Kaca:Panjurung.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

katon kuwatir. “Sampun mBah, boten sah dipenggalih nemen. Bab niku kula rak sampun saget mikir, saget nglampahi lan saget mbagi wekdal. Menawi anak kula sampun wonten sing ngopeni, inggih menika pembantu.” “Ya wis yen ngono, Simbah paring pandonga, muga-muga wae | anggonmu golek pangan diparingi lancar, anggonmu kuliah bisa kasil, lan | sapiturute. Yen kowe ketok kasil ki Simbah ya melu seneng, Nok?” Simbah” : Kakung melu ndedonga. “Nggih, mBah, matur nuwun.” “Lan uga Simbah weling anakmu diurusi temenan lan kudi f kogatekake mangane. Aja mung dipercayakake pembantu. Sebab/ pembantu saiki ora bisa dipercaya. Apa maneh ngurusi bocah, katresnane mesthi kurang. Seje yen anak mau diopeni dhewe. Iki mau lagi bab anak yen kotinggal kerja lan kuliah sing ngurusi pembantu. La, bojomu terus| sing ngurusi sapa, Nok? Yen kok tinggal sibuk kerja, sibuk kuliah ora ana | sing nggatekake. La mengko yen bojomu kangen terus kepriye? Apa terus pembantumu sing arep ngladeni. Rak ora?” | “Inggih sing ngladosi kula, mBah, sanés pembantu. Namung inggih wekdalipun namung sekedhik-sekedhik.” 5 “Wadhuh, Nok? Bojomu ki aja kotinggal terus. Simbah ki senajan | tuwa nanging tetep sujana lan ngerti kahanan. Apa maneh yen | pembantumu ayu. Mesti wae wong lanang kuwi ora kuwat lan godhane ) abot banget. Coba pikiren, Nok,” Simbahe Putri nerangake, “Simbah ora ngalang-alangi nanging akeh banget kedadean sing wis kelakon. Contone | Sing wadon kerja sing kakung wiraswasta dodolan neng ngomah, 4 wusanane pembantune didhemeni.”

Keprungu tembunge Simbah, aku banjur dheleg-dheleg ngalamun | sinambi sendhean ana ing lawang. Apa ya bener mangkono tumindake bojoku? Ah, ora mungkin, swarane batinku mbantah. Sawise Simbah | Kakung lan Simbah Putri wis akeh banget anggone ngendika, banjur mlebu ana ing kamar kepingin ngaso sedhela.

Wayah sore sing daleme Simbah dadi regeng amarga tangga | teparo pada mara mertakake lan kepingin ngerteni kahananku urip ana ing kutha. Tujune aku nggawa oleh-oleh rada akeh, arupa roti blek-blekan. Banjur rotine tak suguhake. Simbah sing lagi ngaso mau banjur nuju ing

66