Kaca:Panjurung.pdf/124

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

“Kabare dhek biyen karo rakane lenggah ana Bandung.”

“bener mBak, nanging aku saiki trima dhewekan wae.”

“Lho...Iho... aku kok ora mudheng. Cethane kepriye ta, Jeng?”

“Dawa critane mBak. Saiki aku walaka kepingin nggoleki katresnanku kang suci.”

“We. lha blahi tenan iki, Jeng.”

“Mengko dhisik mBak Sur. Apa Panjenengan ... sida karo Mas Jatmika kae?”

“Lha...ya genah ta Jeng, sanadyan wong tuwaku ora sarujuk, nanging aku tetep nekad kudu dadi sisihane Mas Jatmika.”

“Ya sokur mBak, terus saiki ngasta ana ngendi Mas Jatmika?”

“Mas Jatmika saiki ngasta ana ing kantor Purbakala bagian panaliten watu, ya ing wewengkone kene wae, lan aku ya mung ngene iki Jeng.”

“Wah...malah kabeh kagungan pametu ya, mBak?”

“Ya pangestumu Jeng, lan pamujine Jeng Hesthi wae daksuwun.”

“Aku melu seneng mBak. Terus saiki putrane pira? Sekolahe ing ngendi?”

“Anakku loro wadon kabeh Jeng. Kang mbarep klas siji SLTP lan sing cilik lagi kelas loro SD, Wah.., aku kok diteter pitakonan. Lha Panjenengan dhewe saiki putrane pira hara?”

“Aku uga duwe anak loro mBak, lanang karo wadon saiki lagi ndherek bapake ing Bandung.”

“Wee. lha ...iki priye ta, pesenane malah durung diaturi kepara malah ketungkul ngobrol wae.”

“Wis...wis... mBak! Kepara saiki ora krasa ngelak, amarga wis ketemu Panjenengan kang seger tur sarwa .....

“Sarwa apa hara, ayo diterusake!”

“Daksigeg semene ya mBak, puluh kaya ngapa aku bakal blaka marang Panjenengan lan aku nyuwun pirsa kepriye kabare Mas Har saiki? Apa ya isih ana wewengkon Prambanan wae.”

“Ngene ya Jeng, aja dadi runtiking penggalihmu, amarga aku ora bisa atur katrangan kang cetha ngenani bab pamundhutanmu, awit sawise perpisahan ana ing gedhung aula SPG Bogem kae terus ora ketemu maneh. Miturut kabar sing daktampa saka Mas Haryana, kabare saiki


110