Menyang kontèn

Pangajabsih

Saka Wikisumber
Panjurung

[ 107 ]PANGAJABSIH

Slamet Hariyadi

Pujiku rina wengi tansah nyenyuwun mring Gusti, muga-muga bisa kasembadan sedyaku bisa tansah sesandhingan karo Mas Har. Nanging kasunyatane ora kaya mangkono. Malah kepara saiki luwih cilaka, amarga aku winengku bapake Sena lan Atik. Rikala semana pikiranku goreh lan manut saka kersane wong tuwaku. Bapak lan ibu ngerih-erih supaya aku gelem ngladeni pria kang durung dakngerteni sakabehe.

“Ndhuk... menawa kowe dipek dadi mantu Mas Lurah Cangkringan kae, uripmu bakal kepenak, ora rekasa banget. Dhasar Nak Prayitna kae wasis tur sarjana ekonomi lulusan saka Universitas Gadjah Mada Ngayogyakarta. Apa maneh saiki ya wis nyambut gawe ing Departemen Perdagangan mapan ing kutha Bandung. Saora-orane kowe dadi sisihane kang ora nguciwani bab apa wae kowe bisa mrantasi, lan ora ngisin-isini, dhasar rupamu ya lumayan. Menawa katandhing putri Sunda kadya jambe sinigar lan kowe menang luwes tur weton ing pamulangan SPG Negeri Bogem kang wus kawentar. Dakkira bojomu bisa mulyakake uripmu sabrayat lan nyenengake, atimu.” mangkono ngendikane Bapak.

Saking akehing ngendikaning Bapak aku nganti ora bisa matur apa kang dadi isining atiku, Katambahan maneh ngendikane Ibu kang tansah ngrerepih, karo ngelus-elus rambutku sarta nyekeli pundhakku. Pepunthone gandheng aku tinitah wadon tur isih isinan matur blaka marang Bapak lan Ibu, mula kaya-kaya aku ora bisa munggel rembuge sekaliyan. Yen aku arep matur, ana-ana wae kang dirembug kaya-kaya aja nganti

bisa dakwangsuli utawa dakpaido, Mula aku mung meneng tanpa matur. Jroning atiku wus prasetya menawa ora bisa dadi sisihane Mas Har, aku trima lunga saka wewengkon Ngayogyakarta. Gandheng ngendikane Bapak saya sora, aku rumangsa isin lan tanpa dakpetung kanthi dawa sarta dilimbang kanthi wening, aku nyaguhi menawa dipek bojo karo Prayitna. Kanthi kepeksa, daksaguhi kersane Bapak lan Ibu. Petungku, ala becik bener luput menawa wis dadi kersane wong tuwa mesthi bener

sanadyan kala-kala ya ora pener.

107 [ 108 ]Pranyata lelakonku pancen kudu daksangga, awit dikaya ngapa bangganing wanita kang tansah winengku ing samubarang kewuh. Sewelas taun aku omah-omah karo Prayitna ora duwe rasa katresnan babar pisan, nanging menawa dirungu kang padha pirsa kok ya aneh. Ora tresna kok bisa tuwuh loro, nyatane limang taun aku omah-omah lagi pinaringan momongan siji, yaiku Sena Eka Nugraha. Let patang taun adhine metu ditengeri Atik Dwi Candrarini. Sanadyan kaya ngapa aku tansah mbudidaya supaya bocah loro ora gela, nanging ya jeneng bocah mesthi mothah werna-werna. Sena nyuwun supaya dipundhutake bal kang gedhe, Atik nyuwun boneka kang bisa nangis dhewe. Gandheng aku ora duwe pemetu, mula bocah-bocah dakdhawuhi matur bapake.

