Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/53

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Nyuwun Pamit Kyai

41


ora uwis-uwis. Ora biyèn ora saiki! Tansah ana baé. Ora lèrèn-Ièrèn. Mula wong Islam didadar temenan déning Gusti.

Yèn dhèk biyèn wong Islam ngadhepaké kaum Kurès lan golongané wong sing padha musyrik, ing samengko, iya jaman saiki iki, kaum Muslimin ayun-ayunan karo bangsa Amérika lan Inggris dalah sakancuhané pisan.

Yèn disatitèkaké temenan, tindaké negara loro mau ana ing Asia panggonan kita nglakoni ngibadah iki, presasat ngepleki tindaké kaum sing arep ngalang-alangi ajuning agamané Pangéran dhèk jaman Jahiliyah biyèn.

Karepé Amérika lan Inggris kuwi, arep dadi bendarané wong-wong Asia kéné. Sawisé kuwi, uga arep gawé ilangé agama kaprecayané wongwong kéné kabèh. Mestiné ya ora terang-terangan. Saka setitik, sarana tindak sing alus, sing remit banget.

Pametuning bumi, bandhaning buwana Asia, arep diusung, digawa mulih menyang negarané dhéwé kana. Kekuwataning rokhaniné bangsa Asia uga arep dipeper.

Dadi wosé baé, wong-wong Asia kuwi njaba njero, lahir batiné arep digawé mati. Mati sajroning urip kaé.

Wah, isih akèh manèh kutbahé mas ketib. Déné minangka panutuping kandha, mas ketib mrayogakaké supaya para nom-noman Muslimin padha bebarengan ngayati pagawéan iki, nyatetaké jenengé kanggo barisan Hizbu'llah, dadi Prajuriting Pangéran, tukang njaga asmané Gusti Allah, aja nganti disawiyah déning wong kapir.

Kutbahé mas ketib mau déning Iskak dilebokaké ati temenan. Sajaké dhèwèké kebuka atiné. Iskak kepéngin dadi Prajuriting Pangéran, mbélani agamané, niru tindaké para sakabat-sakabat dhèk jaman biyèn.

Iya warta iki sing arep ditekakaké marang ngarsané Kyai Idris. Dhèwèké arep nyuwun pamit karo nyuwun pangèstu marang Kyai. Mulané anggoné mlaku kesusu, daya-daya énggal tekan ngomah.

Lakuné wis tekan ngarep pamulangan S.G.L. Dadi ngidul setitik, banjur ménggok ngiwa, wis tekan désané, désa Kuningan, iya panggonané pesantrèn kuwi.

Tanpa kajarag, Iskak ndeleng mengulon, tumenga mendhuwur. Srengéngéné wis mèh angslup. Katon alon banget. Sajak ketara abot arep ninggal bumi. Ketara durung taneg anggoné ndeleng kaéndahaning jagat saisiné kabèh. Katon anggoné owel.

Apa Iskak uga bakal owel ninggal papan padunungané? Apa Iskak krasa abot ninggal Kyai, kaya-déné pengrasané srengéngé abot arep pepisahan karo bumi? Sawah ing kiwané dalan kapinujon kebak pari.