Nyuwun Pamit Kyai

Saka Wikisumber
[ 39 ]
3
NYUWUN PAMIT KYAI


Lakuné disengkakaké, daya-daya énggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektuné wis mburu, liré sedhéla engkas wis mèh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakaké marang Kyai. Warta iki yektiné dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dhèwèké krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming baé, dhèk semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhé Kyai Idris marang para murid-muridé: 'Anu lo, lé, ing samengko Pamaréntah wus ngidinaké marang aku kabèh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenengé "Hizbu'llah", tegesé "Prajuriting Pangéran" ...' Dhek semana Iskak ya mèlu ngrungokaké. Wong dhèwèké kapinujon ana kono. Ming baé nalika kuwi dhèwèké durung ngreti temenan, apa preluné lan apa paédahé Barisan Hizbu'llah kuwi. Mula bareng Kyai Idris ndangu, sapa ing antarané para santriné sing kepéngin ngleboni Barisan Hizbu'llah, dhèwèké ora ngacungaké utawa ora mangsuli.

Lha iki mau dhèwèké mentas Jumuwahan saka mesjid. Adat sabené yén sembahyang Jumuwah ya nèng langgaré Kyai Idris kono, bebarengan karo santri pirang-pirang, kancané nunggal sapasuwitan. Mung baé iki mau diutus Kyai menyang kutha, tetuku bab kapreluané pesantrèn kono karo ana urusan uga sing gegayutan karo kantor Si babagan Sumuka (agama).

Mula dhèwèké sing kapiji déning Kyai dadi duta, kuwi kejaba Iskak pancèn bocah sing mrojol dhéwé mungguh ing kapinteran sarta kalantipané ing antarané para santri-santriné Kyai Idris, dhèwèké kuwi uga kena diarani sing pinter sesrawungan dhéwé. Nyang sapa-sapa bisa ngladèni. Pinter momong atiné liyan. Wataké tatag teteg. Nyang panggedhé ora kidhang ora kidhung, nanging isih netepi tata-kramané.

Iya merga saka wataké kang kaya mengkono mau, Kyai Idris dalah kanca-kancané padha asih marang dhèwèké. Malah-malah, saka kepénginé Kyai Idris nuduhaké sihé, Iskak katari, apa sekira gelem dadi kakangé Mujayanah, putrané Kyai Idris sing wuragil. Iskak sumanggem. Lha banjur kelakon Iskak bakal dadi putra mantuné Kyai. Kyai saya wuwuh tresnané.

[ 40 ]Yèn ngélingi anggoné bakal dadi pengantèn, Iskak gojag-gajeg arep

medharaké isining atiné marang Kyai Idris. Apa sakira rila yèn dhèwèké lunga saka kono, ninggal pesantrèn, prelu...

Iskak isih kèlingan cetha apa sing dikutbahaké déning mas ketib anèng mesjid mau. Tetembungané mas ketib sing cetha wéla-wéla, ngégla, tansah cumithak ana ing angen-angen. Wong anggoné ngrungokaké Iskak ya nganti njinggleng temenan. Dhèwèké rumangsa begja banget Jumuwahan ing mesjid mau

Sarampungé urusané ana kantor Si, ndadak wis awan. Upama terus mulih, wis mesthi kasèpé yèn arep sembahyang Jumuwah. Hya wis Jumuwahan nèng kutha baé. Ngono pamikiré.

Kutbahé mas ketib iki mau gegayutan karo anané Barisan Hizbu'llah kuwi. Kanti gamblang dicethak-cethakaké, apa ta gunané Barisan Hizbu'llah kuwi, lan kepriyé carané sarta sapa sing bisa ketampa mlebu dadi warganing Barisan Prajuriting Pangéran mau. Tumrap para nomnoman Muslimin, sing ginadhuhan kekuwatan cukup utawa bisa nyukupi sarat-saraté wong dadi prajurit, diprayogakaké nyathetaké jenengé marang bebadan kang kapatah ngurus bab iki.

Mas ketib dhawuh, iya ing wektu saiki kuwi mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktèkaké marang donya yèn umaté Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur anèng mesjid karo dhikir ngétungi tasbèh baé, nanging yèn ana kapreluan sing mbutuhaké awaké, ora ming awaké baé, dalasan jiwané pisan, uga ora éman nyorohaké.

Mas ketib banjur nyebut-nyebut asmané para satriya Islam dhèk jamané Kangjeng Nabi biyèn. Ana Anas bin Nadir, ana Sa'ad bin Mu'az lan liya-liyané manèh. Malah ingkang paman Kangjeng RasuI, Sayidina Hamzah, kuwi uga prajurit peng-pengan jaré. Yèn wong Jawa ngarani Sayidina Hamzah mau, Radèn Amir Ambyah, apa Radèn Jayèng Palugon, apa Wong Agung Ménak.

