Kenapa Aku Kudu Melu Kowe

Saka Wikisumber
Kidung Megatruh

[ 87 ]KENAPA AKU KUDU MELU KOWE

Suryani Yulianti

Dina sepisanan aku mlebu sekolah, sawise preinan sasuwene rong minggu. Atiku seneng amarga bisa munggah kelas KII. Ning, uga ana rasa getun jalaran aku ora sakelas karo maneh kanca-kanca akrabku. Aku banjur lungguh neng bangku larik nomer telu saka ngarep.

Kurang luwih wis telung dina aku neng kelas NII bareng kanca- kanca anyarku lan uga wis rumangsa seneng lan cocok karo kelas iki. Dina Seneniku, ora biyasane Bapak Kepala Sekolah mlebu kelasku.

“Murid-murid kabeh, saiki kowe bakal padha entuk kanca anyar. Iki Ana murid anyar pindahan seka Jawa Barat.” Ngendikane bapak Kepala Sekolah. Bapak Kepala Sekolah banjur ngawe bocah kang ana neng njaba kelas. Ora letsuweana cah wadon ayu rambute dawa lurus lan awakke kang, lencir mlebu kelasku banjur ngadeg neng jejere Bapak Kepala Sekolah,

“Sugeng enjing rencang-rencang sedaya, nami kula Mayang Novita Putri, saged dipun celuk Mayang kemawon. Kula pindhahan saking Jawa Barat, nanging saged basa Jawi. Mugi-mugi kanca-kanca remen kekancan kaliyan kula.”

Bocah wadon iku banjur lungguh neng sisih tengenku. Aku meh wae orang kedhep nyawang praupane kang ayu banget. Bel ngaso muni, nanging aku ora metu saka kelas. Saka rumangsaku ana uwong kang mara nyedhak sandhingku. Lamat-lamat keprungu suwara uwong nyebut jeneng.

“Mayang.” Celathu menyang Mayang nganggo basa kang alus banget sinambi ngulungake tangan arep kenalan, “Wulan.” Wangsulanku karo mbales nyekel tangane Mayang.

“Yang, kowe pindahan saka Jawa Barat nanging kowe kok bisa lanyah banget ngomong nganggo basa Jawa?” “Hahaha..... lah iya ta, wong aku lair neng Jogja. Sanajan kerep pindhah-pindhah omah amarga bapakku kerep ditugaske neng luar kota, aku tetep wae migunakake basa Jawa. Saiki Bapakku malah neng Singapura, dadi aku ndherek simbah. Simbahku asring ngendikani aku supaya ora ngglalekake kabudayan Jawa,” wangsulane Mayang grapyak. [ 88 ]“Halah..... memper wae kowe pinter.”

Aku karo Mayang banjur omong-omong ngalor ngidul, ora krasa sawise sawetara dina kekancanan, aku dadi cedhak karo dheweke. Kanggoku, dheweke bisa dadi kanca kang apik lan uga duwe pemikiran dewasa. Dhewekebisa gawe tentreming atiku nalika nandang prakara.

Mayang iku bocah wadon kang ora mung ayu nanging uga pinter. Buktine dheweke gampang srawung neng kelas iki. Kabeh pelajaran bisa dimangerteni kanthi cepet. Nanging aku bingung, ngapa dheweke ora gelem cedhak karo kanca-kancaliyane, saliyane karo aku.

“Yang, kowe ngapa tho kok sajakke ora gelem cedhak karo kanca- kanca liyane?” takonku ngati-ati. “Hah ..... o..... ora ngana, aku ki rak ya murid anyar, dadi aku wegah nek dikira SKSD. Eh aku neng kolah ndhisik ya?” wangsulane cepet-cepet.

Aku nangkep ana sing didhelikake saka Mayang. Ngapa dheweke ora gelem kekancan karo bocah liya. Ngapa dheweke geleme mung cedhak karo aku? Pitakonan kabeh kuwi mubeng-mubeng neng utekku.

Sawijining dina, aku lunga karo ibuku menyang Malioboro Mal. Dumadakan wae mripatku kaya nyawang bocah kang tau dak kenal. Bocah kuwiayu rambute dawa lurus.

“Mayang?” gunemku lirih. “Sapa, Pit?” Ibu ndangu aku.

“Sanes sinten-sinten kok, Bu?” wangsulanku karo nyingidake rasa kaget.Jroning pikiranku isih kumlebat pitakonan sapa sejatine bocah wadon iku. Aku percaya tenan menawa bocah kuwi Mayang. Nanging yen kuwi pancen bener Mayang, kok gandengan karo wong lanang sing umur- umurane luwih tuwa, kepara kacek adoh saka dheweke. Dadi bisa digolongakeom-om. Maneka warna pikiran sing ora-ora ngebaki utekku.

“Apa gek.... gek .... Mayang......? Hah ora mungkin! Grenengku lirih tanpa sadar aku ngomong dhewe. “Pit, kowe ngomong karo sapa ta? Kok kawit mau sajake katon bingung?”“ Boten wonten menapa-menapa kok Bu. Ibu sampun menapa dereng anggenipun blanja? “Uwis kok, Ndhuk. Ayondang bali sajake kowe kesel tenan.””Inggih Bu, kula dherekaken.”