Saben-saben bapake disambati, wangsulane durung ana bonus saka kantor. Malah kepara nguman-uman kang ora kepenak dirasakake ana kuping. Saking pegelku kepeksa aku nyambung swara kang wus dakarah-arah, nanging kepara dheweke mara tangan marang aku. Yen ngene iki aku kelingan ngendikane Bapak Ibu kang ora jumbuh karo ngendikane. Saiki aku ora bisa nyalahake sapa-sapa kejaba mung salahku dhewe, kok teka gampang temen nglakoni omah-omah tanpa duwe katresnan. Jroning lamunanku saiki katon gawang-gawang Mas Har, rikala aku sakloron lungguh ing dhingklik dawa sangisoring wit ketepeng lan wit keben saloring Candhi Nandhi. Dheweke nyritakake lelakone Dewi Sinta mapan ing taman Asoka, kanthi runtut lan komplit kepara diselingi tembang kinanthi kang cakepane mangkene.

“Anoman malumpat sampun, prapteng witing nagasari, mulad mangadhap katingal, wanodya yu kuru aking, gelung rusak wor lan kisma, kang iga-iga kaeksi.”

Krungu swara empuk arum aku mak les ngerti-ngerti ing pangkone Mas Har, Bareng aku gragapan arep tangi aku diwenehi sasmita supaya ngepenakake dhisik, kanthi layap-layap aku manut lan isih krungu tembang dhandhanggula kang unine:

“Pamintaku nimas sida asih, atut runtut tansah reruntungan, ing sarina Jan ratrine, datan ginggang sarambut, lamun adoh caketing ati, yen cedhak tansah mulad, sida'asih tuhu, pindha mimi lan mintuna, ayo bareng nimas anetepi wajib, sida asih bebrayan.”

Menawa dakgagas, pancen bener ngendikane Mas Har, menawa

108 [ 109 ]wong bakal jejodhoan kudu linambaran tresna asih, mat sinama madan. apa maneh tembung saiki saling pengertian. Beda kaya kang wus daklakoni iki tansah ora kepeneran, jare ngumbahi kurang resik, setrika kurang alus, ngliwet kakasen, jangane kasinen, lan sing-sing GAN Wong lanang nyambut gawe kethiyelan ora ana tanjane, dhuwit tansah kurang. Kamangka aku wis ngecakake apa anane, kasunyatane pancen anggone mblanja sedinane limang ewu rupiyah, kanggo nempur lan tuku sayuran wae ora bisa kobet, apa maneh nganti lawuhan, beja-bejane lawuhan bandeng kunthing.

Kamangka saiki lagi jaman krisis moneter, Apa-apa sarwa larang, bahan sembako kang regane saya larang, apa maneh sandhang lan [kemena barang liyane. Saking judhegku tuwuh niat bakal bali ing Ngayogyakarta tanpa pamit, kepara bocah-bocah uga ora padha dijak. Njatku bakal melehake wong tuwaku lan bakal nglacak geganthilaning atiku kang wus suwe ora ketemu.

Rongpuluh taun kepungkur, kahanan Prambanan wis beda akeh banget. Panggung Ramayana saiki wis pindhah ing kulon Kali Opak, desa Karangasem, Karang Wetan, Ringin Putih, lan Klurak wis dadi taman kang gilar-gilar asri. Nanging saiki kahananing candhi saya panas lan katon gersang beda rikala isih ana wit ketepeng lan keben kae katon ngengreng lan singer merbawani tur edhum lan resik sanadyan latare isih ana sukete, teki, lan suket dondom.

"Rasane pancen beda akeh." mangkono gronjaling atiku kang miling kepingin bakal nglacak kekasihku. Lakuku tumeka ing papan parkir mobil,ora terus nyeraki mobil, nanging mampir dhisik ing warung sacedhak pos jaga. Kanthi alon pesen es teh karo bakso samangkok. Kang dakpeseni nganti ndomblong nyawang aku, nuli cluluk,

“Mangga Jeng Hesti Pangajabsih.”

Krungu swarane bakul bakso iku aku banjur gapyuk rerangkulan lan diajak lenggah ing ruang VIP.

“Jeng, kepriye kabare, wis suwe ora ketemu?”

“Apik mBak Sur!” Kang jeneng komplite Surtini Puji Lestari.

