Kaca:Panjurung.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

iki nganti jam sepuluh bengi. Upama aku ora sambat ngantuk ngono bisa uga isih terus. Sanajan wis sepuh, nanging Simbah Kakung lan Putri iku jan betah melek. Aku enggal mapan turu, hawa padhesan kang atis nyebabake aku enggal pules.

Esuke bubar sarapan, aku pamit Simbah nedya dolah neng omahe

tilas kancaku biyen. Sing dijujug omahe mBak Karti kang klebu kanca kenthel najan kaceke umur akeh. Nalika aku isih sekolah SPG, mBak Karti wis dhines dadi guru TK. Nalika semono dheweke isih dadi Siji karo wong tuwane. Dene saiki wis omah-omah dhewe lan wis duwe anak telu. Malah ngendikane Simbah saiki wis dadi kepala sekolah.

“mBak, saiki wis dadi kepala sekolah, ta?” pitakonku.

“Tya, Dhik, wis setaun iki. Bisane kaangkat dadi kepala sekolah ya butuhake perjuwangan berat,” kandhane.

“Lho, priye, ta?”

“Lha, jane rak durung wayahe. Jeneh masa kerjaku lagi telulas taun. Tingkat loro wae aku durung mundhak. Apa maneh kanca saangkatanku ya durung ana sing dadi kepala sekolah. Ning aku pancen berambisi. Embuh kepiye carane, kudu daktempuh. Lha ya iki sing dakarani perjuwangan berat.”

Aku ngowoh, ora mudheng karo sing dikarepake.

mbBak Karti mesem. Nuli njlentrehake, “Ah mosok ngono wae Dik Anis ora mudheng. Jaman saiki waton ikine kandel, apa sing dikarepke mesthi klakon,” ujare mBak Karti karo nyethetake driji jempol lan panunggul.

“000...

mBak Karti ngguyu ngakak.

Bali saka omahe mBak Karti, aku terus mulih nenggone Simbahku.

Cutiku wis entek. Aku kudu bali menyang kutha Yogya. Baliku

sangu cathetan batin cacah loro. Sepisan, ngenani masarakat desane

Simbah kang jor-joran buru modhernisasi. Kapindho ngenani prinsipe

mBak Karti kang edan jabatan kanthi nempuh sawernane dalan.

68