Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
3
NYUWUN PAMIT KYAI


Lakuné disengkakaké, daya-daya énggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektuné wis mburu, liré sedhéla engkas wis mèh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakaké marang Kyai. Warta iki yektiné dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dhèwèké krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming baé, dhèk semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhé Kyai Idris marang para murid-muridé: 'Anu lo, lé, ing samengko Pamaréntah wus ngidinaké marang aku kabèh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenengé "Hizbu'llah", tegesé "Prajuriting Pangéran" ...' Dhek semana Iskak ya mèlu ngrungokaké. Wong dhèwèké kapinujon ana kono. Ming baé nalika kuwi dhèwèké durung ngreti temenan, apa preluné lan apa paédahé Barisan Hizbu'llah kuwi. Mula bareng Kyai Idris ndangu, sapa ing antarané para santriné sing kepéngin ngleboni Barisan Hizbu'llah, dhèwèké ora ngacungaké utawa ora mangsuli.

Lha iki mau dhèwèké mentas Jumuwahan saka mesjid. Adat sabené yén sembahyang Jumuwah ya nèng langgaré Kyai Idris kono, bebarengan karo santri pirang-pirang, kancané nunggal sapasuwitan. Mung baé iki mau diutus Kyai menyang kutha, tetuku bab kapreluané pesantrèn kono karo ana urusan uga sing gegayutan karo kantor Si babagan Sumuka (agama).

Mula dhèwèké sing kapiji déning Kyai dadi duta, kuwi kejaba Iskak pancèn bocah sing mrojol dhéwé mungguh ing kapinteran sarta kalantipané ing antarané para santri-santriné Kyai Idris, dhèwèké kuwi uga kena diarani sing pinter sesrawungan dhéwé. Nyang sapa-sapa bisa ngladèni. Pinter momong atiné liyan. Wataké tatag teteg. Nyang panggedhé ora kidhang ora kidhung, nanging isih netepi tata-kramané.

Iya merga saka wataké kang kaya mengkono mau, Kyai Idris dalah kanca-kancané padha asih marang dhèwèké. Malah-malah, saka kepénginé Kyai Idris nuduhaké sihé, Iskak katari, apa sekira gelem dadi kakangé Mujayanah, putrané Kyai Idris sing wuragil. Iskak sumanggem. Lha banjur kelakon Iskak bakal dadi putra mantuné Kyai. Kyai saya wuwuh tresnané.