dirangkul lan diambungi kaya bocah cilik.wae.
“Dakkira kowe nek wis lali karo Simbahmu iki ta, Nok? La....! mosok saploke kerja nganti kuliah ana ing Ngayojakarta kok ora tau tilik Simbahmu.” ujare Simbah Putri.
“Ah, inggih boten kesupen, mBah. Kula panggah emut menawi tasih gadhah Simbah wonten ing dhusun. Namung kemawon badhe tuwi dereng wonten wekdal. Pedamelan kula kathah sanget lan boten saget dipun tilar.”
“Ko....ko....we saiki nyambut gawe ana ing ngendi ta, Nok? Lan saiki nyambut gawemu dadi apa?” Simbah Kakung melu nrambuli.
“Kula sak niki kerja wonten ing Yogya dados pembantunipun lare-lare menika, mBah.”
“Apa kuwi, Nok, jenenge?”
“Inggih menika guru, mBah.”
“Woo...! iya ta, Nok, kowe saiki dadi guru!” Simbah Putri manthuk-manthuk.
“Inggih, mBah.”
“Simbah saiki lagi ngerti yen kowe dadi guru. Simbah ki biyen ya tau dadi guru, Nok. Ning gurune wong-wong sing padha serakah njaluk kepinteran, yaiku sing kepingin padha munggah pangkat, sing kepingin golek jodho, golek nomer, kepingin Supaya anggone bebakulan laris, kepingin supaya sugih, lan sapiturute.”
“Laiki mau guru sing diarani Simbahmu Kakung, alias dhukun,” banjur Simbah Putri gemujeng cekakaan ngiras nggoceki susur mbako.
“Owalah, Nok, pancen Simbah ki wis tuwa, pengalamane kurang, | nganti sasar susur anggone omongan. Ya dingapura Nok, Simbah anggone omongan wis klera-kleru. Simbah ki wis ompong, kupinge rada budheg, "dadiya ora pati nggatekake.” Simbah Kakung mangsuli.
“Kowe mau dadi guru nang endi, Nok? Simbah kok durung cetha.” “Wonten SMP Pangudi Luhur. Kalih nyambi kuliah kok, mBah Putri.” | “0... walah dadi kowe kerja ngiras karo kuliah, ta?” | “Inggih, mBah.”
“La terus kepiye kowe wis keluarga lan wis duwe anak isih kerja nyambi kuliah. Terus mengko anakmu sing ngurusi sapa?” Simbah Putri
KA
65