Kaca:Panjurung.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

wong bakal jejodhoan kudu linambaran tresna asih, mat sinama madan. apa maneh tembung saiki saling pengertian. Beda kaya kang wus daklakoni iki tansah ora kepeneran, jare ngumbahi kurang resik, setrika kurang alus, ngliwet kakasen, jangane kasinen, lan sing-sing GAN Wong lanang nyambut gawe kethiyelan ora ana tanjane, dhuwit tansah kurang. Kamangka aku wis ngecakake apa anane, kasunyatane pancen anggone mblanja sedinane limang ewu rupiyah, kanggo nempur lan tuku sayuran wae ora bisa kobet, apa maneh nganti lawuhan, beja-bejane lawuhan bandeng kunthing.

Kamangka saiki lagi jaman krisis moneter, Apa-apa sarwa larang, bahan sembako kang regane saya larang, apa maneh sandhang lan [kemena barang liyane. Saking judhegku tuwuh niat bakal bali ing Ngayogyakarta tanpa pamit, kepara bocah-bocah uga ora padha dijak. Njatku bakal melehake wong tuwaku lan bakal nglacak geganthilaning atiku kang wus suwe ora ketemu.

Rongpuluh taun kepungkur, kahanan Prambanan wis beda akeh banget. Panggung Ramayana saiki wis pindhah ing kulon Kali Opak, desa Karangasem, Karang Wetan, Ringin Putih, lan Klurak wis dadi taman kang gilar-gilar asri. Nanging saiki kahananing candhi saya panas lan katon gersang beda rikala isih ana wit ketepeng lan keben kae katon ngengreng lan singer merbawani tur edhum lan resik sanadyan latare isih ana sukete, teki, lan suket dondom.

"Rasane pancen beda akeh." mangkono gronjaling atiku kang miling kepingin bakal nglacak kekasihku. Lakuku tumeka ing papan parkir mobil,ora terus nyeraki mobil, nanging mampir dhisik ing warung sacedhak pos jaga. Kanthi alon pesen es teh karo bakso samangkok. Kang dakpeseni nganti ndomblong nyawang aku, nuli cluluk,

“Mangga Jeng Hesti Pangajabsih.”

Krungu swarane bakul bakso iku aku banjur gapyuk rerangkulan lan diajak lenggah ing ruang VIP.

“Jeng, kepriye kabare, wis suwe ora ketemu?”

“Apik mBak Sur!” Kang jeneng komplite Surtini Puji Lestari.

“Jeng, saiki lenggah ana ing ngendi? Kok terus cunthel tanpa

ana kabare.” “Saiki aku ana ngomah wae kok, mBak.”

109