Kaca:Kidung Megatruh.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

lelungan karo om-om.” omongku tandhes.

Aku ora sadar karo apa kang dakomongke marang Mayang, nanging saka pangiraku Mayang nesu banget, kepara tangan tengene meh ngampleng aku. Ning, age-age tangane ditarik. Aku banjur nglungani dheweke karo mlayu. Lamat-lamat keprungu suwarane Mayang ngundang aku.

Nanging aku tetep mlayu. Aku ora kuat maneh, atiku kagol banget. Dakakoni pancen kleru, ning apa kudu nganggo ngampleng aku. Ah, Mayangaku ngerti maksudmu kuwi apik, mung kurang pener. Aku ora bisa nampa pitulungan kang kaya mangkono.

Ujian wis rampung, Bapak Kepala Sekolah ngidini aku melu ujian sanajan durung mbayar SPP. Wis rong minggu aku ora dolan karo Mayang. Sawise kadadeyan iku, aku rada nesu dadi ngadoh saka sheweke. Atiku lara banget. Nanging aku ngrumangsani menawa egois, ora gelem ngapurani dheweke.

Awan kuwi nalika para siswa wis padha bali, aku banjur nggoleki Mayang. Wis dakgoleki neng kelas, kolah, ruang guru, kantin, munggah mudhun, takon kana kene, nanging ora ketemu dheweke. Saka kadohan katon Mayang lungguh dhewe. Aku mlaku menyang taman saka sisih kiwa. “Yang...!” omongku karo ngelus pundakke. “Wulan...?” wangsulane rada kaget. Aku nyawang mripate Mayang abang kaya bubar nangis, praupane katon lemes, nanging tetep katon ayu. Dhasare wong ayu, batinku.

“Yang, aku arep njaluk ngapura karo kowe.” omongku lirih. “Ngapura kanggo apa? Kudune aku kang njaluk ngapura karo kowe, aku arep wae ngampleng kowe.” “Lha kuwi, Yang. Yen aku ora ngomong kaya mangkono, kowe mesthi uga ora nesu lan ora bakal nganthi arep ngampleng aku. Kowe gelem ngapurani aku Yang?” omongku tenanan.

“Pit, kuduneakusing njaluk ngapura.”

“Padha-padha, Yang. Aku uga kleru marang kowe.”

Mayang banjur ngrangkul aku lan dheweke nangis sadadi- dadine. “Pit, aku ora bisa yen kowe ngadohi aku. Kowe kanca cedhakku. Lan aku ora ala kaya kang ana neng pikiranmu. Aku mung ngancani mlaku- mluku karo wong-wong kae, aku......” omonge Mayang maneh. Durung rampung Mayang ngomong, banjur daksela.