“Jeng, saiki lenggah ana ing ngendi? Kok terus cunthel tanpa

ana kabare.” “Saiki aku ana ngomah wae kok, mBak.”

109 [ 110 ]“Kabare dhek biyen karo rakane lenggah ana Bandung.”

“bener mBak, nanging aku saiki trima dhewekan wae.”

“Lho...Iho... aku kok ora mudheng. Cethane kepriye ta, Jeng?”

“Dawa critane mBak. Saiki aku walaka kepingin nggoleki katresnanku kang suci.”

“We. lha blahi tenan iki, Jeng.”

“Mengko dhisik mBak Sur. Apa Panjenengan ... sida karo Mas Jatmika kae?”

“Lha...ya genah ta Jeng, sanadyan wong tuwaku ora sarujuk, nanging aku tetep nekad kudu dadi sisihane Mas Jatmika.”

“Ya sokur mBak, terus saiki ngasta ana ngendi Mas Jatmika?”

“Mas Jatmika saiki ngasta ana ing kantor Purbakala bagian panaliten watu, ya ing wewengkone kene wae, lan aku ya mung ngene iki Jeng.”

“Wah...malah kabeh kagungan pametu ya, mBak?”

“Ya pangestumu Jeng, lan pamujine Jeng Hesthi wae daksuwun.”

“Aku melu seneng mBak. Terus saiki putrane pira? Sekolahe ing ngendi?”

“Anakku loro wadon kabeh Jeng. Kang mbarep klas siji SLTP lan sing cilik lagi kelas loro SD, Wah.., aku kok diteter pitakonan. Lha Panjenengan dhewe saiki putrane pira hara?”

“Aku uga duwe anak loro mBak, lanang karo wadon saiki lagi ndherek bapake ing Bandung.”

“Wee. lha ...iki priye ta, pesenane malah durung diaturi kepara malah ketungkul ngobrol wae.”

“Wis...wis... mBak! Kepara saiki ora krasa ngelak, amarga wis ketemu Panjenengan kang seger tur sarwa .....

“Sarwa apa hara, ayo diterusake!”

“Daksigeg semene ya mBak, puluh kaya ngapa aku bakal blaka marang Panjenengan lan aku nyuwun pirsa kepriye kabare Mas Har saiki? Apa ya isih ana wewengkon Prambanan wae.”

“Ngene ya Jeng, aja dadi runtiking penggalihmu, amarga aku ora bisa atur katrangan kang cetha ngenani bab pamundhutanmu, awit sawise perpisahan ana ing gedhung aula SPG Bogem kae terus ora ketemu maneh. Miturut kabar sing daktampa saka Mas Haryana, kabare saiki


110 [ 111 ]Mas Harjun lagi nerusake pasinaon pedhalangan Habirandha Ngayogyakarta. Iya malah aku kelingan manut saka Dhik Suparto, menawa Mas Harjun saiki dadi guru ing SLTP... aku lali, kang mapane ana ing Ngayogyakarta.”

Krungu gotrahe Mbak Surtini panonku krasa mumet amarga durung bisa nglacak kanthi tuntas, nggoleki pepujaning atiku kang tansah lam-lamen ana padoning mripatku. Apa iki pancen wis dadi lakonku kang durung bisa ketemu marang gegantilaning atiku. Muga-muga Gusti Kang Maha Wicaksana tansah jangkung apa kang dadi sedyaku ngrobah pesthining jalma. Nyut eling rikala aku diparingi cathetan tembang dening Bapak Zaenal Fanani kang unine mangkene,

“Bocah ayu pepundhenku, aja tansah ngalamun sliramu, kembang mlathi sing dakronce kanggo nyenengake mung sliramu dhewe, bulane katon ndadari nandhakake katresnanmu suci, nanging aja dadi ati nadyan ta kang rama ora nyetujoni, rina wengi esem lan guyumu sing dakimpi- mpi, nadyan ta nora kelakon dadi sisihanmu ning setyaku tuhu.”

Kanthi eling tembang mau aku terus ....

111