Kaca:Panjurung.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

pawon gage prentah marang Yu Inem supaya enggal masak, gawe sega liwet, lan gawe gudhangan. Sega liwet lan gudangan sing dimasak Yu Inem mau karemanku. Sajake Simbah isih apal apa sing dadi karemanku jaman aku isih dadi siji karo Simbah.

Ngarepake magrib tamu-tamu sing padha mara mau banjur bubar, aku keri ijen lungguh ana ing kursi karo maspadakake isen-isen isine omah. Sasat omahe Simbah ora ana owah-owahan babar pisan. Lemari, bupet, meja, kursi, lan perabotan liyane panggah wae. Perabotan lawas sing dhek telung taun kepungkur isih ana. Barang sing katon anyar mung lampu listrik lan TV ireng putih ukuran 17 inchi kang temumpang ana ing bupet kuwi. Sawise aku lungguh ing kursi maspadakake isen-isen isine omah mau.

“Nok, gek ndang adus, njur sembahyang. Isih sregep sembahyang ta, kowe?” ujare Simbah Putri sing ngerti-ngerti wis ana sandhingku.

“Tasih, Mbah?”

“Nah, bar kuwi banjur mangan sega liwet lan gudhangan sing wis cemawis ana ing meja.”

Aku menyat seka kursi, ndhudhah tas njupuk-andhuk lan sikat nuli bablas menyang jedhing. Jedhinge wis kebak. Sajake Yu Inem sing ngebaki. Aku adus jebar-jebur lan awakku krasa seger. Wiwit aku isih neng kutha aku ora bisa adus jebar-jebur kaya kuwi. awit banyune kudu ngirit. Rampung adus, sembahyang, mangan bebarengan, banjur ngobrol maneh.

“mBah Kung, dhusun ngriki saniki pun majeng saestu, nggih? Bangunan griya boten purun kalah kalian kutha,” aku ngacarani rembug.

“La ya kuwi ta, Nok, owah-owahan iki saploke ana listrik iki. Pancen ya nyenengake. Neng anu, Nok, wong-wong kuwi sok tanpa pretungan,” tumanggape Simbah Kakung;

“Lho... kados pundi ta, mBah?” Aku miterang.

“Ya saking kepingine bisa gawe omah modhel spanyolan kaya duweke tanggane, ana sing direwangi adol sawah. Sing kepingin duwe motor lan TV, sapine lan wedhuse padha rame-rame didol. Hara rak tanpa pretungan, ta.”

“0... nggih ta, mBah?”

Jagongan karo Simbah ngrembug bab owah-owahan ana ing desa

67