Para sakabat-sakabat dalah pandhèrèké Kangjeng Nabi mau kanthi gumolonging ati lan rila legawa padha ngurbanaké jiwa raga, bandha donya branané pisan kanggo kapreluané agamaning Pangéran, kanggo ngluhuraké agama dalem Gusti Allah.

Dhèk jaman semana mungsuhé Islam para wong kapir saka golongan Kurès lan wong-wong sing musyrik. Kabèh mau padha arep ngalang-alangi rancaging lakuné agama Islam. Padha ngudi amrih agamané Pangéran mau cures, ilang saka bumi kéné. Wong-wong Muslimin tansah dikuya-kuya, dingèl-ngèl anggoné arep nindakaké paréntahing

agamané. Mula, cobaning Pangéran marang umaté Nabi Muhammad [ 41 ]

Nyuwun Pamit Kyai

41


ora uwis-uwis. Ora biyèn ora saiki! Tansah ana baé. Ora lèrèn-Ièrèn. Mula wong Islam didadar temenan déning Gusti.

Yèn dhèk biyèn wong Islam ngadhepaké kaum Kurès lan golongané wong sing padha musyrik, ing samengko, iya jaman saiki iki, kaum Muslimin ayun-ayunan karo bangsa Amérika lan Inggris dalah sakancuhané pisan.

Yèn disatitèkaké temenan, tindaké negara loro mau ana ing Asia panggonan kita nglakoni ngibadah iki, presasat ngepleki tindaké kaum sing arep ngalang-alangi ajuning agamané Pangéran dhèk jaman Jahiliyah biyèn.

Karepé Amérika lan Inggris kuwi, arep dadi bendarané wong-wong Asia kéné. Sawisé kuwi, uga arep gawé ilangé agama kaprecayané wongwong kéné kabèh. Mestiné ya ora terang-terangan. Saka setitik, sarana tindak sing alus, sing remit banget.

Pametuning bumi, bandhaning buwana Asia, arep diusung, digawa mulih menyang negarané dhéwé kana. Kekuwataning rokhaniné bangsa Asia uga arep dipeper.

Dadi wosé baé, wong-wong Asia kuwi njaba njero, lahir batiné arep digawé mati. Mati sajroning urip kaé.

Wah, isih akèh manèh kutbahé mas ketib. Déné minangka panutuping kandha, mas ketib mrayogakaké supaya para nom-noman Muslimin padha bebarengan ngayati pagawéan iki, nyatetaké jenengé kanggo barisan Hizbu'llah, dadi Prajuriting Pangéran, tukang njaga asmané Gusti Allah, aja nganti disawiyah déning wong kapir.

Kutbahé mas ketib mau déning Iskak dilebokaké ati temenan. Sajaké dhèwèké kebuka atiné. Iskak kepéngin dadi Prajuriting Pangéran, mbélani agamané, niru tindaké para sakabat-sakabat dhèk jaman biyèn.

Iya warta iki sing arep ditekakaké marang ngarsané Kyai Idris. Dhèwèké arep nyuwun pamit karo nyuwun pangèstu marang Kyai. Mulané anggoné mlaku kesusu, daya-daya énggal tekan ngomah.

Lakuné wis tekan ngarep pamulangan S.G.L. Dadi ngidul setitik, banjur ménggok ngiwa, wis tekan désané, désa Kuningan, iya panggonané pesantrèn kuwi.

Tanpa kajarag, Iskak ndeleng mengulon, tumenga mendhuwur. Srengéngéné wis mèh angslup. Katon alon banget. Sajak ketara abot arep ninggal bumi. Ketara durung taneg anggoné ndeleng kaéndahaning jagat saisiné kabèh. Katon anggoné owel.

Apa Iskak uga bakal owel ninggal papan padunungané? Apa Iskak krasa abot ninggal Kyai, kaya-déné pengrasané srengéngé abot arep pepisahan karo bumi? Sawah ing kiwané dalan kapinujon kebak pari.

[ 42 ]

42

Javanese Literature since Independence


Gagangé tumiyung, sajak kabotan isi, kena siliring angin kresak-kresek kaya tangising kenya mingseg-mingseg marga tininggal déning jaka kekasihé ...

Apa Mujayanah mengko uga bakal mingseg-mingseg, nangis ngaruhara yèn dipamiti?

Kabèh mau tansah dadi gagasané Iskak. Nanging bareng kèlingan tembungé mas ketib: 'Ya saiki iki, mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktèkaké marang donya yèn umaté Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur anèng mesjid karo dhikir ngitungi tasbèh baé,' dhèwèké tetep arep ngugemi andhemaning atiné: arep mlebu Barisan Hizbu'llah. Arep njaga kasuciané agamané sarta kahurmataning tanah wutah getihé.

Lakuné disengkakaké. Arep nyuwun pamit ...

Soebagijo I. N.
(in: Pandji Pustaka no. 6, March 1945).