Kaca:Panjurung.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

PANGAJABSIH

Slamet Hariyadi

Pujiku rina wengi tansah nyenyuwun mring Gusti, muga-muga bisa kasembadan sedyaku bisa tansah sesandhingan karo Mas Har. Nanging kasunyatane ora kaya mangkono. Malah kepara saiki luwih cilaka, amarga aku winengku bapake Sena lan Atik. Rikala semana pikiranku goreh lan manut saka kersane wong tuwaku. Bapak lan ibu ngerih-erih supaya aku gelem ngladeni pria kang durung dakngerteni sakabehe.

“Ndhuk... menawa kowe dipek dadi mantu Mas Lurah Cangkringan kae, uripmu bakal kepenak, ora rekasa banget. Dhasar Nak Prayitna kae wasis tur sarjana ekonomi lulusan saka Universitas Gadjah Mada Ngayogyakarta. Apa maneh saiki ya wis nyambut gawe ing Departemen Perdagangan mapan ing kutha Bandung. Saora-orane kowe dadi sisihane kang ora nguciwani bab apa wae kowe bisa mrantasi, lan ora ngisin-isini, dhasar rupamu ya lumayan. Menawa katandhing putri Sunda kadya jambe sinigar lan kowe menang luwes tur weton ing pamulangan SPG Negeri Bogem kang wus kawentar. Dakkira bojomu bisa mulyakake uripmu sabrayat lan nyenengake, atimu.” mangkono ngendikane Bapak.

Saking akehing ngendikaning Bapak aku nganti ora bisa matur apa kang dadi isining atiku, Katambahan maneh ngendikane Ibu kang tansah ngrerepih, karo ngelus-elus rambutku sarta nyekeli pundhakku. Pepunthone gandheng aku tinitah wadon tur isih isinan matur blaka marang Bapak lan Ibu, mula kaya-kaya aku ora bisa munggel rembuge sekaliyan. Yen aku arep matur, ana-ana wae kang dirembug kaya-kaya aja nganti

bisa dakwangsuli utawa dakpaido, Mula aku mung meneng tanpa matur. Jroning atiku wus prasetya menawa ora bisa dadi sisihane Mas Har, aku trima lunga saka wewengkon Ngayogyakarta. Gandheng ngendikane Bapak saya sora, aku rumangsa isin lan tanpa dakpetung kanthi dawa sarta dilimbang kanthi wening, aku nyaguhi menawa dipek bojo karo Prayitna. Kanthi kepeksa, daksaguhi kersane Bapak lan Ibu. Petungku, ala becik bener luput menawa wis dadi kersane wong tuwa mesthi bener

sanadyan kala-kala ya ora pener.

107