Kaca:Panjurung.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Mas Harjun lagi nerusake pasinaon pedhalangan Habirandha Ngayogyakarta. Iya malah aku kelingan manut saka Dhik Suparto, menawa Mas Harjun saiki dadi guru ing SLTP... aku lali, kang mapane ana ing Ngayogyakarta.”

Krungu gotrahe Mbak Surtini panonku krasa mumet amarga durung bisa nglacak kanthi tuntas, nggoleki pepujaning atiku kang tansah lam-lamen ana padoning mripatku. Apa iki pancen wis dadi lakonku kang durung bisa ketemu marang gegantilaning atiku. Muga-muga Gusti Kang Maha Wicaksana tansah jangkung apa kang dadi sedyaku ngrobah pesthining jalma. Nyut eling rikala aku diparingi cathetan tembang dening Bapak Zaenal Fanani kang unine mangkene,

“Bocah ayu pepundhenku, aja tansah ngalamun sliramu, kembang mlathi sing dakronce kanggo nyenengake mung sliramu dhewe, bulane katon ndadari nandhakake katresnanmu suci, nanging aja dadi ati nadyan ta kang rama ora nyetujoni, rina wengi esem lan guyumu sing dakimpi- mpi, nadyan ta nora kelakon dadi sisihanmu ning setyaku tuhu.”

Kanthi eling tembang mau aku terus ....

111