktempuh. Lha ya iki sing dakarani perjuwangan berat.”

Aku ngowoh, ora mudheng karo sing dikarepake.

mbBak Karti mesem. Nuli njlentrehake, “Ah mosok ngono wae Dik Anis ora mudheng. Jaman saiki waton ikine kandel, apa sing dikarepke mesthi klakon,” ujare mBak Karti karo nyethetake driji jempol lan panunggul.

“000...

mBak Karti ngguyu ngakak.

Bali saka omahe mBak Karti, aku terus mulih nenggone Simbahku.

Cutiku wis entek. Aku kudu bali menyang kutha Yogya. Baliku

sangu cathetan batin cacah loro. Sepisan, ngenani masarakat desane

Simbah kang jor-joran buru modhernisasi. Kapindho ngenani prinsipe

mBak Karti kang edan jabatan kanthi nempuh sawernane dalan.

68