Esuk kuwi aku menyang sekolah kanthi. Atiku bingung, deg- degan amarga Mayang wis lungguh neng jejerku. Jroning ati tansah perang batin, nanging Mayang kudu tetep daktakoni. Timbangane pikiranku ora [ 89 ]jenjem.

“Yang, apa kowe wingi lunga neng Malioboro Mal?” takonku ati- ati.Mayang katon kaget krungu pitakonanku. Dheweke banjur ambegan landung lan miwiti omong.

“Iya, aku wingi pancen neng Mal.”

Jleg... dadaku banjur sesek krungu omongane Mayang mau. Tegese bener, bocah wadon kang dakdelok wingi pancen dheweke. Nanging karo sapa? Bapake? Ora mungkin. Mayang wingi ngomong menawa bapake meng Singapura.

“Aku ngerti apa kang ana neng pikiranmu, kowe mesthi ngira aku "kupu-kupu malam, ta?”

“Nanging pikiranku kleru ta, Yang?”

“Koweora kleru Pit, apa kangana ing pikiranmu sanyatane.”

Aku meneng lan ora bisa ngomong apa-apa maneh. Pikiranku buyar, dadaku sesek, aku ora nyangka Mayang kang dak kenal, pranyata ora luwih kaya kang diomongke uwong-uwong, “kupu-kupu malam”.

“Nanging ngapa kowe kaya mangkono, Yang? Yen ndelok materi, dak kira kowe bocah kang kacukupan. Kowe ayu, pinter lan aku yakin akeh cah lanang kang tresna lan ngoyak-oyak kowe!”

“Kawigaten lan pergaulan.” Swasana temen-temen sepi nyenyet, banjur dheweke ngomong maneh.“Aku pancen nduweni kabeh kang kokomongke mau, nanging aku ora entuk kawigaten saka bapak lan ibuku. Panjenengane sibuk marang pegawean, nganti lali karo anakke dhewe. Banjur pergaulan neng Bandung, kowe ngerti piye kahanan Bandung ta, Pit? Wiwitane aku uga wegah nindakake kabeh iki, nanging suwe-suwe aku mikir.

Aku wegah narima dhuwit saka wong tuwaku maneh. Aku pengin nuduhake marang wong tuwaku yen aku bisa urip tanpa pambiyantune. Aku wegah ngathungke tangan terus.” omongane Mayang tandhes. Aku ora ngerti dalan pikirane Mayang. Dina iku udan, langite pateng, wit-witane katon seger kesiram banyu udan. Sajakealam ngerti kahananing atiku.

Dina kalawan sasi lumaku cepet. Ora krasa ujian ming kari ngetung dina. Saliyane kudu sinau kanthi tenanan, aku uga kudu ngrampungake administrasi sekolah. Mau bengi wis dakaturke ibu, nanging ibu ngendika durung kagungan dhuwit. Aku bingung, amarga yen durung mbayar, tetep ora bisa nampa kertu ujian. [ 90 ]Aku lungguh dhewekan neng taman sekolah.

“Pit, ana apa?” pitakonane Mayang. Swarane Mayang mbuyarke pangangen-angenku. Sanajan wis ngerti sapa sejatine Mayang, nanging aku tetep isih kekancan karo Mayang. Iki kang daksenengi saka Mayang. Dhewekebisa maca pikiran menawa atiku lagi ora tentrem.

“Ora ana apa-apa kok, Yang.”

“Orasah ngapusi. Kawit mau daksawang kowe katon bingung. Crita wae ora papa!” Aku meneng sedhela, awan kuwi langit katon endah. Hawane pas, ora panas nanging uga ora adhem. Mbaka sethithik dakwiwiti blaka..

“Yang, aku bingung... ujian wis arep diwiwiti. Nanging nganti saiki aku durung nampa kertu ujian amarga durung mbayar SPP.” Mayang meneng sawetara, banjur ngomong maneh kang gaweatiku kaget.

“I have a good idea! Aku duwe ide kang bisa nulung kowe!” omong Mayang karo ngguya-ngguyu.” Apa?” “Mm... Aku duwe kenalan wong- wong sugih. Sapa ngerti bisa nulungi kowe?” ngomonge kanthi semangat.

“Hah... Maksudmu aku dadi 'kupu-kupu malam' kaya kowe?” wangsulanku kaget. “Yeah... Paling-paling kowe mung dikon ngancani mlaku-mlaku. Kan lumayan duwite bisa kanggo bayar SPP. Kuwi rak niyatan kang apik. Ora ana klerune ta, Piye? Omongane Mayang mau banget nggawe aku kaget setengah mati, kaya anjlog saka gedung kang dhuwure 1000 meter.

