Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

40

Javanese Literature since Independence

Yèn ngélingi anggoné bakal dadi pengantèn, Iskak gojag-gajeg arep medharaké isining atiné marang Kyai Idris. Apa sakira rila yèn dhèwèké lunga saka kono, ninggal pesantrèn, prelu...

Iskak isih kèlingan cetha apa sing dikutbahaké déning mas ketib anèng mesjid mau. Tetembungané mas ketib sing cetha wéla-wéla, ngégla, tansah cumithak ana ing angen-angen. Wong anggoné ngrungokaké Iskak ya nganti njinggleng temenan. Dhèwèké rumangsa begja banget Jumuwahan ing mesjid mau

Sarampungé urusané ana kantor Si, ndadak wis awan. Upama terus mulih, wis mesthi kasèpé yèn arep sembahyang Jumuwah. Hya wis Jumuwahan nèng kutha baé. Ngono pamikiré.

Kutbahé mas ketib iki mau gegayutan karo anané Barisan Hizbu'llah kuwi. Kanti gamblang dicethak-cethakaké, apa ta gunané Barisan Hizbu'llah kuwi, lan kepriyé carané sarta sapa sing bisa ketampa mlebu dadi warganing Barisan Prajuriting Pangéran mau. Tumrap para nomnoman Muslimin, sing ginadhuhan kekuwatan cukup utawa bisa nyukupi sarat-saraté wong dadi prajurit, diprayogakaké nyathetaké jenengé marang bebadan kang kapatah ngurus bab iki.

Mas ketib dhawuh, iya ing wektu saiki kuwi mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktèkaké marang donya yèn umaté Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur anèng mesjid karo dhikir ngétungi tasbèh baé, nanging yèn ana kapreluan sing mbutuhaké awaké, ora ming awaké baé, dalasan jiwané pisan, uga ora éman nyorohaké.

Mas ketib banjur nyebut-nyebut asmané para satriya Islam dhèk jamané Kangjeng Nabi biyèn. Ana Anas bin Nadir, ana Sa'ad bin Mu'az lan liya-liyané manèh. Malah ingkang paman Kangjeng RasuI, Sayidina Hamzah, kuwi uga prajurit peng-pengan jaré. Yèn wong Jawa ngarani Sayidina Hamzah mau, Radèn Amir Ambyah, apa Radèn Jayèng Palugon, apa Wong Agung Ménak.

Para sakabat-sakabat dalah pandhèrèké Kangjeng Nabi mau kanthi gumolonging ati lan rila legawa padha ngurbanaké jiwa raga, bandha donya branané pisan kanggo kapreluané agamaning Pangéran, kanggo ngluhuraké agama dalem Gusti Allah.

Dhèk jaman semana mungsuhé Islam para wong kapir saka golongan Kurès lan wong-wong sing musyrik. Kabèh mau padha arep ngalang-alangi rancaging lakuné agama Islam. Padha ngudi amrih agamané Pangéran mau cures, ilang saka bumi kéné. Wong-wong Muslimin tansah dikuya-kuya, dingèl-ngèl anggoné arep nindakaké paréntahing agamané. Mula, cobaning Pangéran marang umaté Nabi Muhammad