“Yang, kokpikir aku bocah wadon kaya apa? Dakkandhani ya, sanajan aku cedhak lan kekancan apik karo kowe, nanging ora kudu aku dadi kaya kowe.” wangsulanku kanthi emosi. “Lha, kowe mung ngancani mlaku-mlaku, ora nganthi tumindak ala kaya mangkono. Lan maneh rak ya lumayan, mengko kowe bisa tuku klambi, nyalon, tuku sepatu. Ora mbayar!”

“Tetep ora. Aku iki wong Ngayogyakarta kang isih njaga adat ketimuran. Sanajan wong ora duwe, nanging aku tetep njaga ajining dhiri. Yen kepepet kudu kerja, dakupayakke golek gawean kang halal. Dudu kuwi sing dakbutuhke, aku arep nyuwun keringanan marang Pak Kepala Sekolah supaya bisa melu ujian. Ora daknyana kowe bisa ngomong mangkono. Pranyata kowe ora beda karo bocah wadon kang ora bener, kang senenge [ 91 ]lelungan karo om-om.” omongku tandhes.

Aku ora sadar karo apa kang dakomongke marang Mayang, nanging saka pangiraku Mayang nesu banget, kepara tangan tengene meh ngampleng aku. Ning, age-age tangane ditarik. Aku banjur nglungani dheweke karo mlayu. Lamat-lamat keprungu suwarane Mayang ngundang aku.

Nanging aku tetep mlayu. Aku ora kuat maneh, atiku kagol banget. Dakakoni pancen kleru, ning apa kudu nganggo ngampleng aku. Ah, Mayangaku ngerti maksudmu kuwi apik, mung kurang pener. Aku ora bisa nampa pitulungan kang kaya mangkono.

Ujian wis rampung, Bapak Kepala Sekolah ngidini aku melu ujian sanajan durung mbayar SPP. Wis rong minggu aku ora dolan karo Mayang. Sawise kadadeyan iku, aku rada nesu dadi ngadoh saka sheweke. Atiku lara banget. Nanging aku ngrumangsani menawa egois, ora gelem ngapurani dheweke.

Awan kuwi nalika para siswa wis padha bali, aku banjur nggoleki Mayang. Wis dakgoleki neng kelas, kolah, ruang guru, kantin, munggah mudhun, takon kana kene, nanging ora ketemu dheweke. Saka kadohan katon Mayang lungguh dhewe. Aku mlaku menyang taman saka sisih kiwa. “Yang...!” omongku karo ngelus pundakke. “Wulan...?” wangsulane rada kaget. Aku nyawang mripate Mayang abang kaya bubar nangis, praupane katon lemes, nanging tetep katon ayu. Dhasare wong ayu, batinku.

“Yang, aku arep njaluk ngapura karo kowe.” omongku lirih. “Ngapura kanggo apa? Kudune aku kang njaluk ngapura karo kowe, aku arep wae ngampleng kowe.” “Lha kuwi, Yang. Yen aku ora ngomong kaya mangkono, kowe mesthi uga ora nesu lan ora bakal nganthi arep ngampleng aku. Kowe gelem ngapurani aku Yang?” omongku tenanan.

“Pit, kuduneakusing njaluk ngapura.”

“Padha-padha, Yang. Aku uga kleru marang kowe.”

Mayang banjur ngrangkul aku lan dheweke nangis sadadi- dadine. “Pit, aku ora bisa yen kowe ngadohi aku. Kowe kanca cedhakku. Lan aku ora ala kaya kang ana neng pikiranmu. Aku mung ngancani mlaku- mluku karo wong-wong kae, aku......” omonge Mayang maneh. Durung rampung Mayang ngomong, banjur daksela. [ 92 ]“Ssssttt... Sing wis ya wis, aku percaya marang kowe!” Mayang lungguh, banjur ndelokake aku kaya arep ngomong.

“Pit, mau bengi aku wis crita kabeh marang ibuku. Ibu kaget, nanging uga maklum. Ibu uga ngrasa kleru. Bapak lan ibu janji bakal maringi kawigaten luwih karo aku lan ora kerep neng luar negeri maneh. Panjenengane emut yen kurang maringi kawigaten. Aku seneng tenan bisa asring ketemu bapak lan ibu. Tur maneh aku saiki ora perlu mlaku-mlaku karoom-om maneh. Hahahaha.....” omonge Mayang dawa.

Sepisan maneh aku krungu gumuyune Mayang. Rasane wis suwe banget ora keprungu gumuyune kang renyah iku.

“Wahapik kuwi Yang, aku melu seneng!” wangsulanku.

“Pit, aku akeh crita kowe marang ibu. Ibu ngekon kowe dolan neng omahku.” “Iya gampang, bisa diatur kuwi.” wangsulanku karo ngedhepke mripat. Wusanane, Mayang bisa dadi bocah kang saklumrahe maneh lan aku bisanjupuk akeh pelajaran saka Mayang.

Suryani Yulianti, siswa SMAN 10,

JalanGadean5 Ngupasan, Yogyakarta.

Telepon (0274) 562458.

Lair11 Juli 1990. Alamat omah, Jalan Ngasem no.38, Yogyakarta. Telepon 085643807452.

Hobi: jalan-jalan, ngrungokke music, nge-net.